Anggitane: Nur Holipah
(Minggu, 05 Januari 2020 15:08 WIB)
(Anang Ajin) Wurung Warang
Sakat sorene maning, cangkemisun kaya katon nyang jangan kelor, gerang teri diuled ambi sambel ucek. Pantese enak seger madhange tengah dina, bangete elom. Jangan kelore ana irisan bawang abange, ana bongkote sere digebuk. Gerang terine digoreng garing, kemerupuk sing kaples. Sambel, matane loboke magih mendelik-mendelik. Hmm.
Selimut sun ered sun watesaken gulu. Capahisun wis kerasa njelu. Awakisun kerasa sing enak. Awak gemigil, kadhemen. Wetheng munjuk-munjuk. Nubengi bolak-balik nyang cedhing ana ping lima, mutah-mutah. Matanisun kaya bureng selisih. Mulane seja serungkuban linet sampe isuk iki, makene gelis keringeten. Gelis aron.
Emak ngintep nyang kamar. Bathukisun dicemak, rada anget. Tangane emak rada mambu kelor, pantese bain mari meruti kelor.
“Dipijeti?” takone. Isun aras-arasen semaur. Mung thingel bain, rada nggerundheng muni using. Mujur ngadhep ngidul, sing kathik nulih emak hang lungguh ring pinggire kasur.
“Gerusen wis sambele Beng...” abane emak nyang adhik nung pawon. Hang dijak ngomong, muni enggih.
Sun candhak hapenisun, ndileng jam. “Siyos nyang Anang, Mak?”
“Ya paca, Sira ngelu digi. Mane engko ambi adhinira bain wis," ucape emak, ambi ngered selambu terus ngengek cendhela kamar.
Soren bengi, ketemu Mak Tik ambi Pak Dik ring warung jamune Ustadz Jadid kala ngarepaken isya’. Isun ambi adhik goncengan ape metu golet kadhowan kanggone isun kundangan.
“Ajeng teng pundi Pak Dik?” Takone adhik ambi mbuka kacane helm. Mesine sepidhah sun pateni. Teka njaba warung, katon Ustadz Jadid magih ngelayani jamu. Mak Tik nuntun Lanun, putune. Arane Maulana, celukane Lana. Sangking bain dipeligukaen arane dadi Lanun.
“Umahe Anange. Lara. Sikile abuh jare...” Semaure Pak Dik. Isun hang nung ngarep tulih-tulihan ambi adhik. Bisa bain isun lan adhik duwe pikiran hang padha. Anang lara? Tapi ning umah, emak sing ubret ngejak ngidul nginguk? Apa tah emak wis weruh, sangking sing ngomong? Iku hang ring pikiranisun.
“Sakat engkapan Pak Dik?” Isun nakoni.
“Rong dina wis. Cak Ali mari tilpun Mak Tik...” Isun manthuk-manthuk. Acake engko nak nakoni emak bain.
***
Sing kerasa belanja gedigu bain marai kempes dompet. Keresek belanjaan sun dhunaken teka bantolane sepidhah. Dicangking adhik digawa melebu umah. Kothakan isi martabak magih kebul-kebul gage digotong adhikisun hang SD, digawa melebu lan diselehaken nyang karpet. Apak emak ring ngarepe tipi. Mari njaglang sepidhah, sun coplok helm. Serang sing serantan, emak gage hun udani macem-macem pitakonan.
Emak durung semaur. Magih mangan martabak ambi ngelethusi lobok lan acare. “Kecaruk Pak Dik ambi Mak Tik mau tuku jamu. Ape ngidul jare.” Abane adhik nambahi, ambi nguthak kudhunge.
“Kadheman ta Apak?” Apak balik nakoni emak.
“Jare sikile abuh Mak? Mari tiba tah? Ndane sing bisa melaku, Anange?” Takonisun. Pating takon-balik takon.
“Anangira mula gedigu...”
***
Mari sarapan sega anget jangan kelor, dipopok teri lan sambel, awakisun kerasa enak maningan wis nguntal obat pisan. Emak wis mari nyang sawah ngeteri apak. Wis mari ngarit lan ngerijigi gedhogane sapi. Kira-kira jam sepuluhan melaku ngidul nyang Badhes ambi isun.
Iki njujug nyang umahe Adon Harisah sulung.
“Emaak.. Emaaak.. Mati wis... Angger warang, nggegupuh hang seger anangira iku Beng! Adon Iyah sing kaget wis.” Abane Adon Harisah. Isun lungguh ring pelanca, ngisore wit anggur disuguhi migoreng. Migoreng iku hongkonge wong Badhes.
“Maning, Anangira iku kadhung sing diinguk ring dulure, cangkeme ngomong!” Adon Harisah nutugaken.
“Ngomong kepundi Don?” takonisun.
“Ya ngomong ambi nderini digu ika. Kaya ana lare cilik koh, nempuhi tuku memengan. Maning celuk-celuk hang wis hing ana. Buyute, embahe diceluk...”
“Darani apus emake iki?” Abane emak kaya nemokaken. Merga isun sing nggugu nyang cerita-ceritane emak.
Lara iku hang mathang-mathang sing njegog teka peturon. Nguyuh ngising ring peturon sing kathikan njelawat. Karepe Anang, gok warang iki tunggunana. Karepe sambangen, werta-a kabar. Aja ditinggal dhewekan. Setemene Anang iki mung warang bain, kadheman.
“Kou adone onclang-onclang teka wetan.” Abane emak.
“E iya koh. Teka cincingan sarunge katingal gok niku Adon,” ucapisun.
“Ngetana wis. Katon nyang Sira anange iku...” ucape Adon Harisah.
“Atine emak ambi anak iku nyaut mula...” ujare Adon Iyah ambi mbecikaken gelungan rambute hang kaya mamonce. Isun terus salim.
“Anang terose warang Don?”
“Ya nana wis. Natal kayu, ape nggawe kedhuk kidule umah.”
“Kou percaya wis?” Emakisun maning-maning kaya nemokaken.
“Lujeng Mak?” Emak terus salim nyang Adon.
Durung mingkem ulihe nggesahaken Anang, dheweke njumbul teka kidul. Lompongan umahe Wek Padal. Nganggo seruwal cekak, tasmake kaya-kaya nak ucul, nggathil ring pucuk bacote. Melakune rada diered polae mula katon abuh, taping wis kemples.
“Anang terose warang?” Abanisun kaju.
“Wurung, wis disambang putune digi...” abane, terus lungguh ring sandhingisun ambi ngelungaken tangan tengene, nyalimi isun.#
*Ditulis sakmulihe teka Badhes, 25 Maret 2018. Mugi-mugi Anang Ajin seger waras terus.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Cerita Cendhek tau diuwot ana ring Tabloid Banyuwangi Bisnis edisi 368 Tahun ke 8/9-15 April 2018
Editor: Antariksawan Jusuf