Anggitane: Moh. Syaiful
(Minggu, 26 November 2023 12:21 WIB)

Belaburan


Udan magih nggecek bain durung ana sudane. Lurung nuju nyang tegalan magih kembung banyu. Juglangan lurung makadham paran maning, sing luput teka kembunge banyu udan. Uwangan pinggir sawah  ana ring iringane lurung banyune munggah, sithik engkas bain nututi nyang lurung.

“Ana pantese, suwengi jampleng udane sing mandheg," pikirisun. Sakat marek sembayang Isak udane mangkat teka, sing kari gedhe naming nana mandhege.  Nggarai nggawe aras-arasen wong metu. Kampung Satriyan sakkalan cumpleng. Kabeh wong kampung padha ndhekem ana njero umah. Untunge kampung cilik iki diliwati dalan gedhe, magih ana seliwerane montor gedhe. Sepidhah udhud kala-kala nerabas udan gerigis.

“Kang Man! Tangiya! Wis meh bedhug iki..!” suwarane Mak Ekah nggugah hang lanang teka pawonan. Masiya adoh teka hang lanang mapan turu naming suwarane anter liwat lawangan hang sing dikancing peturonane.

“Endane sing ndeleng jam, iki mung katone thok magih isuk merga serngenge ditingguli mendhung putih,” Mbok Ekah ambi nyegokaken kayu nong geni bengahan nggerundeng.

“Udan iki ya, kari sing ana dheme, sakat uni bengi,” suwarane Kang Usman ambi kemul-kemul sarung nututi hang wadon nyang pawonan.

“Iku kopine ombenen selak adhem, mari gediku gancang beruwata nyang kebonan pinggir banyu. Tegoren gedhang saba hang wis tuwek-tuwek selak diantem belabur!” perintahe hang wadon kaya juragan.

“Ya.. sulung nak ngombe kopi,” saure Kang Usman entheng ambi ngetokaken hapene teka selorogan meja. Ceklik-ceklik Usman gingser-gingser hapene iku. Katone iyane ndeleng siyaran tundha bal-balan Timnas uni bengi.

“Kau enak gediku," Mbok Ekah ngengetaken hang lanang.”

“Sulungtah, uni bengi Isun keturon sing weruh tutuge bal-balan iki. Ndeleng maning sulung nong youtube kari mung 15 menit bain ya..!” Kang Usman nyauri ambi mededeng-mededeng ngerasakaken tembung hang melayu merana-melayu merene ana ring njero hapene.

“Kau..kau..! endane kelebon maning. Kau..kau… Dhik, dhik.. Hang edheng-hang edheng . Byalaak, gol wis,” suwarane Kang Usman ngomong dhewek ana ring ngarepe hapene.

“Kang Man, gancangana selak belaburan munggah nang dhuwure perengan!” Mbok Ekah ngengetaken hang lanang.

“Sulung, makene mandheg udane aju berangkat Isun,” Kang Usman nyauri.

“Kadhung nganteni engko selak belabure munggah, wurung adol gedhang saba nyang Mak Itah,” bantahe Mak Ekah nyang hang lanang.

“Iya..!” saure Kang Usman edheng ambi ngombe kopi pungkasan hang kari gedhohe.

Usman magih durung ngadeg teka lungguhe ana ring korsi penjalin pinggir pawonan. Matane magih pendelikan nyang hapene, kala-kala ngintep menjaba nganteni udane mandheg. Mbok Ekah wis sing serantan kudu-kudu nak njuput hapene hang lanang makene iyane gancang melaku nyang kebonan.

“Kang Man..!” setengah nggemprak, Mbok Ekah nganteraken suwarane maning.

“Gancang melakuwa..!” suwarane Mbok Ekah nganter-nganteraken kaya nak ngendhegaken udan hang ana ring njaba. Iyane kepikiran nyang gedhang saba hang ana ring kebonan pinggir banyu. Kuwatir kadhung sing selak ditegor bisa diered banyu ngetanaken keli, merga wite nggathil ana ring pucuke perengan.

Mbok Ekah uga wis kadhung semaya nyang Mak Itah arep dodol gedhang saba hang tuwek. Sakat bengen lawas anggere Mak Itah hang duwe warung cilik kidul umahisun dodolan gedhang goreng. Wis kesuwur gedhang gorenge Mak Itah mesthi wenak merga gedhange ulih kulak gedhang pilihan. Nyang Mak Ekah iyane tuku gedhang-gedhang saba hang tuwek.

“Kang..! Kau udane wis dhem gancanga!” Mbok Ekah sing serantan maning ngadeg ana ring ngarepe Kang Usman ambi nyandhak hape hang sakat mau dipendeliki wong lanange.

Kang Usman kaget, matane aju agage ngintep latar njaba

“Eh.. iya Kah. Wis mandheg udane, wis terang langite.” Usman kaya wong hang kepilis. Usman gancang ngadeg aju nyangking arit hang wis semandhing sakat mau ana ring meja ngarepe pelungguhane. Mbok Ekah rada lega atine ndeleng hang lanang mangkat metu ngeliwati lurung aju nuju selompongan cilik nyang kebonan pinggir banyu.

“Kang Usman.. Arep nyang endi udan-udan?” takone wong wadon pinggir selompongan dalan.

“Arep nyang kebonan, ngintep banyu. Jarene banyune belabur gedhe," saure Kang Usman ambi ngudhungi endhase makene sing keneng gerigis hang katone mangkat maning.

“Yeeh… Hang ati-ati banyune belabur gedhe!” suwarane wong wadon iku hang magih dulurane Kang Usman.

“Iya wis Dhik Aji, kesuwun!” Usman nyauri ambi agage melaku maning nyang kebonan pinggir banyu.

Sing suwe pira Kang Usman metu teka umah, iyane wis balik maning.

Mbok Ekah magih nerusaken pegaweyane ana ring pawon. Pegaweyan mugen ajege wong wadon kadhung wis wayah mangkat isuk.

“Kah..Kah..! suwarane Kang Usman keposong-posong teka lurung sampek nyang pawon

“Kari gelis Rika kadhung negor gedhang,” suwarane Mbok Ekah mbatin teka njero pawonan.

“Endi gedhange!” Mbok Ekah nyuwara serta Kang Usman gadug pawon.

“Sing ana, gedhange keli digawa belaburan, iki nak Sun uber ngetanaken. Nawitah magih mandheg ana ring dham Petung,” ucape Kang Usman ambi keposong-posong salin kelambi lan seluwar cekak aju berangkat maning metu teka umahe.

“Wis Kang Man, aja kathikan melaku Rika, iki magih udan, dalane lunyu paran maning banyune gedhe, kadhung Rika hang katut keli kelendi?”

“Sing paran-paran Kah, Isun bisa ngati-ati.”  Saure Kang Usman nyang hang wadon.

“Wistah aja!” Mbok Ekah menggak nyang lakune hang lanang kuwatir ana paran-paran nyang hang lanang.

“Regane gedhang sing sepira naming hang aran regane wong lanang sing bisa digoleti gantine.” Gediku usik atine Mbok Ekah.

“Aja-aja kelendi Kah? Hang keli iki sing mung gedhang hang arep sun tegor naming uga kabeh gedhang ana ring kebonan, sak barong keli kabeh. Pitung curung Kah!” jawabe Usman ambi nginggiraken hang wadon hang ngalang-ngalagi lakune.

“Ya Allah..!” Mbok Ekah kaget setengah getun. Getune nyang hang lanang hang sakat mau sing gelem melaku mangkat nyang kebonan sakdurunge belaburan teka.

“Ya kelendi maning Kang,” omonge Mbok Ekah ambi lungguh ngongsrong. Ambekane hang koncar-kancir munggah mudhun ana ring dhadhane kaya nak sing keneng ditata.

“Makne wis Kang keli kabeh, tandhane durung rejekine awak dhewek,” Mbok Ekah ngomong ambi ngangsu ambekane.

Rungu omongane hang wadon babakan rejeki, Kang Usman murungaken lakune. Iyane mareki hang wadon hang lungguh ana ring pelanca pawon. Peraupane sakkalan mudhun, alise katon mingsor, lambene kaya nak mbewek naming sing dikatokaken.

Mbok Ekah mandeng nyang hang lanang sedhela sakteruse pikirane katon ana ring ndhuwuran. Katon putune teka melebu lawang pawon nganggo kelambi seragam sekolah. Tangane nadhong njaluk sangu sekolah kekarepane kaya biyasahe kadhung wis wayah ngarepaken ujian. Sing kerasa Mak Ekah matane ngembung eluh. Dudu eluh kanggone gedhang keli digawa belabur naming iluhe kanggo putune hang sing bisa mbayar ujian sekolah.

Iluh kanggo cita-citane putu hang gemantung ana ring langit. Iyane sing kepingin putu-putune mandheg sekolah kaya emake bengen merga emak bapake sing duwe bandha enggo mbayar ujian, pungkase medhot sekolahe.

“Munggane gedhang sing keli, picise keneng dienggo mbayar ujian sekolah putune.”

Umahe Mak Ekah saknalika sepi masiya udan wis mari. Langit rasane katon pedhut maning masiya mendhunge wis liwat. Pancene rejeki lan pati urusane Hyang Gusti.

“Ya Allah..” Mbok Ekah ambekan gedhe.

“Adon..!!” suwarane lare perawan cilik teka kadohan mbarengi awake melebu nyang pawon.

“Isun wis mari ujian, minggu ngarep wis perei. Kadhung Isun preian Isun milu nyang kebonan ya.”

Mbok Ekah ambi Kang Usman katon kaget rungu kabar putune wis mari ujian. Alihe sabane emake katon sambat sing duwe picis enggo mbayar ujian.

“Sira ulih milu ujian wis mbayar sekolahetah?” takone Mbok Ekah ambi ngelus-elus rambute putune ana ring dhadhane. Sithik-sithik iluhe digulapi tangane makene putune sing weruh kedadeyan paran sakdurunge.

“Apak hang mbayar, jare mari disilihi picis ambi Mak Aji Qomah.”

“Alhamdulillah,” ucape Mbok Ekah ambi ngatonaken eseme.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : cerita cendhek

Editor: Hani Z. Noor