Cathethan Juri Cerita Cendhek ring Lomba Kreativitas Siswa 2024
Nur Holipah (dipublikasikan pada Selasa, 20 Februari 2024 09:47 WIB)
- Laporan
_se-Kecamatan_Banyuwangi_2024-68884.jpeg)
Lomba Kreativitas Siswa lan Guru wis dianakaken sore, Senin 19 Februari 2024, manggon ring SDN Kepatihan Jalan Veteran Nomer 7-9 Banyuwangi (elore Taman Belambangan). Salah sijine bidang lomba hang dianakaken yaiku nulis cerita cendhek basa Using. Lomba hang dipiloni 29 lare teka kelas 4 lan 5 iki, dibiji teka petang kategori yaiku (1) Kesesuaian tema (25 poin); (2) Alur (25 poin); (3) Ejaan Basa Using (25 poin); (4) Dhawane Cerpen (25 poin). Telung juri hang ketiban sampur mbiji ana Lilik Sumarni, S.Pd; Nur Holipah, S.Pd; lan Rofiqotus Sariroh, S.Pd.
Tema hang dienggo ring lomba iki, kuliner lan wisata ring Banyuwangi. Sakat jam 8 sampek jam 10, saben peserta diwatesi paling sithik nulis ceritane rong lembar kertas folio utawa padha kaya limang paragrap. Tepak TM, uga wis disepakati gok tulisane apike latin (tegak bersambung) dudu gedrik, masiya iki sing dadi poin hang dibiji. Taping kanggone lare SD, mula wis anjrah kadhung kudune lanyah nulis latin.
Temakaken, akeh hang durung ngarti kelendi kudune cerita cendhek (cerpen) hang ideal. Merga teka 29 lare, keneng diitung deriji naskah hang bener-bener cerpen.
Setemene cerita cendhek iku bisa fiktif, uga bisa teka kenyataan sedina-dina. Kabeh uwong iki setemene ‘pencerita’ tegese pasti bisa cerita, kadhung ning gesah iku arupa lisan, kadhung cerita kepingin bisa didileng, diwaca lan dirasakaken ya kudu arupa tulisan hang bisa dibiyak maning sak wayah-wayah.
Ring lomba iki, temakaken lalare nulis kaya artikel. Tulisane lalare keneng ditengeri, kawitan opening njelasaken gok Banyuwangi iku ning pucuk wetan tanah Jawa. Sugih kesenian, lan maneka macem panganan. Gadug ring paragrap telu, temakaken sing gage jumbul tokohe lan singana dialoge. Temune, sampek paragrap pungkas, ya sing mambu cerpen belaka. Mung paparan ndhil. Malah, ana hang kaya teks prosedur nggawe lan olah panganan.
Juri ketelon ya paham, lalare durung bisa dicul dhewek tanpa diuruki gurune. Mungne hang luput, lalare iki njuwut/ndileng teka internet, taping hing didadekaken sumber bain. Kudune sumber dienggo dhasar cerita, aju diolah diweni kembangan makene saya alus lan ‘mengalir’.
Riset iku mula penting, makene isi ceritane hing ngawur. Naming, balik maning nyang konsep cerpen hang kudu ana unsur intrinsike. Kaya tah, plot (alur cerita), tokoh, latar panggon lan wayah, lan amanat (wekas). Wekase penulis ana ring cerita bisa disampekaken tersurat utawa tersirat.
Kepenulisan, nulis hurup kapital enggo arane uwong, aran panggonan. Ana hang tandha baca, titik, koma, hing kakaruwan. Malah, ana hang sak paragrap nana titik, komane. Temune hang maca kaya nunggang sepur tanpa mandheng ring setasiun. Trotos dhig.
Kadhung bab basane, wis hing keneng ditawa. Kudu basa Using hang ejaane baku kaya ring kamuse ruwahe Hasan Ali.
Juri magih nemokaken ucap-ucap hang setemene ana Using lan delese, taping lalare magih nganggo ucap liya.
/padahal/ bisa nganggo /alihe/ utawa /ale/
/budhal/ bisa nganggo /mangkat/
/sabar/ bisa nganggo /kanti/
/pelem/ bisa nganggo /poh/
/selokan/ bisa nganggo /kalen/
/nerusaken/ bisa nganggo /nutugaken/
/betah/ bisa nganggo /pernah/
Juri uga nyimpulaken, lalare durung bisa mbidhakaken kanggone ....na ambi ...aken.
Sing sampek 8 naskah, hang bener-bener ana unsur cerpene. Aju dipilih hang salah lupute paling sithik, ketemu pemenange kaya ring ngisor iki:
Iki mung conto nggawe kawitan cerita tema kuliner Banyuwangi:
Kebul-kebul kokohe soto ring pancine Mbah Rob. Ragine rujak buru bain digerus ring cuwek hang peripite emeh gopel merga kepathengen dienggo. Janganan kulub wis ditus ring irig. Jembung-jembung mari dikusuti. Wis dhirik hang jeronggolan mubengi dhasare Mbah Rob, merga wis wayahe jam makan siang.
Kadhung sekirane angel, ya minimal lalare SD kelas 4 lan 5 kudune paham gok kalimah iki kudu ana subjek + predikat + obyek + keterangan.
Ide iku pirang-pirang keleleran, mung kelendi awak dhewek bisa ‘peka’ lan bisa ngolahe. Kaya dene beras, makene bisa dipangan ya kudu dipucusi sulung. Bisa diliwet, utawa bisa didang nganggo sublukan. Makene saya wenak, aja sampek disuguhaken mung sega nyel. Ya kudune ana musuhe, sambel tah, jangan lan kokoh, utawa liyane.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Warta
Editor: Antariksawan Jusuf