
Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 19 November 2023 07:27 WIB)
Cercen: Urip Bareng
Urip Bareng
Dianggit ring Ahmad Muzakky El Fayed
Lulus SMP isun langsung dilamar ambi kang Andi. Bakalan sing suwe, kang Andi
langsung nyang umah ngomong nyang emak. Sayange apak sing weruh, apak wis ninggal tepak isun kelas siji SMP.
Isun welas nyang kang Andi polae uwonge nduwe rasa tangungjawab. Benere umur sakmene mage wayahe sekolah lan memengan, isun wis kudu nikah lan umah-umah. Emak maserahaken isun nyang kang Andi polae apak wis sing ana umur, makene isun iki ana kang ngelindhungi, gentine apak.
Kanca-kancanisun padha teka kabeh tepak nikahan isun ambi Kang Andi. Ana kang nulungi ring pawon, ana kang laden. Kanca-kanca lanang biyasahe kang laden, ngateraken kopi, teh lan sega nyang dhayoh kang padha teka, lan njuwuti gelas piring kang wis kosong ana ring meja, digawa nyang pawon.
Kesele dadi kemanten ngalah-ngalahi kesele wong mari nepak. Sakat isuk sampek bengi nyalami dhayoh kang sing mandheg-mandheg. Isun kerasa-rasa enget apak. Wayahe akad benere apak dadi wali nikah, ketemune apak sing weruh. Deredesan sakat mudin ngomong “sah”. Iku arane isun wis dadi tanggungjawabe kang Andi. Emak lan embah utamane kang mesesegen. Embuh iki tangisan kerana seneng tah kerana kelendi.
“Wati, mudhuna teka kuwadhe wis, dhayohe wis entek.”
Abane Yadi nggawa talam gedhi isi piring lan gelas jendhel pecake gedhohe kopi bangete liwat ring ngarepe kuwadhe.
“Ya iki ya Di, Isun ngelempuh iki wayahe mudhun," abanisun.
Yadi iki tangganisun, umahe ana ring wetane umah elet umah siji. Kanca SD lan kanca memengan sakat cilik sampek seperene iki. Sun deleng abete seru pathenge laden sakat isuk
sampek bengi. Isuk-isuk wis buyek ngedegaken terob, milu nulungi unjal-unjal lemah dienggo nggawe pawon. Kanca paling top pokoke wis.
Itungan ulan sak marine isun rabi, alhamdulillah langsung diparingi. Urip rasane sampurna, duwe laki, lan saiki isun meteng anake kang Andi. Kang Andi megawene saya patheng, saban bengi isun ditukokaken panganan kang sun arepi.
Kang Andi kang patheng megawe, mara-mara dadi sungkanan. kang Andi kang uripe nerimaan masiya urip pas-pasan, saiki sering uring-uringan. Kang Andi Sing tau mulih, jenekane warung kopi. Mulih-mulih subuh, aju turu sampek bedhug. Gedigu seteruse. Sun kuwati, isun kang ngalah. Saiki isun keranta-ranta ana ring tanah sebrang. Kelantu-lantu nyambung urip golet rupiah. Kelendi repote ambi nggawa anak umur welasan tahun kang kudune sekolah saiki malah milu urip susah ring rantau. Kepontang-panting isun megawe
merana merene. Jaga toko emas sun lakoni, jaga toko kelambi ya wis tau. kabeh sun lakoni makene anak wadon siji-sijine mau sing elom, tetep bisa madhang lan tetep bisa sekolah. Kang aran utang aja takon, tokok sak desa wis sun utangi kabeh lan bon numpuk. Saban isuk isun diparani mbok Rohani kang duwe tokok ring kulone umah. Nagih utang. Liya dina tepak liwat
ngsteraken anakisun sekolah, mbok Muhayah nagih picis kang sun silih magih sing bisa mbalekaken. Sing juwari isun liwat maning. Wong lanang kang sing bisa tanggungjawab sing pantes dibela. Abane batinisun.
Embuh uteke Andi iku cicir ana ring endi. Apuwa saiki kok dadi kaya penyakit. Raine sing tanggungjawab isun dikongkon mikul dhewek. Isun nekad, sing ana dalan maning. Bengi iku isun minggat ambi anak wadonisun. Nggawa tas gedhi, sun tuntun anak wadonisun nyegat ojek.
“Mak, arep nyang endi”?
“Miluwa bain.” Abanisun.
Arep mulih nyang umah, emak lan embah wis ninggal rong taun kepungkur. Isun
wis sing duwe sapa-sapa ring donya. Umah kang dipanggoni emak lan embah sing ana ambune, wis diedol ambi Andi. Jerangkong mula wong iku. Picise dienggo main dienggo tuku omben-ombenan sak kancaan sampek entek. Isun sing uman paran-paran.
Saiki isun megawe ana ring kene, anakisun sun sekolahaken maning ana ring kene.
Urip upek-upekan ana ring kos-kosan.
Enget tepak buru gadug kene, buru mudhun teka kendharaan, isun tetangisan njaluk tulung makene isun bisa ditampung sementara ana ring kene, sun njaluk tulung digoletaken pegaweyan.
Rai magih lesuh, awak lemes, mambu keringet, peraenan kaya wong mis.
”Yad, Isun njaluk tulung ya, Isun milu nginep ana ring kene ambi anakisun sampek Isun ulih pegaweyan.” Yadi metenggengen abete buru tangi, bingung kok isun mara-mara njumbul dalu tengah wengi.
Ana ring kene, paren-paren Yadi kang nulungi isun. kadhang nukokaken panganan, ngateraken anak wadonisun sekolah, kadhang ngejak isun melaku-melaku. Makene sing mikiri utang jare. Dicicil sithik-sithik, abane.
Kira-kira isun wis ulih sak ulan ana ring kene. Bengi iku Yadi ngajak isun metu
melaku-melaku. Yadi ngomong nyang isun tepak enak mangan angsle ring Jl. Imam Bonjol.
“Wat, minggu ngarep agageya mulih, marekena urusanira ambi Andi ring Pengadilan Agama. Isun nganteni ring kene, aju ayok padha urip bareng.”
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.