Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 13 Agustus 2023 10:55 WIB)
(Cerita Cendhek) Kembang Titipan
KEMBANG TITIPAN
Dianggit ring Idroki Sopak
Sun randhu mecukule winih. Sun anteni merujuke lan sun jaluk gancang mekar lan nyebaraken ganda arume. Dina ganti minggu, minggu ganti ulan, ulan wis ganti taun.
Sing leren-leren ulihe isun ndonga, njaluk nyang Gusti Hang Maha Kuwasa.
Bengi sun tirakati, raina sun puwasani. Telung taun ulihe isun ngelakoni, merga seru kepingine duwe momongane ati hang dadi tandha tali asih hang suci wong laki rabi.
Ulan Sura tanggal sepuluh, rungu kabar rabinisun diparingi. Mbobot jabang bayi hang mula sun anteni. Rasa seneng njero ati iki, Gusti Pengeran wis ngijabahi penjalukisun iki.
Wis dadi adat kampung. Mbobot telung ulan diselameti neloni, jajan serabi ombenan dhawet sing lali. Pitung ulan melaku, uga dianakaken selametan mitoni. Selametan agung sega tumpeng pecel pitik sing kelalen. Sangang ulan ditingkeb ambi selametan jenang procot lan jenang abang.
“Uwek… uwek…" suwara tangisan sun rungu teka njero kamar, atinisun girang kaya nemu mudhune ulan. Anakisun lair anak hang kawitan. Cemuwer nong ndhuwure dhipan dibantu ambi bidan. Sing serantan rasane ati kepingin sun peluk nong gendhongan. Sing kari suwi bidhan metu teka kamar, ngongkon isun ngadani bayinisun. Gemeter campur seneng. Bayi sun gendhong lan sun adani nong kuping tengene. Lan sun komati ning kuping kiwane.
Mulai sakat dina iku umahisun kaya tambah rumang. Tambah gemah ambi kudangan lan gendhingan.
Suwara tangise bayi nambahi pathenge isun nggolet sandhang pangan. Sedina-dina pikiranisun mung enget ambi anakisun. Kesele awak kerasa ilang. Sun enggo nggendhong ngudang anakisun lanang. Sangang ulan sun rasakaken kahanan hang kaya iku. Saben dina kaya nyawang lan ngambungi kembang. Arume semebar ngambahi nggawe rumange isun sesandhingan.
Malem Ahad ulan Rejeb. Kembangisun rada alum. Atinisun bingung sing karuwan. Awake
panas lan rewel tetangisan. Embuh lara paran isun sing ngarti. Pokoke isun mung ngongkon emake nyusoni makene meneng lan bisa turu.
Sampek banyu susune emake kelempeng. Anakisun magih nangis lan awake magih panas. Jam telu dalu isun ndhodhog umahe tangga arep tuku susu, tapi susu bayi jare entek. Isun mulih, anakisun magih nangis lan isun tambah bingung.
Adan subuh krungu teka menara masjid. Rabinisun sun kongkon sembayang sulung.
“Engko makene rada padhang. Ayo lare iki digawa nyang dhokter, Dhik.”
Gedigu ajakanisun, lan rabinisun uga ngiyani.
Anak digantekaken gendhong nyang isun. Emake mulai njuwut banyu wuduk arep sembayang Subuh. Anak sun iyong-iyong ning gendhongan ambi terus gendhingan puji-pujian.
Suwara tangisan bayi meneng, sun sawang matane ya uga merem. Awake uga ya rada adhem.
Kerasa ayem jerone atinisun, masiya sun tulih lare turu nong gendhongan. Isun tetep gendhingan puji-pujian nyang Pengeran. Sing kari suwi, emake mudhun teka papan sembayangan, serngenge uga wis melecir teka wetan. Anak sun elungaken nong wong wadon sak perlu gentenan sembayang. Rukuk dicoplok ganti kelambi dhaster hang mau mari dienggo.
“Endi kang lare iku. Rika gancang sembayanga selak Subuhe entek. Aju engko
melaku nyang umahe dhokter," gedigu jare omongane rabinisun.
Jarit sun bukak teka pundhakisun sak perlu anak sun elungaken nyang emake.
Tangan temelung, nampa anak lanangisun. Atinisun kaget, sun cemak awake
anak lanangisun adhem temenan.
Rabinisun njerit saknalika nyemak bathuke anakisun. Jeritan rabinisun dirungu tangga-
tangga. Awakisun saknalika lempe. Bayi magih nong gendhonganisun lan dipeluk emake.
Emak mertuwa mara ambi ngomong: “Wis hang sabar Sira Lik, anakira iku wis sing ana umur."
Anakisun hang magih nong gendhonganisun nong pelukane emake dicandhak ambi mertuwa.
Rabinisun tambah nangis mesesegen. Isun melebu kamar ambi nangis nggetuni kahanan hang kaya iku. Urip kaya ning njerone impi. Kaya ngadeg nong pinggire jurang. Urip kaya sintru. Paran maning rungu tangise rabinisun hang ngelempoh nong pelesteran diedhem-edhemi emak lan bapak. Rabinisun saya ndadi nangise serta weruh isun metu teka kamar.
Bayinisun hang wis dadi mayid, mulai dirumati diadusi lan dilawoni. Serta wis mari dilawoni mayid arep nuju nong kuburan. Isun njaluk hang nggendhong sampek nong panggonan. Masiya akeh wong hang menging, bayi iku tetep sun gendhong.
Rombongan ngiring mayid padha ngadeg, isun langsung melaku ambi eluh ketahan.
“Dhuh Gusti… gedigi rasane nerima kembang titipan. Seneng hang bengen Sun rasa, saiki kudu Sun lilakaken, mbalekaken nyang hang Maha Kuwasa. Wangine hang Sun
terima. Nyatane mung sedhela,”
Isun rumangsa kabeh sing ana hang langgeng. Kabeh kesenengan ring donya,
ibarat kembang titipan mung sedhela. Barang titipan, mesthine ya kudu gelem dijuwut maning ambi hang duwe.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.