Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 17 Maret 2024 08:51 WIB)
(Cerita Cendhek) Untung Dhug Gleng (4)
UNTUNG DHUG GLENG (4)
“Wak, kayane Isun sing kongang marani Untung kanggo periksa tatune ning dokter, Wak. Byek, uwis seminggu yah. Engko dikira goroh Isun iki, Wak,” jare Man Samhari ambi kesrat-kesrut merga pilek.
"Terus karepira kelendi?” takone Wak Haji Bodhos.
“Karepisun, nak nyewa montorrika hang Jip iku ya Wak,” semaure Man Samhari.
“Aju hang nyetir sapa, Sam?”
“Ya golet lare enom-noman Wak. Narto Ponges ana, Martok bores ya bisa nyetir yara,“.
“Ya goletana wis. Kongkonen merene salah sijine!”
“Iya, Wak. Kadhung Jip iku pira sewane, Wak?”
“Halah…..kaya uwong liya bain Sira iki yah. Bengsin ambi supire bain wis tanggungen!”
“Kesuwun,Wak!” abane Man Samhari ambi aju salaman lan ninggalaken umahe Wak Haji Bodhos.
Bengi iku padhang ulan. Akeh lare cilik hang padha memengan gong-gongan ring ngingsore uwit poh. Ana hang selodor ring tengah dalan kampung, ana hang pelencatan karet ring pelatarane umah lan uwong-wong tuwek ambi keluwargane dhewek-dhewek padha gesah ngedhepi sawi godhog, gedhang goreng lan semandhing kopi. Man Samhari nemoni Martok Bores lan keluwargane hang gesah ring bale umahe ambi nyawang parine hang emeh panenan. Parine nguning disentor padhange ulan, kaya ngawe-awe penebas.
“Dadi, engkisuk isuk ya. Rewangisun gesah ring montor sapa, Man?” takone Martok Bores hang bengi iku mung belebedan sarung. Udel mendhuwur kewela-wela. Wetenge bedhis udele magih bodong. Borese magih katon sakat teka pundhak kiwa sampek nggadug udele. Endhase bain hang ditutup nganggo kerpuse anake. Sukur temumpang ring bun-bunane.
“Ya… engko iki Narto Ponges Sun warahi. Engkisuk kecaruk ring umahe Wak Haji Bodhos.” Semaure Man Samhari ambi ngadeg teka pelanca bale.
“Eh, lungguha sulung tah hang tanek. Narto Ponges paling ring pejagan. Kadhang lali mulih sampek ketemu subuh. Lungguha sulung. Sawi godhoge durung dicandhak yah. Iku kopine diiling sulung, Man!”
Sing kathik semaur, Man Samhari lungguh maning ambi gemuyu suwing. Rabine Marto Bores melebu ring jerumah, njuwutaken telesane lakine. Man Samhari telab-teleb nggeremeti sawi godhog. Mari entek sak kethokan, aju nguyub kopi. Keloron cerita magih padha lancinge bengen. Padha nggelidhige. Dhemenane meneki uwit juwet pinggir dhahuan. Pinggirane dhahuan mula akeh uwoh-wohan hang merujuk tanpa ana hang nandur kaya ring kebon-kebonan hang mula dirawat. Pantese bain, nalikane belabur ana winih hang keli aju minggir kesangsang ring pinggirane dhahuan. Lare-lare Kampung Sawahan iku kadhung kepingin poh, juwet, jambu keluthuk, sirkaya, lan belimbing lima, kari njujug ring dhahuan bain. Adate penekan ring uwit-uwit iku sak marine adus-adusan ring banyu dhahuane. Ana hang memengan ubrik, ana hang seruban, ana hang jeburan sinyongan, jeburan silah, jempalikan lan ana uga hang gancang-gancangan njuwut watu ring dhasare kalen.
“Iki Kang, kelambine. Ambek-ambekana kanca gandheng gedigonan tah wis yuh. Man Samhari bengi iki dhayoh. Uwis bedhis, udele bodong pisan!” abane Bik Mariyah rabine Martok bores.
“Halah Yam, Yam….. Kaya hang sing arep kok,” saute Martok ambi nerima kelambi lan gemuyu bareng ketelon. Mari ngelungaken kelambi, Bik Mariyam mondhong anake hang keturon ring pelanca liyane lan melebu ring jerumah maning. Wong loro iku nerusaken gesahe sampek sing kerasa ulane uwis lingsir ngulon. Angin dalu silir-silir. Gemericike banyu kalen mburine umahe Martok suwarane kerungu miji-miji. Man Samhari mulih teka umahe Kang Martok ambi ngethem sawi godhog. Wangune aju marani Nartok ring pejagan pojok kampung.
Lare-lare hang memengan wis nana suwarane. Nawi bain wis padha dikudang impine. Umah-umah uga uwis akeh hang tutupan lawang, masiya magih ana siji-loro cendhelane magih ngemplong. Banyu bun padha tememplek ring godhong-godhong uwit-witan. Sing kerasa bengi iku wis gadug pucuke dalu. Pitik-pitik jago pating kukuruyuk kaya-kaya nak milu ngateraken lingsire ulan lan arep mapag tekane serngenge. Isuk iku, ulan bunder magih katon tipis ring bucu kulon, bang-bang wetan wis mberanang. Emak-emak wis akeh hang mentas teka sumber ambi ngindhit korahan. Ana uga hang ambi nyuwun kumbahan hang diwadhahi tenong. Kang Marto Bores lan Kang Narto Ponges wis kumpul ring umahe Wak Haji Bodhos. Wong telu iku padha gesah kaya ambi ngerandhu Man Samhari.
“Gedidi bain wis. Sira keloron melakuwa. Jip ika isenana bengsin sulung ring Sukowidi!” jare Wak Haji Bodhos.
“Isun keloron iki arep dikongkon paran lan ring endi, Wak?” takone Kang Marto Bores. Wangune nubengi isine gesah ambi Man Samhari guyon thok sampek lali tujuwane.
“Woh…….kelendi sih Sira iki. Samhari sing cerita paran-paran?”
“Using ya Wak! Wekase mung ngongkon Isun merene isuk iki,” semaure Kang Narto ponges. “Malah sing ngarti gok Isun dikongkon mbarengi Kang Marto,” sambunge.
“Gedigu iku, Samhari. Nana bidane ambi Adhik. Gedigi bain wis. Mari ngisi bengsin Sira keloron nyango Kelir. Goletana umahe Untung hang mari keserempet Jamali. Dina iki kudu periksa dokter maning. Sampekena salamisun ning emake Untung. Kadhung jare dokter Untung wis aron, Untung sing digawa mulih ning Kelir maning. Mbisuk sekirane Untung wis mapan ulihe mangku langgar, buru emake disusul kongkon urip bareng ambi Untung ring Kampung Sawahan kene. Wis melakuwa. Polae jam sanga engko iki Jipe arep dienggo nyang Gombeng. Wayahe ngedhunaken kelapa,” abane Wak Haji Bodhos ambi maserahaken kontak lan picise bengsin. Marto Bores lan Narto Ponges gancang-gancang manasi Jip. Sekira ulih sepuluh menitan, Jip digas nyang POM bengsin Sukowidi. Ketebang-tebang Man Samhari mara nyang umahe Wak Haji Bodhos.
(kang ujik)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Kang Ujik
Editor: Hani Z. Noor