Iktikap ring Masjid Baiturrahman

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 09 April 2024 10:20 WIB)
- Laporan



Saben sepuluh dina pungkasan ulan puwasa, ring endi-endi mesjid ditekani jamaah kanggo Iktikap. Paran maning bengine tanggal-tanggal likuran ganjil. Iktikap iku lunggguh meneng ring jero mesjid. Ana uga hang diseseli ambi sembayang sunat, wirid lan ana uga hang maca Quran. Wektune sakat jam sepuluh bengi sampek ngarepaken sauran. Adate mesjide petengan. Dadi nalikane lunggguh meneng, emeh padha ambi uwong medhitasi utawa konsentrasi. 
   “Bengen gedigu iku. Buru taun rongewuan mendhuwur sampek seperene iki, Iktikap ring Mesjid Agung iki diacarakaken. Jam sewelas mangkat dikawiti kelawan hadrah Al-Banjari, Rotibul Hadad, Ceramah, salat Tasbeh lan ditutup Mahalulqiyam sampek jam loro. Acara hang gedigu iku sing ana ring mesjid liyane. Iku penomenal. Hang teka ewonan. Mesjid Agung iki kapasitase nggadug pitung ewu jamaah. Sepidhah udhud hang parkir kemeremed. Ngalore sampek gadug tukuk Florida, Ngidul sampek gadug sasak tukuk Bagus, kidule mesjid sampek ngulon gadug sasak Loh Kantian. Ngarepe Pendhapa Kabupaten kanggo montor rodha papat sampek mubeng ring wetane Taman Sritanjung. Kadhung berangkat teka umahe jam sepuluh bengi jelas kasep. Parkire repot. Latar ngarepe mesjid uwis kebek jam semono iku,” abane Sekretaris Umum, Kang Iwan njelasaken.
   Kanggo hang nguweni ceramah, nalikane bengine tanggal selikur Ramadhan 1445 H iki yaiku Habib Muhsin Al-Habsyi, malem tanggal 23 diisi KH. Abdul Ghofar, malem tanggal 25 nekakaken KH. Raden Azaim Ibrahimy teka Situbondo, malem 27 nekakaken DR. KH. Abdullah Syamsul Arifin, M.HI teka Jember lan malem 29 hang ceramah Habib Ali Faishol Al Hamid.
   “Ulan Suci Ramadhan iki diperentahaken kanggone uwong hang padha iman supaya puwasa. Lha.. puwasa iku kanggo ngurangi pengaruh sipat kebinatangan ring awake menusa lan kanggo ngunggahaken sipat kemalaekatane. Merga, napsune menusa iku panggonane ana ring tengah-tengah. Ring ndhuwure iku malaekat, ring ngisore iku kewan. Kadhung menusa iku kakehen mangan, ngombe lan turu, sipat kewane saya munggah. Menusa hang gedigu iku bisa-bisa duwe kelakuwan ngelebihi kewan. Taping kadhung menusa gelem ngurangi mangan, gelem ngurangi ngombene lan gelem nyithikaken turune, sipat kemalaekatane menusa bisa ngelebihi dhuwure sipat malaekat,” gedigu hang disampekaken DR. KH. Abdullah Syamsul Arifin, M.HI unibengi. Iyane nguwat-nguwataken teka ring Banyuwangi masiya sak ulan kepungkur ngalami kecelakaan lan supire mati. Nalikane ceramah iku iyane magih tarap pemulihan kesehatane.
    “Isun kajon ring lare nom-noman Banyuwangi iki. Kadhung ditimbang-timbang, lare enome lebih akeh dibandhing uwong tuweke. Iki ana penomenal paran iki Isun sing paham. Kelebu uga Isun sak keluwarga mula kepingin seru milu acara Iktikap ring mesjid iki. Isun kepingin mbuktekaken, aperuwa kelendi rasane milu Iktikap malem likuran ganjil ring Baiturrahman. Byek….. rasane mula bida. Kaya-kaya Isun sing gelem mulih teka mesjid iki,” jare Man Aripin, jamaah teka Cluring hang teka sakat ngarepaken bukaan.
    Sak marine tertib acara, jam loro ana jamaah hang mulih, ana hang tetep ring mesjid. Ana hang nerusaken lunggguh meneng, ana hang sembahyang, ana hang wiridan, ana hang mangkat saur jak akehan  lan ana uga hang gesah ring ceplik-ceplikane mesjid. Lare enom-noman akeh hang potrek-potrekan gentan-gentun sak kancaan. Saben acara Iktikap iku jamaah hang teka ditapsir nggadug pitungewuan.

(kang ujik) 

              

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor