Larasati, Dadi Tambane Ati
Moch Anil Syidqi (dipublikasikan pada Rabu, 20 Maret 2024 06:45 WIB)
- Opini
Jaman saiki, saben wayah, saben repot, mesthi mbutuhaken teknologi digital; jam lan tipi digital, ngebel kathik hape pinter, rekaman uga nganggo aplikasi aliyas teknologi digital. Kadhung jaman bengen, sakdurunge ana aplikasi rekaman (kayadene Studio One, Adobe Audition, Filmora Scrn lan sepiturute), para seniman tradhisi Banyuwangi ngerekam karya-karyane, hususe hang arupa gendhinge tari, nganggo sarana tip. Aju asil suwarane akehe sing rata, kadhang bahola lan sindhene wanter dhewek, kala-kala ya cempreng merga kurang bas.
Sakat malare teknologi rekaman suwara pungkasan iki, para seniman tradhisi Banyuwangi pungkase bisa nyimpen karyane kelawan kuwalitas rekaman suwara hang lebih apik lan kening. Asil rekamane uga lebih ringkes teka kaset piringan lan pita, yaiku rupa file wav, Mp3, utawa Mp4.
Salah sijine panggon rekaman hang wis lawas nganggo perintilan digital nong Banyuwangi yaiku Larasati, hang ana ring Desa Sukoreja, Kecamatan Singojuruh. Rekaman suwara teka panggon rekaman duwene Pak Ju (Juwono Guru) iku wis semebar nong endi-endi, utamane ring Desa Semalang.
Tangganisun kerep muter kaset utawa Mp3-ne, kayadene lagu Amit-Amit, Luk-Luk Lumbu, gendhing Lare Banyuwangi lan liya-liyane. Cilikanisun (2013) sampek seperene, saben soren gawene ngerungokaken gendhing-gendhing iku kerana rungu tangga nyetel. Aju tepak manggon ana ring kadohan, weruh rekaman iku nong YouTube 'kang ju', rasane kaya mbelung nangka. Enget nyang jaman semana, soren-soren mari adus ulih limunan gendhing asil rekamane Larasati.
'Sun tengeri, ciri has panggon rekaman Larasati kelawan grup Angklung Larasati -uga duwene Pak Ju- pokoke ana tambahan suwara calung. Iku uga hang mbedakaken asil rekaman Angklung Larasati teka grup liyane. Rekaman gendhing utawa lagu hang rada lawas, kaya: Manuk Kepodhang digawakaken ruwahe Gandrung Kusniyah, durung ana calunge. Kadhung sun rasakaken, unine calung ring kaset-kasete Larasati iku kaya ngumahi sekabehe tabuhan ring gendhing iku. Suwara calung nong rekaman Larasati bisa ndadekaken tabuhan saya alus, ngelangut lan nentremaken atine wong hang rungu.
Liyane iku, hang tukang nyanyi, Pak Suwito, isun taker apal seru nyang karakter suwarane. Taping bengen madak weruh kadhung hang nyanyi arane Suwito. Merga ana pidiyo YouTube ''kang ju' mau, arane hang nyanyi bisa diweruhi.
Dadi gedigu, Larasati kaya-kayaa wis weruh kelawan iline jaman merga dadi salah sewijine panggon rekaman hang nyulungi nganggo perintilan rekaman digital. Larasati uga wis nyuguhaken karya-karya arupa rekaman –suwara lan gambar- hang ngengetaken akeh uwong nyang kedadeyan kala jaman semana.
Sing mung isun tok, merga nong papan komentar YouTube 'kang ju', mesthi ana bain hang nulis: rungu gendhing iki nggarai isun katon Banyuwangi; rungu gendhing iki nggarai isun keranta-ranta, katon keluwarga hang nong umah. Uga ana pisan hang komentare ngucap sukur: isun ana nong kadohan. Alhamdulillah, merga pidiyo iki rasa kangenisun nyang Kutha Banyuwangi bisa ditambani; lan magih akeh komentar liyane hang maceme gedigu.
Mulane, liwat tulisan iki, isun arep ngomong nyang wong-wong Larasati: kesuwun wis dadi tambane ati kanggo sekehe uwong hang nyangga kangen nyang tanah kelahiran, Bumi Belambangan.
Keterangan potrek: isun lan lalare Sekartanjung Semalang nabuh ring acara Semarak Harjaba ke-240 taun 2011, manggon ana ring wetane setasiyun Singojuruh, nganggo tabuhane Larasati.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : YouTube 'kang ju'
Editor: Hani Z. Noor