Lindhu lan Niteni Tandha-Tandha Alam
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 19 Februari 2024 07:21 WIB)
- Laporan

Wong bengen nduwe cara dhewek dienggo maca lan niteni tandha-tandha alam, kaya lindhu, hang nggoyang bumi Belambangan dina Sabtu 17 Pebruari tengah dalu.
Lindhu hang gedhene 4.1 diukur nganggo Skala Richter, pusat lindhune ana ring 8.38 LS,114.49 BT utawa 12 km barat daya Jembrana Bali lan jerune 10 kilo.
Cara niteni iki dicathet ring primbon. Jare wong tuwek teka Dhukuh Talunjeruk, Glagah, Kang Usik hang uga ketua Kampung Osing Pelestari Adate Dukuh Talunjeruk (KOPAT) Desa Glagah Banyuwangi, hang disebut jaman saiki kelawan aran "kearifan lokal" iku niteni paran bain minangka carane masarakat ngadhepi jaman.
Merga niteni, hang dititeni tandha-tandha alam hang perlu diwaca, Kang Usik nganggo istilah "ngaji rasa." Hang dienggo rujukan yaiku Primbon Tatal Belambangan warisane Buyut Saridin, wong bengen buyute wong Dhukuh Talunjeruk.
"Tetek tetek titen niteni nawi ana lindhu sakwayah-wayah. Kapan ana lindhu ring wayah bengi ulane ulan Ruwah iku bakale akeh sentusalan." Sentusalan iku padha ambi padu-paduan.
"Kadung ring rahina iku tandhane ana ratu (sebutan istilah raja jaman bengen yaiku ratu, hing mesthi wadon-red), arepe jumeneng".
Supaya selamet negarane lan wurung sentusalane, "Upah-upahana bumine ambi para bungkil lan dongane tulak balak lan selamet."
Kelendi kadhung kedadeyane ring Banyuwangi? Endane keneng diwaca kanggo sekabehe panggonan? "Tandha tetengere bengen Kerajaan kadhung saiki ya negara," jare Kang Usik.
Kadhung ditengeri mula sakat sedurunge ana coblosan tanggal 14 Pebruari kepungkur, ring media sosial akeh wong hang padu-paduan kanggo ngumbulaken agul-agule lan ngelek-elek musuhe. Seperene kayane durung marek sentusalane merga itung-itungane durung marek. Hang itung gancang (quick count) akeh hang luput merga hing cocok ambi itungan ring kertas hang ditulis petugas coblosan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.