Revitalisasi Basa Dhaerah Diangkati Maning

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 27 Maret 2024 10:15 WIB)
- Laporan



Dina Selasa (26/3) Revitalisasi Basa Dhaerah diangkati maning. Ring Jawa Timur, iwuhe hang taun sore dipiloni limang kabupaten, ketambahan loro yaiku Bondowoso lan Situbondo.
    " Dina iki ngelumpukaken kabeh wong hang nduweni kepentingan: KKG, MGMP, kepala sekolah, guru master sak perlu madhakaken persepsi lan uga komitmen antarane pemerintah dhaerah, Balai Bahasa, lan Badan Bahasa, uga maestro lan komunitas makene programe melaku kaya hang dikarepaken," jare Kepala Balai Bahasa Jawa Timur Dr. Umi Kulsum nong pidhatone.
   " Kepingine generasi enom, lare-lare hang ana ring SD lan SMP dhemen nang basa dhaerah lan hing iain nganggo basane."
   Peserta sore kelebu Kabupaten Bangkalan, Sampang, Sumenep, Pamekasan, lan Banyuwangi. Taun 2024 iki tambah rong kabupaten hang nganggo basa Madura, yaiku Situbondo lan Bondowoso," jare Bu Umi.
   Setemene ring Jawa Timur magih ana kabupaten liya hang nganggo basa Medura yaiku Probolinggo lan Pasuruan tapi mung kuwat nyangga pitung kabupaten.
   "Ana hang unik. Muatan lokal ring loro kabupaten iku basa Jawa. Semono uga Jember," jare Bu Umi.
   BBJT ulih biji apik 93, teka inspektorat Kemendikbudristek merga Revitalisasi Basa Dhaerah hang dianakaken taun 2023 sore.


  Acarane njero kawat (daring) dibukak ring
Kepala Pusat Pengembangan dan Pelindungan, Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa, Bapak Imam Budi Utomo dipiloni lebih 100 wong. Ana Kepala Dinas Pendidikan Jawa Timur lan Kabupaten Pamekasan, Bangkalan, Bondowoso, (sekdis) Sumenep, Sampang, Banyuwangi, Situbondo, para kepala bidang lan kepala seksi, Bapeda, Kepala Dinas Pariwisata propinsi lan kabupaten, Kepala Dinas Perpusatakaan dan Kearsipan, Kepala Dinas Kominfo Provinsi dan Kabupaten.
    Durung maning Ketua MGMP Bahasa Daerah, MKKS, KKG lan para maestro terpilih kanggo pembelajaran Basa Madura lan Basa Jawa Dialek Using.
    Materi Programe Revitalisasi ana pitu yaiku Ndongeng, Nembang, Nuli lan maca aksara dhaerah, pidhato, nulis cerita cendhek, Nulis gurit, lan Ngewer (stand up comedy).
   Taun sore wong hang milu iwuh iki ana 11.869 guru lan murid,  3.823 penonton youtube, 280 penonton langsung, lan 124 SD, 207 SMP, 200 guru master.
   Cumpu masalahe:
1. Durung ana program studi Bahasa Madura lan Jawa Dialek Using.
2. Hing ana lembaga utawa tim hang mbiji  bahan ajar muatan lokal.
3. Hing diwani pasilitas PPG mangkane hing bisa dadi dhasar sertifikasi.
4. Mulok basa Jawa alae basane Medura.
    Teka Banyuwangi Kepala Dinas Pendidikane diwakili Pak Erpandi. Iyane nerangaken paran bain hang wis dilakoni pemerintah Banyuwangi bab basa Using.
   Katon kadhung pemda setemene wis mangkat milu mbecikaken kahanan bab basa Using iki malah sedurunge ana program revitalisasi. Kayata telung tahun iki wis nganakaken pestival Literasi Using, nganakaken pelatihan kanggo guru-guru nggawe kamus Using, pelatihan teknis, lan liyane. Ring pestipal iki ana lomba sastra, pidhato lan liyane.
   Pengajaran basa Using setemene wis ana lemeke yaitu keputusan bupati taun 2003 lan perda taun 2017.
  

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf