Ujian Tari Sanggar Sekar Tanjung Semalang hang Kawitan

Moch Anil Syidqi (dipublikasikan pada Kamis, 15 Februari 2024 07:42 WIB)
- Laporan



Sanggar Seni Sekar Tanjung hang manggon ana ring Dusun Krajan, Desa Alasmalang, Kec. Singojuruh, Banyuwangi nggelar Uji Kompetensi Tari ring dina Sabtu bengi, 10 Pebuari 2024 kepungkur. Kegiyatan iku kanggo ngembangaken bakat-minat lan kreatipitas lalare Semalang hang milu nong Sanggar Seni Sekar Tanjung. Sak liyane iku, kegiyatan kelawan tema Nyekseni iki duwe tujuwan nguri-uri lan marekaken seni tabuhan lan tari hususe Banyuwangi nyang lalare enom.

Iwuh iki mbukak sejarah anyar kanggo Sanggar Seni Sekar Tanjung Semalang. Merga seperana-seperene sakat Sekar Tanjung ngadeg kira-kira taun 1980-an, durung tau nganakaken kegiyatan utawa iwuh hang kaya gedigu.

Ring kegiyatan iki, kabehe 37 murid diuji kelawan nggawakaken wolung tarian hang wis disinaoni sakat tanggal 3 September taun 2023. Karyane ŕuwahe Pak Sumitro Hadi hang paling akeh diajaraken. Mulai teka Onclang Kidang, Kuntulan Cilik, lan Gebyar Barong. Limang tarian liyane, yaiku Sorote Lintang (garapane Pak Subari Sofyan), Jaran Goyang (gawenane Lembaga Kebudhayaan Negara utawa LKN Pandhan, Kecamatan Genteng), Gandrung Kreasi Gurit Mangir (ditata ambi Paguyuban Pelatih Tari lan Seniman Banyuwangi utawa Patih Senawangi), Punjari (gawenane ruwahe Pak Sahuni), lan Kupu Cedhung karya ruwahe Pak Sayun Sisiyanto.

Nong mburi layar ana aran-aran hebat hang ngelatih 37 lare cimpil – rata-rata magih SD – iku teka enol puthul, kayatah Nur Hidayati aliyas Nying-Nying, Maylin, Sevira, Laila, Horit lan Kiki Marta. Tim kreatip hang tugase mikiraken kelendi apike tatanan acara, panggung, lan sak penunggale, yaiku Bayu Sugiyanto aliyas Pito lan tim. Sing luput uga tabuhan hang apik lan carem teka para panjak Sekar Tanjung (Lanak, Ageng Pengek, Dion Ambon, Jeri Bodos, Pak Cisman, Kiki, Gilang Bowok, lan tim) njuwut bagiyan penting nong kegiyatan luwar biyasah iki.

Lakune acara iki dikawiti teka arak-arakan. Kabeh murid diarak teka sanggar – nong pucuk kulon Semalang – nyang panggung ujian hang manggon nong pusere dusun, yaiku nong Balai Dusun, perapatan Semalang nganggo iring-iringan terbang teka lalare Sekar Tanjung enom, hang kelebu nong grup terbang Jenggirat Blambangan pimpinane Kang Tohari Semalang. Mariku 37 lare hang arep ujian mau diceluk munggah nyang genjot kanggo nduduhaken nyang wong-wong hang teka bab sapa-sapa hang ujian.

Minangka tandha wis milu ujian, lalare ulih medhali lan sertipikat hang ana tandha tangan Ketua Sanggar Sekar Tanjung, Kepala Desa lan Wakil DPRD Banyuwangi. Liyane iku, ana nominasi Penari Terbaik saben kelompok utawa materi tari. Sapa-sapa hang ulih nominasi iki bakal diuweni piyala lan ganjaran arupa amplop teka Kades. Antarane sertipikat, medhali, piyala lan amplop dielungaken ambi Ketua DKB lan Kades nyang saben murid.

Sanggar Sekar Tanjung nong kegiyatan iki nggandheng Pemerintah Desa Alasmalang. Mula teka kono, Uji Kompetensi Tari iki wis kelebu agenda Desa Alasmalang liwat programe Kades H. Abdul Munir.

Ditekani ambi Ketua Dewan Kesenian Belambangan (aliyas DKB) Pak Hasan Basri, Kepala Desa Alasmalang H. Abdul Munir, Ketua Sanggar Seni Sekar Tanjung Pak Moh. Sarpin, lan sak bajeg masarakat Dusun Krajan sak ubengane, iwuh bengi iku rapet menungsa. Uga sing luput teka wong dodolan sembarang kalir kaya umume kadhung ana tontonan.

Kanggo rika kabeh hang kepingin weruh lakune acara Uji Kompetensi iki bisa ndheleng siyarane nong akun youtub CakWer Channel.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : wawancara lan siyaran yutub

Editor: Hani Z. Noor