Acarane Emak-emak, "Ngabarwangi" - Ngaji Bareng Karyawati Banyuwangi
Hasan Sentot (dipublikasikan pada Senin, 17 Februari 2020 07:44 WIB)
- Laporan

Acara utawa program kadhung bungkuse apik lan nyenengaken, hang arep miloni lan ndukung kepengaruh seneng utawa sing mboseni. Kaya hang dilakoni Kecamatan Kota Banyuwangi, duwe program diwani aran NGABARWANGI. Ujar iku sak temene cendekane teka ukara Ngaji Bareng Karyawati Banyuwangi. Acak kadhung mbungkuse biasa-biasa bain paran anane, diarani Ngaji, pantese hang milu lan gelem diajak bareng ndukung program iku sing akeh lan seneng kaya saiki.
Ngaji Bareng Karyawati Banyuwangi, utawa NGABARWANGI, pancen isine belajar ngaji Al-Qur'an kanggone Karyawati ring Kecamatan Kota lan Kelurahan sak Kecamatan Kota Banyuwangi. Emak-emak mau diajak ngaji belajar maca Al-Qur'an, ambi dimbimbing Ustadz teke penyuluh Bidang Pemberantasan Buta Aksara Al Qur'an. "Alahmadulillah sambutane apik, malah hang teka lebih teka 80 persen. Teka kabeh kartyawati ring 18 Kelurah lan Kecamatan Kota dhewek ana 64 uwong, hang milu pengajian angger jam 1 marek Jemuwahan iku ana 54, utawa rata-rata nduwure 50 owong", ujare Camat Kota Banyuwangi, Mochammad Lutfi.
Emak-emak katon seneng lan giat anggone ginau ngaji bareng, merga sak kancaan sing ana rasa isin utawa sungkan merga durung bisa maca. Umur lan latar mburitane emek-emak hang milu Ngabarwangi mau pancen macem-macem, ana hang blas sing tau belajar maca Al Qur'an, ana hang tau belajar tapi sing nutiug sampek bisa, ana hang wis tau ngaji tapi wis lali merha sing tau diamalaken. "Mane enak belajare, emak-amak dikelompokaken nurut hang dibisani, ana hang wis lancar dikumpulaken dhewek kari mbenerakan tajwide, ana hang sedengan kari nambah cara maca lan ana hang mageih tetak-tetak, iki mau hang perlu penanganan khusus. Ambi cara gedigu, belajare lebih fokus lan sesuai sasaran", tambahe Camat Kota hang akeh akale iki.
Kanggone emak-emak, anane Ngabarwangi iki wis ngentehengaken iyane hang kepingin seru bisa maca Al Quran ambi bisa nyurasa maknane. Kadhung wis umur, sing kira arep belajar ngaji bareng anak-anake, utawa keponakane. "Alhamdulillah, ambi anane Ngambarwangi iki, isun bisa olih kesempatan kanggo nambahi ilmu maca Al-Qur'an. Isun bengen ngajine sing tutup, maca magih grathul-gerathul. Malah ana kanca hang babar blas sing tau weruh alif bengkong, saiki milku seneng bisa belajar bareng. Ngabarwangi iki wis bisa munggel kerepotane emak-emak, timbang neluk guru nyang umahe utawa nekani nyang Ustadz hang belajar khusus", ujare salah sijine peserta hang miliu Ngabarwangi.
Kanggone insntasi, kantor Keluruhan lan Kantor Kecamatan, anane kegiatan Ngabarewangi iki seru tepake kanggo nambah pembanggunan Sumber Daya Manusia (SDM). Rasa tanggung jawab nyang pegawean, uga gelem ngadohe masalah hang dilarang ring Al Qur'an bisa kasembadan, kadhung karyawan mau bisa maca lan ngerti Al Qu'ran minangka Kita Suci Ummat Islam. "Iki wujud iktiar Camat, kanggo ngungkit spiritual SDM ring Kelurahan lan Kecamatan, mane lancar lan diridhoi Gusti Allah Subhanahu Wataalla, paran bain hang dilakukan kanggo pembangunan riung Banyuwangi umume", gedigu ujar pungkas Camat Kota Banyuwangi, Mochammad Lutfi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.