Dina iku pendhapa Kawedanan Banyuwangi ditekani para dulur panjak gandrung, para gandrung, para pemaju, pelajar, mahasiswa, sanggar-sanggar seni lan kabeh pengurus Dewan Kesenian Belambangan [DKB] hang diketuwai Pak Hasan Ali. Apuwa sing paca dianakaken ring setudhiyo 3 RKPD? “Merga ring RKPD mbarengi ana acara pertemuan Dharma Wanita Humas Pemda Tk.II Banyuwangi!” abane Pak Hasan Ali nalikane ngawiti mbukak kalimah ring acara Kencet-Kencet puisi gendhing utamane ngenengi bait Kembang Pepe.
Wis kaya adate, kadhung ngomongaken masalah kesenian lan budaya Using utamane ngenengi masalah Basa Using, Pak Hasan Ali hang belasteran India Pakistan-Medura iku seru mempenge. Kadhung ngomong methentheng, otot ring gulune sampek kaya kelenthang.
“Sak teruse Sun jaluk sedulur Hasnan Singodimayan nyampekaken ulihe ginau ngenengi masalah Kembang Pepe. Ayo Nan!” kongkone Pak Hasan Ali. Hang arep ngerungokaken padha keplok. Sak marine uluk salam, Wak Hasnan Singodimayan hang sabendinane diceluki Wak Nan iku aju maca puisi gendhing Kembang Pepe.
“Serehne ring kene akeh gandrung padha teka, ana Supinah, Mudaiyah, Mbok Temuk, Mudasih lan lya-liyane, Sun jaluk kabeh nggendhingaken Kembang Pepe!” jaluke Wak Nan. Sing kathikan using, gandrung-gandrung iku aju maju jejer lan nggendhingaken Kembang Pepe. Mbok Temuk sing tutug nggendhing merga geruh-geruh. Hang katon kuwat mung Mbok Supinah. Serta gendhinge entek, Mbok Supinah njerit sak anter-antere. Lare-lare Pelajar lan Mahasiswa padha ndomblong. Merga magih durung tau dilantar gendhing-gendhing gandrung hang isine jeru. Mulane dina iku DKB bareng-bareng Pemerintah Daerah Tk.II Banyuwangi nganggep seru pentinge nganakaken acara gesah hang dipiloni ambi para pelaku kesenian utamane seni gandrung, pelajar lan mahasiswa.
Acara diendhegaken sedhela merga magih kegawa iline iluh. Apuwa para gandrung iku kari sampek geruh-geruh ulihe nangis? Apatah merga ngarteni lan paham artine siir gendhing hang digendhingaken mau? Apatah kerana enget ring lakune dhewek nalika bengen-bengene? Serta uwis dirasa dhem, Wak Nan nerusaken kencet-kencet Kembang Pepe.
“Paran iku Kembang Pepe?” takone Wak Nan. Ana hang semaur -kembang dipepe-. Hang sing milu semaur padha gemuyu. Ana maning hang semaure belakaan "bengi kawitan kemanten anyar, Wak," abane.
“Kembang iku uwong-wong hang ngewarisi tanah Belambangan taping kaya sing milu duwe, merga wis dikuwasai ambi -lare- Eropa dibantu para kacunge.Sedheng Pepe iku maknane -keneng gerang-. Disiksa. Hang duwe umah disiksa dhayohe. Kembang Pepe merambat ring kayu arum. Paran iku merambat, sapa hang dimaksud kayu arum?” jare Wak Nan aju mandheg sedhela, nguyup kopi. “Merambat maknane, mangkat dingarteni paran hang dilakoni Kembang Pepe yaiku tetep ngukuhi, nerusaken perjuwangane Mbah Teji aliyas Pangeran Jogopati kelawan nganggo cara gerilya. Seranane ngamen. Sapa hang ngarteni? Yaiku Kayu Arum. Sapa Kayu Arum? Tumenggung Mas Alit hang ulih gelar Raden Tumenggung Wiraguna I. Mas Alit membat mayun hang artine mang-mang. Percayane ning para Kembang Pepe munggah mudhun iya tah using-iya tah using. Aja-aja Kembang Pepe iku bagiyan teka kacung-kacunge VOC. Mula, kanggo ngeyakinaken Mas Alit para Kembang Pepe ngajak Mas Alit menyang. Menyang teka endi arep diajak nyang endi? Menyang teka pengaruhe VOC aju diejak bareng-bareng berjuwang ngadhepi VOC lan gedibale,” jare Wak Nan nggawe hang hadhir saya ndomblong. Saropik hang lungguhe jejer ambi Kang Amet kukur-kukur bathuke. Kang Amet emeh sing kethip nyawang Wak Nan hang nalika iku nguyup kopine maning. Para gandrung manthuk-manthuk mbeneraken kencetane Wak Nan.
“Mbok Penganten kari dalu ngenjot-ngenjot lakune. Maksude para pejuwang iku kaya kemanten wadon hang nerima mahar arupa nyawane uwong VOC. Kerana uwis dalu, para anggota VOC lan gedibale padha mabuk kelangan daya lan sing enget paran-paran. Ngenjot-ngenjot lakune nduduhaken kadhung para pejuwang hang mari ngamen iku siyap ngelakokaken niyate kelawan seneng ati, sahingga nuntun uwong-wong hang mabuk ombenan iku kaya katon nulung. Sing weruha mula -ngeluru lare-. Lare bakal diturokaken ring perahu. Maksude dipateni ring perahu aju perahune diseret nyang tengah segara aju diuncalaken kanggo makani iwak. Ana uga hang diturokaken ring wana cindhe. Paran iku maksude, uwong-wong Eropa anggota penjajah lan para gedibale iku digawa nyang alas aju dijiret lan digantung. Kabeh hang dilakoni para Pejuwang iku disekseni Raden Tumenggung Wiraguna 1 aliyas Mas Alit. Dadi sebenere, Mas Alit iku milu nulungi para Pejuwang Belambangan liwat mburine kubung,” jare Wak Nan teges lan tandhes. Suwarane kereng lan wanter.
“Dadi… ombenan iku mula seja disuguhaken kanggo anggota VOC lan kacung-kacunge,” takon Notok.
“Iya…serta wis mendem digadhing digawa nyang panggonan sepi lan dipateni,” semaure Pak Hasan Ali.
Sak marine Wak Nan ngenceti siir Kembang Pepe, Pak Hasan Ali mbukak wektu kanggo gesah ngenengi masalah ombenan mendemi hang magih kegawa ring saben-saben ana gandrung terob. Kabeh omongan akeh hang nyalahaken petugas keamanan hang rambut endhase cepak, hang duwe gawe lan Perusahaan ombenan hang mendemi. Ana hang njelentrehaken kadhung bathine ombenan iku diedum sak pertelonan antarane Perusahaan, petugas keamanan lan hang duwe gawe.
Sedurunge dipungkasi, Pak Hasan Ali nyimpulaken kadhung Pemerintah duwe tanggung jawab hang gedhi kanggo nyelametaken seni gandrung lan para pelaku panjak lan gandrunge.
“Mula, selawase sewulan mengarep Bupati kudu ngedharaken surat peringatan liwat camat hang kudu diterusaken ning para Kades. Kadhung ana uwong duwe gawe nanggap gandrung aju njaluk surat idin keramaian, wajib sing diweni kadhung ana perusahaan adol ombenan hang mendemi,” abane Pak Hasan Ali.
Serta uwis bubar, Saropik, Kang Amet lan uwong-wong teka paguyuban pemaju gandrung magih gesah-gesah ring panggonan acara kono mau. Para Pemaju buru ngerumangsani kadhung iyane hang dikeruk picise kanggo nukoni ombenan hang mendemi iku.
“Timbang diuwakaken nyang perusahaan ombenan, yara bangur disuwelaken ring gandrunge!” jare Sunotok ambi gebas-gebus udud.