Ditulis ring Iskak Basuki

Ring endi bain wong mari nguripi banyu ledheng mesthi ditutup maning. Kerane misale bocor utawa rusak ya dibecikaken utawa diganti. Eman banyune tetesan kebuwang. Padhane listrik, banyu ledheng yara ana rekeninge, ana itungane per gibige, mbuwang banyu padha ambi mbuwang picis.
   Ring kabeh masjid lan musolah semono uga. Ana hang taker ditulisi peringatan: Aja lali mateni banyune; intine, mari nang cedhing utawa mari wuduk kerane tutupen maning. Ngisi kaleng durung karuwan, mbuwang banyu iya.
   Kejaba ring masjid hang siji iki - salah sijine masjid ring Desa Kampunganyar (Glagah). Iki kuwalikane. Ring kene banyu mari-mari murah, umpyah. Sumbere parek tur gedhi, iline liwat ngisore taker dadi kali. Melebu masjid iki rame abane banyu meloncor, gemberojok! Ketang ring cedhing-cedhinge banyune kebek amber-amberan!
   Endane lali mateni? Iku maning ring panggone wudu, sami rawon, kerane telu meloncor por-poran! Tangane sapa endane kari kejolok sungkanan? Sing eman, sing duwe aturan! Mari wuduk sing gelem nutup kerane maning. Kari muter belaka ya...!
   Eh! Arep nutup kelendi, coh? Yong kerane puthul kabeh! Sing ana puterane kabeh! Tumon? Iki jelas dudu kebetulan alias ketepakan. Iki mula kembang semuja, mula diseja.
   Ambi takmir masjide nyeja diputhuli kabeh puterane, nyeja makene sing keneng ditutup utawa dipateni. Nyeja dilos.
   Ring sak uteran ambal-ambalane ana papan wisuhe sikil. Memei kening banyune, mili terus teka pojokane lor-kulon, ana peloncorane teka paralon, embuh pirang dim iku? Banyu sumber, aseli, diombeya keneng, ring kene mung terima enggo mbilasi sikil aju dibuwang ring kali.  
   Teruse maning mestine mili nyang sawah, utawa nyemplung nyang jurang lore lurung iku, pungkasane dadi siji ambi banyu teka sumber-sumber liyane, mili ngetanaken dadi kali gedhi.
   Hang sing paham bisa bain nganggep iki mubajir, 'pemborosan', dusa! Kerana nyiya-nyiya pawehane Pengeran. Ring endi-endi padha garing larang banyu, ring kene kari sing ana emane, sing ana regane.
   Using. Munggone ring kene magih ana warga hang butuh banyu mesthi bain diilekaken merana. Iki wis lebih-lebih. Banyu hang melebu ring masjid iku rekene sukur liwat aju nyemplung maning mengisor, ring kali hang mula wis ana sakat sedurunge ana masjid, sakat sedurunge ana menungsa.
   Nawi gelem, nawi butuh banyu, njaluka merene. Banyu belaka, jare wong kene.   
   Sunggane sing ulih, bangur dibuwang, iku buru dosa!