Laporane Siswanto
Dina Minggu (18/10) sore wong-wong ring sak ubengane dham Blambangan ring Dusun Mangunrejo, Desa Blambangan, Kecamatan Muncar, nyaksekaken teradhisi setaun sepisan nguras lan ngerijigi dham.
Akeh hang mudhun ring banyu aju rebutan nggolet iwak ring dham warisane Landa hang dibangun taun 1925 iku.
Dham hang kesuwur kelawan aran Dham Singir iku nduwe pungsi utama mbanyoni lemah kanggo tetanen ewonan hektar sawah ring Banyuwangi kidul.
Ngarepaken mangsa rendheng, petugas Koordinator Sumber Daya Air (Korsda) Srono, Dedik Junianto ngomong gok hang dilakoni iku nguras dham minangka bagiyan ajeg ngerumat lan masthekaken dham lan jaringan irigasine tetep bisa dienggo kelawan apik.
“Nguras dham iki uga kanggo nyiyapaken tekane wayah rendheng. Mula, engko tepak debit banyu gedhe, endhut utawa waled ring dhasarane banyu wis digelontor,” jare Dedik.
Ngerijigi endhut iki dadi babagan penting teka ngerumat dham makene iline banyu hing kebebeng endhut hang numpuk. Uga kanggo njaga lancare mbagi banyu tepak debit kali munggah ring wayah rendheng.
Werane lahan hang nggantungaken iline banyu teka Dham Singir nduduhaken sepira gedhine paedahe dham iku kanggo para wong tani sak ubengane. Ngerumat kelawan ajeg iki dibutuhaken supaya jaringan pengairan tetep bisa nyukupi kebutuhan tetanen, utamane kadhung ana uwahe mangsa.
Dedik ngomong gok debit banyu hang biyasahe sampek kira-kira 1.600 liter saben detik, saiki mudhun temenan sampek dadi mung kira-kira 115 liter saben detik.
Nguras kanggo ngerumat dham iku dijadwalaken suwine kira-kira seminggu. Sakdawane wayah iku dienggo para petugas ngerijigi endhut hang bisa ngadhang-adhangi iline banyu.
Kebutuhan banyu kanggo sawah-sawah nang Muncar lan Srono magih gemantung nang lancare jaringan irigasi hang dilayani dham iki.
Asate Dham Singir iki uga dirandhu wong-wong hang arep golet iwak banyu. Kelawan nggawa jala lan jaring, warga enom lan tuwek rebutan golet iwak hang kebebeng ring banyu hang cethek.
Petugas Pintu Air (PPA) Dham Blambangan, Puas Rohani, ngomong golet iwak tepak dham-e diasataken iki wis paceke dadi kegiyatane wong-wong ring kono.
“Saben jadwal nguras dham iki teka, warga teka endi-endi padha ngumpul enggo golet iwak."
Naming merga panas anter taun iki, asile iwak hang kecekel hing sepira akeh dibandhingaken taun sedurunge.
"Kadhung dibandhingaken ambi taun sore, saiki iwake lebih sithik merga taun sore magih ana udan tepak dham-e dikuras."