Garapane Naila Taqiyyah
Ring kulone kutha Banyuwangi ana desa arane Penataban. Jare anang adon aran iki ana gandhengane ambi legenda asal-usule kutha Banyuwangi.
Gedigi ceritane: Noring bumi Belambangan, ana kerajaan hang aran Sindureja. Dipimpin ambi Prabu Sulahkrama.
Prabu iki nduwe patih arane Raden Sidapeksa hang gagah perkasa sakti mandraguna. Sidapeksa nduwe rabi arane Dewi Sri Tanjung, hang ayu rupane.
Prabu Sulahkrama temakaken dhemen ambi Dewi Sri Tanjung. Supaya bisa ngerebut Dewi Sri Tanjung, Prabu Sulahkrama ngongkon Sidapeksa menyang golet tamba nang alas Purwa, alas gung lewang-lewung ring perengane gunung Raung hang adoh teka keraton.
Bangete Sidapeksa menyang, sang prabu ngerumrum Dewi Sri Tanjung makene gelem dadi selire. Taping Dewi Sri Tanjung hang setiya nang lakine hing umik keneng godhane sang prabu. Weruh Dewi Sri Tanjung sing gelem, Prabu Sulahkrama muntab lan ngerasa wirang.
Tepak Raden Sidapeksa balik nong keraton, Prabu Sulahkrama malik omongan, mitenah Sri Tanjung. Iyane ngomong gok Sri Tanjung wis wanen nggeredho Prabu Sulahkrama.
Rungu omongane Prabu Sulahkrama, Patih Sidapeksa ngamuk kerana dilarani atine. Merga percaya ring pitenah, Patih Sidapeksa mentala mateni rabine dhewek nang pinggire banyu parek Pendhapa.
Sakdurunge nyawane Dewi Sri Tanjung ilang teka raga, Dewi Sri Tanjung wekas: "Kang…kapan getihisun iki mambu bacin, tandhane Isun luput hing bisa njaga janji suci. Taping kapan banyune mambu wangi, iku tandhane Isun magih setiya lan suci Kang!"
Sakuwise Sri Tanjung dipateni lan dicemplungaken nang kali, sekala banyu kali mau mambu wangi. Kedadeyan iku hang dadi kawitan aran kutha Banyuwangi.
Weruh banyu kali mambu wangi, Patih Sidapeksa kelunjuk lan sadhar gok rabine mula magih suci. Getun, kelayung lan ngersula dadi siji. Sampek Patih Sidapeksa wirang seru lan kaya wong edan.
Ambi nangis kejer, Patih Sidapeksa mbelayu ngalor-ngidul sing karuwan, sampek iyane gadug ring siji panggonan. Merga sing kuwat nahan getune hang jeru, Patih Sidapeksa aju natab-natabaken endhase nang wit-witan ambi nong lemah.
“Apuwa Isun iki kari belog Dhik? Isun kari sing percaya nang Rika,” Patih Sidapeksa koyo wong edan, merga wis mateni wong wadon hang paling diwelasi.
Panggonan iku, hang dadi saksi Raden Sidapeksa natab-natabaken endhase pungkasane ambi masarakat desa diarani desa Penataban.
Cerita iku magih tetep lestari dadi aran Kelurahan Penataban jaman saikine.
Muga-muga cerita iki bisa nggarahi atinisun lan atinrika kabeh tetep ngengeti cerita budayane embah buyute ya dulur.
Nawi ana lupute omongan lan ceritanisun, isun njaluk sepura ya dulur.
Godhong keluwih, godhong sukun
Tuwek uwohe, wayahe mudhun
Semene bain nggih, omonganisun
Nawi ana salahe, sepuranen isun
Naila Taqiyyah, murid MI Darunnajah 2 Tukangkayu Banyuwangi