Terong akeh maceme lan akeh hasiate. Taping hing mung angger terong kang keneng dienggo jamu herbal, gedigu wekase sesepuh wong Using ring Kampung Dukuwan Talunjeruk, Desa Glagah, Kang Usik.
   Nyatane ya bener jare omonge mbah buyut jaman bengen. Kadhung jaman taun 70an terong iku jenise ana mung enem (6) ring Banyuwangi, embuh maning kadhung ring njabane kutha Banyuwangi.
Enem maceme yaiku:
• Terong Ngor gunane mung kanggo mupuh sapi lan jaran kang lara pilek silokarang. Lan kanggo tambane wong kemumulan kukune tangan lan sikil.
• Terong Pokak kanggo olah jangan, dicampur kelor kang diolah pupuwan utawa diolah jangan bening kanggo jamune wong kang tekanan darahe tinggi, ambi kanggo wong kang sering lara boyoke.
• Terong Putih ya mung dikukus layane sambel kecap utawa sambel pecel kanggo lalabane madhang.
• Terong Kelapa diarani gedigu merga uwohe bunder kaya uwohe kelapa, ya mung dienggo lalaban madhang.
• Terong Welut uwohe kulite biru gemilap ya mung dikulub disandhing sambel ranti utawa diolah ragi uyah asem goreng lan diolah santenan .
• Terong Gelatik iku uwohe sing kariya gedhi ya sing kariya dawa, akeh-akehe bungklek-bungklek. Dawane paling dawa mung sak deriji lan rupane biru kelawu. Kadhung disawang teka ring kadohan katone meh kaya wulune manuk Gelatik. Tapi saiki terong iki wis arang ana, kadhung terong putih saiki wis ilang, bibite kelebu langka. 

   Terong Gelatik lan Semanggi iku ring jaman embah buyut Dukuh Talunjeruk Desa Glagah bengen iku dikukus, serta wis mateng disambelaken Pecel. Ragine kemiri, lobok, uyah, terasi, sere, digerus alus, ditambahi gula abang. Sarta wis mari tandang olah-olah, anak putune diceluk diajak madhang bareng, ucape: “Ayuk padha madhanga makene sing duwe lara Bungkuk.”
    Dadi semanggi lan Terong gelatik iku paedahe kanggo nambah jat kapur. Mergane wong wadon iku saben ulan haid hang nggarai jat kapure suda, mulane akeh-akehe wong wadon kadhung wis umure mareki 60 tahun ya ana kang melaku mungkruk alias bungkuk.