Kelendi peraupane gandrung digelar dalu aju disentrong sunare lampu biru? Aran penganggo Gandrung teka omprok, kelat bahu, otho, ilat-ilat, oncer-oncer, sembongan, renggaan sampek tapih katon barak keneng sentrong lampu.
   Sore ring amphiteater Taman Mini Jakarta iku 20 penari Gandrung Sewu hang diboyong langsung teka tanah kelairan sithik akehe ngewani gambaran kelendi engkone Gandrung Sewu hang setemene arep digelar tanggal 24 ring pantai Boom jam 19.00.
   Jare Bupati Ipuk Fiestiandani Gandrung Sewu kaping 14 taun iki nggawa tema "Kembang Dermo". Yaiku salah siji adhegan lan gendhing ring upacara ritual Seblang.
   Sore iku setemene acara konperensi pers teka Injourney hang duwe konsep nggabungaken tari Gandrung ambi tata cahaya lan teknologi visual, lan uga nganggo drone. Cara anyar iki dikarepaken ngewani pengalaman hang beda tanpa ngilangaken ciri utama tari Gandrung minangka warisan budaya Banyuwangi.
   Jare Bu Ipuk teknologi iku mung nyokong naming sukmane tontonane tetep ana ring gerak, irama, ekspresi lan nilai budaya hang diwarisaken.
   Gelaran Gandrung Sewu 2026 dipiloni 1.300 penari kelebu 200 lare teka kutha liya kayata Jakarta, Palembang, Bali, Malang, Batu, Blitar, Kediri, lan Pasuruan
   Jare Bu Ipuk Gandrung Sewu hing sukur kelendi tari kolosal ditampilaken naming uga bagiyan hang mituhu ngeregani komitmen nang lare-lare.
   "Hang katut milu, nangis, hang hing katut uga nangis," jare Bu Ipuk. "Iki nduduhaken anak-anake kene wis mangkat nduwe welas nang budayane."
   Wong teka nang Banyuwangi hing mung merga kelenceran taping uga kepingin weruh budayane. Banyuwangi duwe gunung lan segara, Bali ya duwe pisan, dhaerah liya ya duwe, naming budaya hang otentik, deles mesthi beda ambi dhaerah liya ya mung ring Banyuwangi
   Menteri Pariwisata dhongkol Arif Yahya hang tau madeg dadi menteri Pariwisata 2014-2019 ngengetaken gok Banyuwangi wis dadi Kota Festival Terbaik taun 2018. Teka 99 acara hang digelar setaune, ana telung acara hang melebu agenda wisata nasional yaiku Gandrung Sewu, BEC lan Tour de Ijen.
    Jare Pak Arif setemene nggelar acara dalu-dalu iku bisa pisan dadi kelebihan. Iyane aju cerita ana acara wisata ring Guangzhou Cina hang mula dianakaken dalu.