Ruwatan bareng hang diperakarsai Paguyuban Kerawitan Joko Ismoyo kelaksan kelawan guyub, gangsar lan rumang ana ring Pelinggihan Prabu Tawang Alun, Dinas Kebudayaan lan Pariwisata Kabupaten Banyuwangi, Rebo (18/11/26). Ruwatan iki dipandegani dhalang Ki Gondo Riyono, asal Tapanrejo, Muncar.

Ketua Paguyuban, Mudjiono, ngucapaken rasa sukur merga niyat lan hajat hang wis direncanakaken suwene 4–5 taun iki pungkasane bisa kelakon. Iyane uga ngucap terima nyang kabeh kadang hang wis kanti lan ngelungaken bantuwan gelem tandang bareng mujudaken ruwatan bareng iki.

"Terima nyang Sekda lan Kepala Dinas Kebudayaan lan Pariwisata hang wis ndhukung nyang komunitas adat lan teradhisi Jawa, hususe hang uga didhukung suku Using lan Medura kelawan semangat Tan Hana Dharma Using!" ujare penabuh kendhang umur 80 taun hang seprene magih aktip ngelatih kerawitan.

Acara kawitan dibukak ambi pagelaran ibu-ibu Kerawitan PWRI, diterusaken sambutan (atur sekapur sirih) ring Ki Ronggo Sukoco. Seteruse, Bung Aguk Darsono ngewani laporan kadhung ana 17 keluwarga hang milu, kira-kira 45 peserta, ditambah instansi Disbudpar lan Komunitas Gotong Royong Empat Puluh Lima.

Plt. Kepala Dinas Kebudayaan lan Pariwisata, H. Hartono, M.Si., liwat Kabid Pemasaran Nafi Ferdian, MT., ngelungaken apresiasi nyang panitiya lan kabeh peserta hang wis mujudaken acara kanggo ngelestarekaken budaya adiluhung tinggalane para leluhur iki.

"Awak dhewek siyap tandang bareng ambi kabeh komunitas lan sanggar seni budaya supaya Banyuwangi saya arum!" ujare, ambi nyerahaken gunungan nyang dhalang minangka tandha kawitane prosesi ruwatan, hang diiringi 15 wiyaga lan 2 sindhen. Acara iki uga disiyaraken langsung liwat media sosial BTD Channel, mitra Disbudpar.

Hang teka ana ring acara iku antarane Ketua Dewan Kesenian Blambangan Hasan Basri, Komunitas Kiling Osing Aekanu Haryono, Kopat Wangi Sanusi Marhaedi hang uga makili Forum Pembauran Kebangsaan, Ketua Rumah Kebangsaan Hakim Said, Ketua Kolase Bahtiar Dahlan bareng garwane hang uga anggota PARFI Jatim, Hj. Soekanti, lan teka kalangan media pers Ahmad Masduki lan Affandi Maulana hang ngajak siswa ekstra jurnalistik SMK 6 Muhammadiyah Rogojampi.

Donga dipimpin ring Syech H. Ikhrom Hasan, asal Sumenep, hang uga aktif ring Rumah Kebangsaan. Iyane ngomong gok miturut kitab-kitab sampek jaman Sunan Kalijaga, teradhisi iki wis ana. Ring tengahe seduluran teradhisi iki nduweni maneka istilah, kayata ruwatan, ngelukat ring masyarakat Using, sampek rukiyah, hang nduweni ancas ngilangaken aura negatif.

Properti wayang disiyapaken ring Wijiono saka Srono. Dhalang aju nyeritakaken lakon Purwokolo kanggo nyingkiraken sengkala lan sukerta, minangka tolak balak, sampek adan kumandhang.

Sakuwise iku diterusaken perosesi siraman hang dipandegani pranatacara Adi Sugianto. Iyane ngomong maknane banyu teka sumber alam lan pilosopi ngerijigi awak lan batin. Banyu kanggo siraman iki disiyapaken ring Hj. Soeswati. Sakuwise kabeh peserta disirami ambi dhalang lan wong tuweke dhewek-dhewek, Ki Gondo Riyono aju ngeculaken sepasang manuk dara, minangka perlambang supaya kabeh alangan lan keruwetan bisa sirna.

Sakuwise perosesi motong rambut, dhalang nerusaken ceritane ambi ngewani piwulangan moral. Muga-muga kabeh perosesi iki bisa nggawa rasa tentrem lan kemakmuran nyang kabeh peserta ruwatan, panitiya lan kabeh warga Banyuwangi.

Asosiasi UMKM Segoro '45 uga milu partisipasi kelawan nyiyapaken kebutuhan bazar, kayata maneka macem kuliner, asesoris, pupuk organik, kembang lan sayuran hang dikemas nganggo bahan daur ulang, minangka asil pendhampingan Osoji saka Bintari.

Salah siji peserta, Heru Tyas Sumantri, hang uga ngajak anak loro-lorone, lanang lan wadon, ngakoni rumangsa lega sakuwise milu kabeh prosesi ruwatan iki.

"Terima nyang panitiya. Muga-muga Gusti Alloh SWT ngewani redha nyang niyat apik iki, digangsaraken rejekine lan diwani seger waras!" ujare mungkasi.

(Aguk Wahyu Nuryadi)