Garapane Kang Ujik

Sak mungkure Kang Amet, Saropik, Sunotok lan Wenadi Gudhig, Barnawi Belang hang sakat kumpul mau sing milu urun rembug, ditekani Tapak Kuncir lan Binik Botol. Barnawi diceluki belang merga tangane bengen tau ketublekan banyu gemulak. Tapak diceluki Tapak kuncir merga kuncir ring jithoke, dawa. Binik diceluki Binik Botol mergane sakat lancing tanggung dhemenane ngelumpukaken botol aju diedol ring Butol-Karong hang adate keliling melebu-metu kampung.

"Wangune, lare-lare hang gesah ring kene mau, arep urub-urub. Kadhung genine murub, hang diindel sing wurung ya Isun lan Rika,” jare Barnawi belang. Tapak Kuncir lan Binik Botol bathuke mengkered lan matane njelereng. Derijine ngukur-ngukur janggute. Barnawi ndhenguh aju ngetokaken sak bungkus udud. 

“Gedigi… Barnawi hang parek ambi kanca-kanca pengamanan, sampekena paran hang uwis dikuping mau. Isun lan Tapak terus ngetutaken jangkahe lare-lare mau,” abane Binik botol.

"Kadhung arep ngetutaken ya kudu weruh sapa lare-lare mau, ring endi umahe, kegiyatan saben dinane iku ning endi aju paran hang dilakoni ngenengi masalah gandrung terob. Dadi ya sing gampang nyerunthuli jangkahe uwong liya,” saute Tapak kuncir. 

Lare telu hang uwis padha pudhote iku kaya-kaya emeh bida karep. Binik Botol ngira, Tapak kuncir ana ring golongane lare-lare hang arep merangi anane omben-ombenan ring gandrungan. Paran hang disampekaken Tapak iku bener. Kerana paran hang dicurigakaken durung karuwan kedaden.

“Kuwatire nawi diwalik, Isun lan Rika durung duwe bukti-bukti hang kuwat kadhung lare-lare iku mau duwe niyat arep mberantas omben-ombenan hang mendemi ring gandrungan,” sambunge Tapak kuncir.

"Naming Isun mau kerungu dhewek. Jelas-jelas hang aran Sunotok lan liya-liyane iku mau arep nyegah anane ombenan hang mendemi ring gandrungan,” jare Barnawi Belang.

Gesah edheng mandheg sedhela merga ana Wak Nan, Wak Hasan Ali lan para Budayawan liyane padha metu teka pendhapa Kawedanan Banyuwangi. Ana uwoh pace hang uwis embuk ati cicir nebluki endhase Barnawi Belang. Binik Botol lan Tapak Kuncir njingkat ambi ngakak, sampek ngendheg jangkahe Wak Nan lan rombongane. Barnawi gancang-gancang melaku temungkul nggoleti cedhing ning burine pendhapa Kawedanan Banyuwangi. 

"Apuwa iku?” takone Wak Nan ambi meringis.

"Keteblukan pace, Wak!” semaure Binik Botol ambi gemuyu ketheng.

“Ye…!” abane Wak Nan lan liya-liyane ambi terus njangkah melebu montor. Sak mungkure montor ninggalaken latare pendhapa Kawedanan, Binik Botol lan Tapak Kuncir nerusaken gesah. 

“Ndhuh.. Sira paham yara, Barnawi iku kupinge sing pati kerungu. Tambah-tambah pahamane sing padha ambi uwong umum. Isun kancane sekolah ya kancane ngaji. Lare iku bebel. Salah tampaan, mempengan pisan!” jare Binik Botol.

“Masiya gedigu, Isun tetep percaya ning Barnawi Belang, Ndhuh. Jaga-jaga. Kelendi carane asil tambahan teka ombenan ring gandrungan iku sing ilang. Isun lan Barnawi kudu nemoni kanca-kanca petugas keamanan supaya bisa nyegah jangkahe lare enom-noman mau!’ tekad Tapak Kuncir. Binik Notol manthuk-manthuk ambi gemuyu suwing. 

"Kadhung iku kekarepanrika, Ndhuh? Ya paran jare Rika wis. Isun golet amane. Lan kelendi carane acara kencet-kencet mau ana ulihe. Kerana uwis emeh Asar Isun nak mulih sulung. Rawatan pitik wayahe makani,” jare Binik Botol ambi nganggo sandhal jepit lan ninggalaken Tapak Kuncir. Sak mungkure Binik Botol, Barnawi Belang teka. Rambute kepus, kelambine kebles. Tangane ngusap-usap lan ngiblas-ngiblasaken rambut endhase. Serta uwis parek aju takon :”Binik mau nyang endi, Ndhuh?”

“Wangune, Binik Botol ngajak adhep-adhepan ambi kene!” semaure Tapak Kuncir. Barnawi ndhangak lan mendelik nulih ning Tapak Kuncir.