Garapane Kang Ujik

Sak bubare gesah kencet-kencet si’ir Kembang Pepe, magih akeh uwong hang sing gelem mulih. Gerombal-gerombol gesah ngalor-ngidul. Saropik, Kang Amet, Sunotok, Wenadi Gudhig lan Barnawi Gendhut gesah ring ngingsore uwit pace bucu latar Pendhapa Kawedanan Banyuwangi.

 "Isun mau mula kepilu tangis. Sing kerasa, iluh nderedes, nalikane Wak Temuk nggendhing Kembang Pepe ambi misek-misek. Tambah-tambah mau mara-mara ana hang njerit anter. Wih..Kanca hang lungguh ring kiwa-tengenisun Sun lirik mbewek-mbewek. Ana uga hang mesesegen. Ceret bara wis…!” ceritane Sunotok. 

"Eh, entanggo Isun thok hang gedigu mau. Kek…delengen kek…lengen kelambinisun keblesan iluh…” saute Wenadi Gudhig. Masiya tah, serta uwis lancing tuwek sing gudhigen maning. Kanca-kancane tetep nyeluk Wenadi Gudhig. 

 "Mula, gendhing kadhung si’ire ngemu maksud hang jeru ngenengi masalah perjuwangan, kadhung nggendhinge nyuwara teka ati, ya gedigu iku mau…..tangisan…!” abane Kang Amet.

“Terus, rencanane kene iki paran lan kudu kelendi ngadhepi uwong-wong hang ngerosak kemurniane kesenian gandrung liwat dagang ombe-ombeyan hang mendemi? Apatah digeningaken bain? Kadhang-kadhang gandrunge iku dipeksa kongkon ngombe pisan masiya mung sak seloki. Hang gedigu iku ngerosak…!” jare Saropik nempali. 

Gesah ring ngisor uwit pace iku mandheg sedhela. Wangune kabeh padha mikir. Kadhung diomongi aja ana omben-ombenan ring gandrungan mesthi arep nemu masalah anyar.

"Hang jelas, mabuk ring panggonan gandrungan iku salah. Merga luput teka isine si’ir gendhing Kembang Pepe. Isun lan Rika kudu nganteni jangkahe pemerintah. Mau Pak Hasan Ali arep meksa Bupati ngirim surat ning Kapolres tembusan nyang kabeh Kapolsek. Surat ning Dandim tembusan ning kabeh DanRamil. Ning Camat tembusan ning Lurah lan Kadhes. Hang intine, kadhung ana warga njaluk surat idin kerameyan nanggap gandrung, bisa ngetokaken surat iku kelawan sarat rijig teka peraktek omben-ombenan lan mabuk-mabukan ring gandrungan. Kadhung surat iku jare uwis dikirimaken, naming gok magih ana perusahaan adol ombenan hang mendemi, titenana…nak Sun obrak-abrik!” abane Kang Amet. Liyane ngerungokaken ambi manthuk-manthuk.

"Isun sepakat ning karep Rika. Sing mung nyepakati, naming Isun uga ngerewangi paran hang Rika lakoni. Polahe selawase iki Isun lan kanca-kanca pemaju gandrung rumangsa diakal-akali. Candhakena!” abane Sunotok ambi mberabag. 

“Sak bubare teka kene iki, Isun lan Rika kabeh kudu kerep ketemuwan. Kawitan ketemuwan ring umahisun wis…ring Mojoroto kana!” jare Saropik. Lare enom-noman hang ring dhadhane magih murub wawa semangat iku padha-padha duwe niyat njaga aran apike gandrung.

“Sulung-sulung…Kadhung Kang Sunotok lan Kang Wenadi mula pemaju gandrung. Isun teka keluwarga umum. Lha…kadhung Kang Amet iki kelendi? Apake setengah kyai…Emake ya keceluk nyai…terus, milu nggerudug uwong mabuk ring gandrungan iku kelendi pasale dulur?” abane Saropik. Pitakonane Saropik iku sing disauri malah ditempali gemuyu bareng sak anter-antere. 

 "Isun dhewek ya ngerewangi mulang. Paran hang arep Isun lan Rika lakoni mula bagiyan teka tanggung-jawabisun. Skripsinisun ngenengi masalah kesenian gandrung dideleng teka perjuwangan rakyat lan ajaran agama. Dadi Isun aja sampek kalah ambi Simbah-Buyut bengen, berjuwang nganggo serana kesenian gandrung. Lha…kadhung kesenian gandrung sampek saiki iki dikothori omben-ombenan hang mendemi, aju sapa hang kudu berjuwang mbela kesenian gandrung? Sun niyati amar makrup nahi munkar…! Abane Kang Amet setengah da’wah. 

“Hang jelas, jangkahrika lan Isun engko iki kaya dene lare sut-jreng arep memengan pal-palan. Kadhung sing kalah ya menang. Gedigu sak walike. Hang jelas, ana hang mbela jangkahisun lan Rika, ana hang nyalahaken. Iku kudu diadhepi bareng-bareng!” jare Wenadi Gudhig.

Sak bubare gesah-gesah ring ngisor uwit pace bucu latar pendhapa Kawedanan Banyuwangi, Sunotok goncengan nganggo sepidhah udhud cithul kapuranta, Saropik lan Kang Amet goncengan nganggo sepidhah udhud lanang.