Kemah Cerpen iwuhe Balai Bahasa Provinsi Jawa Timur 2026, buru bain pungkas. Taping kanggone lalare peserta utamane hang SD, ana pengalaman ulihe sinau liwat Zoom hang sing bisa rantas. Liyane sinau nulis, temakaken peserta Kemah Cerpen hang rata-rata buru kawitan belajar liwat layar, magih kudu ngatasi atine hang kalis. 

Kadhung urusane layar tapi layare HP enggo memenganan game, ya terang lalare seru lanyahe. Cumpu, iki layare dienggo gesah jak akehan, gentenan. Gesahe ambi kudu mentelengi naskah cerpen. 

Rada isin-isin Jizzy Pearl Aulia teka SDN Kenjo hang magih kelas 4 ngomong, ambekana wis diuruki ngunekaken mikropon lan nguripaken kamera nong Zoom, tetep bain gayaren lan bingung wayah wis ngadhep layar. Tambah-tambah wayah diceluk panitia, bangete presensi kehadiran, Jizzy wis nyemauri taping jare panitia Balai Bahasa suwarane hing ana.  

"Keringetisun taker sak jagung-jagung oh. Laptop hing bisa anter, hing bisa salin layar mburitan (background) tepak dielih nong Papan Interaktif Digital (PID). Arane audio wis disambungaken nyang sound kathik bluetooth, taping mik magih sing makan. Mari-mari jelemeten isun. Mauka, wedi ketinggalan rombongan," sambatane Heni guru pendhampinge Jizzy wayah diwawancara reporter belambangan.com.

Heni uga ngakoni gok lare SD itungane magih cilik, durung kari wani, magih gemeridhig diejak gesah nganggo laptop. Hing cukup mung diguthit, taping kudu diabragi wayah narsum ngejak gesah. Mula jare Lev Vygotsky, psikolog Rusia, ana Zone of Proximal Development kang njelentrehaken gok kudu ana bantuan eksternal dalam proses belajar anak. 

"Polae isun dhewek ngunekaken mik bain kancilen, gelagepan kaya kepaling ambegan. Kang arep diomongaken ilang kabeh, nyaling lalare cilik iki..." abane Heni nutugaken omonge.  Kang nggarahi gupuh maning dhung internete lendhu, nggarahi tambah kuwatir, ati ciyut wedi ana wewarah kang keliwat, jare. 

"Emane bain mula cerpene Jizzy iku teka pengalamane dhewek. Temune larene ya bisa ngunekaken Macaan Lontare, ambekana luput-luput..." ucape Heni lega. Merga setemene komunikasi dua arah antarane narsum lan peserta nggarahi acara tambah urip dan murub. 

Jare teori kajiane Jean Piaget, akeh-akehe lare SD hang umure 7-12 taun, magih ana ring tahap operasional konkret. Anak lebih mudah membangun pemahaman nyata timbangane mung nampa penjelasan hang abstrak.

"Peserta ulih kesempatan macakaken karyane dhewek sakdurunge narsum mbetheti tulisan. Temenan, wayah lalare maca, padha nyadhari dhewek salah lupute tulisane," pungkase Heni katon girang wis puput ulihe miloni Kemah Cerpen 2026. 

Iki daptare lalare hang milu Kemah Cerpen 2026:

1. Fatma Faikhotul Z - SMP Islam Sunan Gunung Jati
2. Jesika Maulidiyah - SMPN 2 Glagah
3. Renata Nur Indah P - SMPN 2 Kalipuro
4. Sifa Zulianti - SMPN 1 Singojuruh
5. Aprilia Putri - SMPN 1 Rogojampi
6. Istmi Dwi F - SDN 1 Kabat
7. Jizzy Pearl Aulia - SDN Kenjo
8. Adiba Shakila Anindita - SDN 2 Gintangan
9. Maharany Wijaya Tunggadewi - SDN 1 Rogojampi
10. Karina Humaira Dzidni - SDN 3 Bangorejo