Garapane Kang Ujik

Mas Kakang Soeroso, Saropik lan Kang Amet njujug ring warung rujak soto Watu Buncul. Wangune Mas Kakang mula wis langganan marung ring panggonan iku. Lungguhe methingkrang ambi sedhat-sedhot udud keretek. Saropik lan Kang Amet katon magih sopan. Lungguhe ngati-ati lan sing pati ana omonge. Hang duwe warung uga hang ngelayani arane Mbok Sanadah katon uwis akrab ambi Mas Kakang.
“Aran Rika iku aneh. Adate celukan Mas ya Mas thok wis. Gok kathik ditambahi Kakang iku kelendi jalarane?” takone Mbok Sanadah ambi iris-iris gedhang keluthuk ring cuwek hang uwis dijangkepi ragi liyane kanggo rujak soto.
“Anakisun loro. Hang penggarep lanang, adhike wadon. Hang lanang arane Robik uwis ring SD, adhike arane Yuyun magih buru TK. Pantese bain, ring sekolahane diajari nyeluk mas ning dulur tuweke. Yuyun teka, Robik tepak nggawe bedhil-bedhilan teka gedebog gedhang. Si Yuyun celuk-celuk: Mas….Mas…Robik sing ngereken merga sabendinane adhike ya nyeluk kakang. Abane Yuyun ulihe celuk-celuk sampek nganter-nganteraken magih sing direken. Serta nyeluke digandheng: Mas…Kakang! Ha,ha,ha…. Robik nulih ning adhike. Lha…jalaran hang gedigu iku, Mas Kakng Sun enggo aran ring acara-acara radhiyo,” ceritane Mas Kakang.
“Kulanuwun….!” Abane Wak Hasnan Singodimayan teka ambi Wak Hasan Ali. Mari salam-salaman, Wak Hasnan langsung bain mbukak toples njuwut kerupuk perecet.
“Nan, sapa ngongkon?” poyoke Mas Kakang.
“Endane leren dikongkon. Warung iki yah. Dipadhakaken ring umahrika bain? Uwong merdhayoh emeh sedina pet, cucuke sing gelem ngomong, eh ayo roh Nan, badhogen suguhan ikau…Sing…wutuh…Isun sampek apus-apus pamit mulih. Eh, ya milu ngadeg ambi nyalami Isun yah. Wis…wis….!" Abane Wak Hasnan anter.
Wak Hasan Ali ngakak, Mas Kakang milu gemuyu ketheng. Kang Amet lan Saropik gemuyu suwing. Mbok Sanadah kepelayon memburi. Wangune kepiyuh-piyuh ngetakaken poyokan hang keliwat-liwat iku. Kadhung sing kanca kenthel, sing bisa guyon kari memel gedigu iku. Sedhela, Mbok Sanadah teka maning. Salin tapih. Lambene magih meringis aju nyandhak canthuk maning.
“Bisa bain Wak Nan iki kadhung ngomong!” jare Mbok Sanadah ambi ngiris lonthong diwadhahi piring.
“Masa gawe-gawe omong Isun iki, Dah…!” semaure Wak Hasnan.
“Aju aran Rika ana Singodimayane iku kelendi ceritane, Wak?” takone Mbok Sanadah.
“Isun bengen tau milu lomba nulis cerpen ning Radio BBC London. Cerpen hang Sun garap iku menang juwara telu. Ulih hadhiyah mesin ketik. Mung bain, hadhiyah iku ambi tukang pos dititipaken ring kantor lurah Singonegaran, merga uwong sak kelurahan nana hang weruh aran Hasnan Singodimayan. Hang jelas, panitiyane iku salah tulis. Aliye Isun nulis ning biodata peserta aran Hasnan di Singomayan. Ditulis Hasnan Singodimayan. Kerana apik, hang salah tulis iku dadi Sun enggo aran,” ceritane Wak Hasnan. Mbok Sanadah mara-mara ngagetaken gemuyu ketheng maning.
“Sira gok gemuyu ngina gedigu, Dah?” takone Wak Hasnan.
“Kadhung aranrika disebut ring radhiyo iku-Hasnan Singodimayan- Isun mbayangaken uwonge gedhi dhuwur ngalah-ngalahi Wak Hasan Ali. Serta weruh nyatane… ha,ha,ha!”
“Apuwa, Dah? Gering,wungkuk pisan…” sambunge Mas Kakang Soeroso. Mbok Sanadah saya ngakak.
“Wis mandheg sulung poyokane. Iki Isun mau ketekan dhayoh ring setudhiyo RKPD. Lare loro iki takon-takon masalah gandrung. Apuwa saben ana gandrung terob gok mesthi ana ombenan hang mendemi. Apatah mula kudu ana? Lha…Amet lan Saropik…Iki Pak Hasan Ali lan Pak Hasnan Singodimayan, Budayawan Banyuwangi husus masalah kesenian lan sastera Using. Kelendi Pak Hasan?” jare Mas Kakang Soeroso.
“Gedigi…Kabeh kalangan Budayawan, nana hang mbeneraken kebiyasahan hang kaya gedigu iku. Merga, kadhung ditelusuri sejarahe, jaman VOC bengen mula ana omben-ombenan Eropa. Uwong Landa iku bisa maju lan njuged kadhung ambi ngombe lan mabuk. Naming serta uwis mabuk buk ika, ambi para gerilyawan dieret nyang alas, ana hang dieret ring pesisir aju dipateni. Gedigu…Acake Nan jelasena ngenengi masalah puisi gendhinge!”Jare Wak Hasan Ali.
“Bener jare Pak Hasan Ali iku mau. Puisi gendhinge hang judhule Kembang Pepe. Gedigi: kembang pepe/merambat ring kayu arum/sang arum membat mayun/sang pepe ngajak lunga//Mbok Penganten kari dalu/ngenjot-ngenjot lakune/ kariya ngeluru lare/ lare bakal turokena ring perahu/turokena ring wana cindhe/lan Tumenggung hang nyekseni//
Gedigu puisi gendhine. Kadhung maknane dikenceti ring kene, sing cukup wektune”.
“Kelendi kadhung dianakaken gesah husus ngenengi masalah gendhing-gendhing gandrung lawas. Kabeh gandrung diundang, panjake gandrung diundang, seniman tari diundang, Paguyuban Pemaju gandrung diundang, kabeh Budayawan uga diundang. Panggonane ring studio 3 RKPD bain wis!” ajake Mas Kakang Soeroso.
“Bener…bener iku. Perkara anggarane Sun jalukaken ning Bupati. Rencanane kapan?” jare Wak Hasan Ali.
“Ya dimusawarahaken sulung. Kepasthiyane nganteni undangan resmi ya Met, Pik!” jare Mas Kakang Soeroso.
“Iki rujak sotone wis kari mangan!” jare Mbok Sanadah ambi ndeleh piring-piring rujak soto ring meja. Kabeh padha nyendhok ambi ana hang kepedhesen. 

(Ana terusabe)