Rombongan penari Gandrung Sewu Sumatera Selatan hang kapale kobongan sore (22/10) kecaruk ambi Bupati Ipuk Fiestiandani.
   Bu Ipuk ngeregani seru nyang perjuwangane lalare Ikawangi Sumatera Selatan lan ndonga muga-muga dadi motivasi kanggo mengarepe.
   Serta kapal hang ditunggangi teka Bakauheni, Lampung, KMP Batu Mandi, kobongan kelebu montor hiace carteran lan kabeh penganggone,  lare lima lan pengiringe 10 uwong, nerusaken lakune nunggang bis Rosalia jurusan Jember merga dibantu Wakil Ketua Ikawangi Pusat Pak Sujiono hang manggon ring Tangerang Raya, propinsi paling kulon ring Pulo Jawa. Rombongan nggadug Jember jam 11.30 wis dipapag ambi kendharaan hang disiyapaken Pemda Banyuwangi.
   Sedhilut marek nggadug Banyuwangi, aju soren-soren ditemoni bupati ring lounge Pemda Banyuwangi.
   Jare Ketua Ikawangi Sumatera Selatan Kang Suroso hang dadi pimpinan rombongan, kelawan simbolis Bupati Ipuk ngelungaken sampur lan kepet uga picis dienggo mbantu tuku kebutuhan penari hang milu kobong.
  Masiya hing ana trauma psikis, hang jelas ana 3-4 lare hang keseleo, jare Kang Suroso.
   Taun iki Ikawangi Sumatera Selatan ngirim wolung penari ring Gandrung Sewu. Ana lima penari hang milu rombongan ring kapal hang kobongan iku yaiku Elisabeth Fitri Dwi Lestari, Milda Cahyati, Valencia Rara Puri Ramadhani, Nadia Niken Setiawati, Sefita Apriliani.
   Dene telung penari liyane sulungan teka ning Banyuwangi yaiku Nona Claudia Hermanda, Novi Naila Putri, Chantika Bilqis Salsabila.
   Ikawangi Sumatera Selatan kelebu organisasi diaspora hang aktip ngirimaken penarine kanggo milu gelaran acara ring Banyuwangi.
   Milu Gandrung Sewu taun iki bain wis taun ketelu.
   Rombongan pengiring hang ngancani 8 penari iki ana lebih 30 wong.
   Gandrung Sewu hang arep digelar tanggal 24 Oktober kesuk kelebu hang kawitan dianakaken dalu, biyasahe soren-soren.