Dina pahlawan 10 Nopember 2026 sore kecathet minangka dina hang penting merga ana wong kelairan Banyuwangi, Raden Soerjadi Soerjadarma, hang kawitan nampa gelar Pahlawan Nasional.
    Sedurunge teka Banyuwangi ana telung aran hang tau diusulaken dadi pahlawan nasional yaiku Rempeg Jagapati, Wong Agung Wilis lan Sayu Wiwit, naming ditolak.
   Pak Suryadi iki lair 6 Desember 1912, ring Banyuwangi. Seperene iyane kesuwur kelawan aran Bapak AURI (Angkatan Udara Republik Indonesia) merga iyane dadi KSAU hang kawitan lan paling suwi madeg ring jabatane iku.
   Setemene, iyane iku keturunan Keraton Kanoman, Cirebon. Buyute, Pangeran Jakaria alias Aryabrata, iku turunan Sunan Gunung Jati. Embah anange, Pangeran Boi Suryadarma, iku dokter.
   Sakat cilik wis atim. Emake sampek umur tepak ngelairaken iyane. Aju bapake, R. Suryaka Suryadarma, pegawai bank ning Banyuwangi, mujur ngalor tepak iyane umur kira-kira 6 taun. Mangkane, iyane dipupu anange.
   Jaman penjajahan Landa bengen, lare peribumi hing ulih melebu sekolah. Naming Suryadi iki bisa sekolah merga iyane turunan bangsawan.
    Taun 1918, iyane melebu sekolahe lare-lare Landa lan anake bangsawan, ELS. Wolung taun sakuwise iyane lulus lan nerusaken HBS ring Bandung, aju pindhah nang KWS-III Jakarta, lulus 1931.
   Taun 1931-1934 melebu Akademi Militer Landa (KMA) ring Breda, Welanda. Iyane salah siji teka mung 40 wong bumiputera hang ketampa. Teka 40 iku, mung 21 hang lulus.
   Taun 1938, iyane lulus Sekolah Penerbang Kalijati. Tau ping pindho hing lulus tes merga kesehatan, buru melebu marek nyobak hang kaping telu. Tapi merga iyane wong peribumi, Landa hing gelem ngewani brevet pilot. Iyane mung dilatih dadi navigator/pengintai.

Jaman Perang
13 Februari 1942: Suryadi kesuwur merga wonge wanenan. Dadi navigator Letnan Penerbang Intai, nganggo pesawat pembom Glenn Martin B-10, iyane wanen ngebom armada Jepang ning Tarakan Kalimantan, hing kathik dikawal pesawat tempur. Merga wanene iku, iyane dianugerahi Bintang Salib Perunggu teka Landa.
   Tepak Landa nyerah nang Jepang, iyane melebu polisi Jepang ning Bandung, tapi tetep nulung gerakan nasionalis.

Ngedegaken AURI
Tanggal  1 September 1945:, iyane ditugasaken Presiden Soekarno nggawe angkatan udara. Iyane ngusulaken, Angkatan Udara Indonesia kudu ngadeg dhewek kaya RAF Inggris, dudu mung sukur bagiyane teka Angkatan Darat.
Liwat Penetapan Pemerintah No. 6/SD taun 1946, diedegaken TRI AU. Iyane diangkat dadi Kepala Staf TRI AU hang kawitan, pangkat Komodor Udara, manggon ring Yogyakarta. Wakile, Komodor Muda Agustinus Adisutjipto.
Sedawane taun 1945-1949, iyane ngedegaken Aeroclub, kanggo merujukaken minat dirgantara. Aju iyane mbukak pendidikan dasar penerbangan militer ning Maguwo, Maospati, lan Malang. Kelebu teknik radhiyo, operator radhiyio, penerbang, paratroops, pembekalan udara lan kode morse.
   Pak Suryadi itungane dadi wong kawitan kang sadhar pentinge pasukan payung, merga Indonesia iku isine ewonan pulo. Iyane uga hang ngawiti anane pasukan payung pertama Indonesia hang ring dina mburine dadi Pasukan Gerak Tjepat/Paskhas TNI AU.
   Aju iyane ngedegaken Sekolah Perwira Teknik Udara (SPTU) lan Sekolah Penerbang Lanjutan (SPL).
    Wareg ring donya militer, iyane nyurung merujuke penerbangan komersial. Iyane nyokong Nurtanio Pringgoadisuryo liwat LAPIP ring ngisore AURI. LAPIP iki aju dadi LIPNUR (1976), hang saiki dadi IPTN (1980) ring tangane B.J. Habibie. Iyane uga hang milu ngedegaken, malah dadi pilot kawitan Garuda Indonesia Airways (GIA).
  Pangkate munggah terus, Laksamana Muda Udara (1954), Laksamana Madya Udara (1958), Laksamana Udara (1959). Diangkat dadi Menteri/Kepala Staf AURI (1960).
   Tepak taun 1960, iku ana kedadeyan hang nggawe kedhuhung. Penerbang Lettu Daniel Maukar nembaki Istana Negara nganggo pesawat MiG-17F. Minangka atasane, Suryadi ngerasa iku tanggung jawabe, iyane njaluk mundur taping ditolak ambi Presiden Sukarno. Naming rong taun sakuwise iku, iyane dilereni dadi KSAU marek ana Operasi Mandala pembebasan Irian Barat lan Pertempuran Laut Aru hang dadi musabab sampek umure Komodor Yos Sudarso.
  Sakteruse, iyane dadi Penasihat Militer Presiden sampek 1965, Menteri Pos lan Telekomunikasi, diperbantukaken ring Menteri/ Panglima AU. Aju dadi Menteri Kebudayaan lan Pariwisata lan taun 1968 iyane pangsiyun.
   Tanggal 16 Agustus 1975, iyane sampek umur lan dipetek engkisuke tanggal 17 Agustus 1975 ring TPU Karet.