(Bagiyan 1 teka 2)

Kik Timbul hang kelairan Banyuwangi ring jaman penjajahan Jepang iki mula sing kesuwur kaya gandrung-gandrung lan pemaju-pemaju gandrung. Anane gandrung ana ring terob bisa kesuwur merga anane panjak gandrung.

Kaya dene gandrung Tatik, gandrung Temu, Gandrung Holipah, Gandrung Muda’iyah, Gandrung Dartik lan gandrung-gandrung liyane anane merga digawa panjake. Panjak gandrung teroban biyasahe ana lima yaiku keluncing, bahola, kendhang, kethuk lan gong. Naming anane pemain bahola mesthine dadi punjere anane gandrung iku dhewek. Ulih bain panjak liya durung ana ring terob, sukur ana tukang bahola katone panjak wis ana. Umpamane  tukang bahola durung ana, jejeran gandrung sing bakal bisa. Jejer gandrung hang dadi kawitan mangkate gandrung dadi sarat anane merga gasakan bahola hang nuntun gendhing. Keneng diarani gandrung sing bisa mangkat njuged kadhung durung ana pemain baholane.

Mula sing dimohali jugetan gandrung merga miloni keplak kendhang lan tibane gong, naming keplak kendhang sing bisa melaku kadhung durung ana ulu-ulune gendhing hang digawa gasakan bahola.

Bahola utawa biul utawa biola utawa maning violin saktemene asal-muasale teka Eropa. Wong Itali hang ngawiti bahola iki dadi instrument music modern. Sakteruse bahola aju digawa nyang Asia Timur sakteruse India lan Timur Tengah. Anane bahola nong Banyuwangi mesthine dikenalaken ambi bangsa Landa hang njajah Indonesia ring tahun 1600-an. Naming ana uga hang nyatakaken kadhung bahola wis digawa nyang Aceh ring abad ke-7 bareng ambi melebune Islam nyang Nusantara.

Hang aran tukang bahola ana ring gandrung padha ambi panjak-panjak liyane manggon ana ring mburi. Hang ana ring ngarep mesthine penabuhe utawa tukang kudang keluncing utawa pengudang. Dene panjak utawa penabuh gandrung ring Banyuwangi selawase manggon ana ring mburitan. Mesthi bain tukang bahola sing bisa kesuwur kaya tukang keluncing utawa pengudang. Arane bain panjak embuh iku tukang bahola, tukang kendhang, tukang kempul tukang gong, pokoke manggon ring mburi lan ana ring ngingsor. Mung gandrunge lan keluncing bain hang manggon ana ring ngarep lan ulih ngadeg, sakliyane iku ya sing ulih. Sing salah hang bisa kesuwur ya mung gandrung lan pengudang.

(Ana terusane nong bag. 2)