Ottolander lan Banyuwangi (bagiyan 5)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 31 Juli 2026 06:10 WIB)
- Tokoh
Sengketa Tanah Adat
Tepak taun 1870, pemerintah kolonial ngetoaken Hukum Agraria (Agrarische Wet) hang netepaken kalangan swasta Landa bisa nyewa lemah kanggo usaha, utamane perkebunan, suwine 75 taun.
Ottolander hang nganggep iku dadi kesempatan, nyewa ring Tamansari kanggo nandur kina (obate penyakit malaria hang jaman semono tambane mung sarine wit kina) lan kopi. Ring dina mburi-burian iyane uga nandur pari. Malah mari 49 taun iyane urip nong Hindia-Landa sing tau mulih nong tanah kelairane, taun 1927 ngoberaken mulih. Tujuwane salah sijine arep sinau nandur pari nang Mesir.
Pemerintah Landa jaman semono ya duwe aturan kadhung ana tanah kosong (Woeste Grond) yaiku tanah hang arupa alas utawa diperujuki gombol lan sing ana sertipikate bisa disewakaken nang wong hang arep usaha.
Aturan iki hang nggawe sengketa. Merga wong Using nganggep masiya kebonan kadhang ditanduri kadhang digeningaken, watese mung wit-witan, hang wis diwarisaken turun temurun duwe setatus tanah adat.
Dadi tepak Tamansari dibukak mari disewa, akeh uga konsesi, "tanah kosong" anggepane Landa. Setemene iku kebonan palawija ane warga Using ring Kabat, Glagah, Licin.
Tanah hang dadi rebutan werane 40 bau hang ditanduri jagung, melebu ring njero pagere perkebunan, kaya hang ditulis ring koran
Nieuws van den Dag tanggal 22-06-1905. Warga njaluk ganti rugi.
Kasuse digawa nyang pengadilan (Landraad) hang mutusaken kebun Tamansari kudu ngewani ganti rugi 300 gulden.
Iki nduduhaken jaman semono, Ottolander magih gelem negosiasi miloni hukum kolonial lan masarakat Using wis netepi ajar nganggo hukum lan pengadilan kanggo ngelawan.
Kanggo bandhingan sepira akehe 300 gulden kanggo 40 bau (28 hektar) iku bisa diitung gedigi:
1 gulden taun 1905 ≈ Rp 500ewu nganggo ukuran picis saiki. Dadi 300 gulden ≈ Rp 150 juta.
Gaji asisten wedana: 25 gulden/ulan
Gaji mandhor kebun: 15-20 gulden/ulan
Rega beras: 0,08 gulden/kg
Dadi 300 gulden = gaji 12 ulan asisten wedana utawa bisa tuku 3,750 ton beras.
Kadhung UMR Banyuwangi 2026: Rp 2,7 juta x 12 = Rp 32,4 juta.
Picis hing sithik taping kabeh pihak bisa nerina.
(Ana terusane kiprahe nong budaya lan gandrung)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : delpher.nl
Editor: Hani Z. Noor