Gena hing mung 'gerudugan wayah kawitan, mungsred nong tengah dalan', lan kanggone mengeti Dina Pahlawan, ana Kopdar WikiPerempuan Minggu, 8 Nopember 2026 hang serentak nong Muara Enim (Z Cafe), Bangkalan (Deijo Florist n Coffee), uga Banyuwangi hang manggon ning Tamulang Co-Working.

Jak lima ring Banyuwangi yaiku Yeti Chotimah, Nany Asiany, Nur Holipah, Ika Herta, lan Nur Kamila hang miloni. Ana lima teka Muara Enim, lan lima teka Bangkalan. Paran kang digeluthek wong jak limolas iki? Menyunting lan nerjemahaken artikel tokoh Pahlawan Wadon kang wis ditentokaken nyang Basa Dhaerahe. Saben uwong nggarap rong artikel kang ulihe sak sing-singe kudu 3.000 bita. 

Masiya hing sak pantaran, jak lima tanek gesah-gesahan sakat jam sanga sampek emeh Asar, alihe kawitan semayanan diwatesi sampek jam sewelasan. Ya gedigu mula kadhung wis sak tujuwan. 

Enggo paran sih setemene? Ibarate gedigi, Kadhung bayi lair kurang umur (durung sangang ulan) paceke bayine melebu inkubator. Pekakas kaya kurungan kang husus dienggo ngeremi bayi maeka. 

Basa Using lan Basa Musi (Muara Enim) padha-padha durung lair nong Wikipedia. Ale, Basa Using nong Wikipedia setemene wis ulih kode internasiyonal yaiku (OSI) lan wis ana ring inkubator sakat 2018. Kari diebeki artikele nong jerone. Kadhung diijir, ya seperene temune wis 8 taunan. Bengen kawitan Sengker Kuwung Belambangan (SKB) hang megawe bareng ambi Wikimedia Indonesia lan Telkom, wis tau nganakaken WikiLatih Using Sabtu, 8 Desember 2018 ning aula Telkom Banyuwangi.

Setemene kelendi sih gena Basa Using lair temenan nong Wikipedia? Jare Ulum Arifah, wayah nguweni ajar tepak pelatihan WikiUsing ring SMPN 3 Rogojampi, 8--9 September 2026 sabane, ngomong gok WikiUsing bisa lair kadhung 3 ulan jampleng akehe hang nyunting/nulis artikel anyar 15 uwong/pengguna aktif. 

Kadhung kepingin weruh paran bain teka Basa Using hang wis melebu inkubator, bisa ngintep merene: 
incubator.wikimedia.org/wiki/Wp/osi/Ceracaban

Kadhung arep weruh wong pira hang aktip menyunting, ndelenge merene: https://catanalysis.toolforge.org/?cat=0&title=Wp/osi&wiki=incubatorwiki

Kaya hang wis diberitakaken sakdurunge, gok Wikimedia (utawa Yayasan Wikimedia) iku organisasi nirlaba internasional kang mandhegani proyek-proyek pengetahuan bebas ring internet, kelebu Wikipedia.

Bedane Wikimedia ambi Wikipedia, Wikipedia iku salah siji proyek utawa situs ensiklopedia daring kang bisa disunting sapa bain. Dene Wikimedia (Yayasan Wikimedia) yaiku organisasi induk/payung kang cawis inprastruktur, server lan sokongan bandha kanggo Wikipedia uga proyek-proyek liyane.
Proyek-Proyek Utama Wikimedia yaiku antarane:
1. Wikipedia: Ensiklopedia daring multibahasa.
2. Wikimedia Commons: Repositori media gratis rupa gambar, audio, dan video.
3. Wikidata: Basis data terstruktur terbuka.
4. Wikikamus (Wiktionary): Kamus kan tesaurus multibahasa.
5. Wikibuku (Wikibooks): Buku teks lan materi pembelajaran gratis.
6  Wikisource: Perpustakaan dokumen lan naskah sumber bebas.

Rika, hang kepingin milu urun mbecikaken utawa nambahi, bisa ndaptar sulung (gawe akun). Geratis sing kathik mbayar. Yong internet lan HP ring gegeman tangan. Mayo wis, bareng-bareng ngerumati Basa Using!