Rika tau rungu ngenani nyelengi emas? Kadhung rika nduwe simpenan arupa picis, iku bisa dipangan ambi inflasi (regane barang munggah terus), naming kadhung rika nyelengi emas, iku kaya dene rika nggawe “benteng” kang bisa njaga regane asset sakdawane lakon. Jarene wong-wong ahli investasi gedigu. Masiya tah wis, saiki regane emas kaya lare kang ceburan nong banyu. Merongsod, naming ya mbisuke bakale munggah maning regane.

Apuwa sih kudu nyelengi emas? ana pirangane sebab kang bisa rika dadekaken alesan, ring antarane yaiku :

Emas iku regane setabil lan tahan inplasi

“Wong kang waspada iku nyelrngi emas dudu kanggo sugih cepet, tapi makene sing melarat edheng-edhengan”. Gedigu ucape kancanisun kang saiki dadi ahli inpestasi.

Jajal angen-angenen, rika saiki urip ring taun rong ewu sepuluh, terus rika mara-mara nyekel picis sepuluh juta. Kelawan picis iku mau, rika bisa tuku sepidhah montor anyar. Tapi kadhung rika simpen picise, terus buru diludhang taun iki, kira-kira ulih sepidhah montor anyar? paling ya sepidhah montor bekas utawa kang murah ya sepidhah listrik. Yara?

Naming, beda maning kadhung picis sepuluh juta mau rika enggo tuku emas. Emas batangan/lantakan, aja mas-masan ring tukuk. Kadhung nurut regane emas kala iku, taun 2010 rika bisa ulih 33 gram, kerana regane magih murah yaiku telung atus ewu sak grame. Saiki tahun 2026, masiya regane emas magih mudhun (tepak nulis iki regane sak grame antarane rong juta petangatus sampek rong juta setengah (2.400.000 – 2.500.000). Picis sepuluh juta mauka wis dadi Rp.82.500.000.

Likuid cara usinge gampang dipicisaken

Kadhung rika nyelengi emas, nawi sak wayah-wayah butuh, gampang diedol. Rika gawa ring gedhen (pegadaian) bisa, ring tukuk emas ya bisa, paran maning saiki bisa ning media sosial. Tapi enake, emas iki sing kaya picis ring rekening, kang gampang entek nalikane rika keneng gudhane diskon ring tukuk oren utawane tiktok.

Regane emas iku diakui sak donya

Tau rungu berita “nilai tukar rupiah turun"? Mula picis iku regane munggah mudhun. Naming, kadhung rika nduweni emas, wong sak donya magih gelem nampa. Amit-amit, nawi mara-mara kedadeyan kerisis temenan teka, kaya kang wis diberitakaken ring tipi-tipi. Emasrika tetep payu lan regane ya wis munggah. Mulane, jare wong-wong kang ahli inpestasi, emas iku safe haven asset, utawa alat kang aman kanggo njaga donyanrika.

Sing ana susude lan ngerawate gampang

Emas iku beda, sing kaya montor, sing kaya tanah, umah kang kudu ana bandha kanggo nyimpen lan ngerawat. Tanah makene rijig ya kudu dirijigi saben wektu. Semono uga kadhung rika duwe sepidhah montor tah wis, leren ngganti oli, ngganti ban, terus saya suwi regane ya saya mudhun. Kadhung emas kewalikane.

Tukune bisa dicicil

Jaman saiki arep nyelengi emas, sing perlu picis akeh. Paran maning saiki akeh modhel-modhel tabungan emas hang gampang lan bisa dicicil. Naming, ya gedigu, kudu ati-ati, aja sampek kapusan. Kanggo nyelengi emas, saiki ana tabungan digital bisa nyelengi ring kantor pegadaian, BSI, lan liyane, nyelengi mung satus ewu ya ulih. Utawa, kadhung kepingin emas kang ana wujude, tukuwa kang cilik-cilikan bain, kang setengah gram ya ana.

Naming, ning donya iki paran sih kang sing ana alane? Nyelengi emas ya ana risikone. Dadi kudu tetep teliti, ati-ati. Aja gampang kepilu ambi janji-janji asil gedhi lan sak det sak nyet. Mergane iku jelas ngapusi. Rika tau mangan mie instan ra? iku bain kudu digodhog sulung. Endane tah inpesrasi bisa mara-mara sugih? yara sing kira.

Pungkasane isun mung bisa pesen. "Wong penter nyelengi emas, dudu kerana kepingin sugih sak det sak nyet, naming merga sing kepingin melarat edheng-edhengan kerana inpelasi”.