Tulisane Kang Usik, Dukuh Talunjeruk, Glagah
Gedhang saba sing mung kanggo dikonsumsi kapan digawe kuliner kayata gedhang goreng, dikulub utawa diperecet. Nyatane odode bisa kanggo ngatasi nawi ana dulur-dulur kang keneng penyakit mata. Sasate saben macem lara mata bisa, kayata:
• Katarak
• Rabun
• Terahum jarak dekat utawa jarak Jauh.
Uga sing pandhang iku umure dulur-dulur enom lan tuwek. Utawa lare kang dibawah umur kerana keseringen memengan HP. Iku atasana utawa rambangen ambi godhogan/kuluban odode gedhang saba lan godhong suruh bain wakne balik jalan mula maning.
Resepe: Ngameta odode gedhang saba akehe lima lan godhong suruh ya limang lembar. Terus diumbah rijig serta wis mari dicuci rijig terus godhogen bareng banyune akehe telung gelas. Lan ati-ati alate kang dienggo nggodhog aja sampik mari dienggo olah jangan nawi magih jangget rasane ragine wakne sing ngganggu matane. Serta godhogan herbal mau banyune wis gemulak wolak-walik entenana sampik nyusut banyune. Kira-kira banyu telung gelas kari wis sak gelas setengah buru edhemena serta wis adhem saringen nganggo kain kang rijig. Lan banyu asile iku wis bisa dienggo obat tetes mata, lakonana netesi mata sedina ping telu. Isuk tangi turu sakdurunge raup/adus, tengah dina, terus arepe mapan turu. Pasti rika dulur antara seminggu bain wis bisa jalan mula maning.
Muga-muga rika kang lara matane bisa dadi ring warase sangking kuwasane Allah SWT