Bekamal iku salah siji aran panganan has wong Using hang saya suwi saya emeh ilang. Embuh apuwa ale rasane enak, kenyil-kenyil.
   Digawe teka ati sapi aju ana pisan hang buri-burian olah teka galihe mungsing. Ati sapi iku marek dirijigi, difermentasi nganggo uyah lan bawang putih, utawa ana uga hang nganggo laos. Suwine telung dina sampek limang dina diukeb, biyasahe dilebokaken toples, ditutup rapet sampek dirasa mateng. Cirine wernane wis uwah.
   Kadhung wis dadi, aju diirisi lan diolah nganggo ragi liyane utawa dilebokaken nyang olahan jangan liyane.
   Kelendi asal-usule Bekamal? Jare hang duwe riwayat, kaya hang diceritakaken mbok Lita Asykari wong asal Bomo Rogojampi, jaman bengen kadhung Idhul Adha akeh daging, ati lan liya-iyane.
   Ceritane embah adone, wong-wong iku mesthi ngolah daginge sulung, aju kelendi makene awet hang aran ati iku mau?
   Akale wong bengen ati mau diawetaken kelawan cara "difermentasi" ambi bawang putih (utawa parutan laos mau) lan uyah 3-5 dina.
Bawang putih kelebu antibakteri (embuh diwarahi sapa wong bengen kok bisa weruh). Uyah minangka pengawet.
   Serta diolah, hang olah ambi ngomong, "Bek amal wong hang nguweni. Wis entek lebarane magih bisa mangan enak", gedigu jare adone mbok Lita. Suwi-suwi, aran olahan ati iki mau kesuwur kelawan aran Bekamal.
   Ceritane Mbok Ratih, mantune ruwahe budayawan Pak Hasan Ali, ibuke kerep nggawe bekamal kelawan cara diungkeb nganggo uyah lan parutan laos.
   Carane olah bisa digawe sambel goreng utawa bisa diirisi cilik-cilik aju digangsa lan diendohi serutan jagung enom.
   Ati sapi hang maune ambune amis hing enak, bisa ilang serta wis dadi bekamal. Kadhung diuled nang sega anget, mula ukurane bisa ngentekaken sega. Kenyil-kenyil hing ana pecake mambu ati kaya hing nduduhaken gok iku ati sapi.
   Hebat seru wis pokoke wong bengen hang nemokaken cara ngolah bekamal iki. Gancang olaha. Jare saiki ana wong hang dodol bekamal mentak ring Kemiren, ceritane mbok Heni Kurniawati.