Tepak mengeti 50 taun Indonesia merdheka taun 1995, para walikota ring Jakarta (Pusat, Utara, Barat, Selatan lan Timur), lungguh ring kerosi sakperlu potrek bareng ring lapangan Monas.
Ring kono teka kiwa ana Pak (Kol AD) Abdul Kahfi (wong asal Karangtipis Banyuwangi, Walikota Jakarta Pusat), Pak Parjoko (Walikota Jakarta Selatan), Pak Sutarjianto (wong asal Keradenan Banyuwangi, Walikota Jakarta Barat), Pak (Kol Mar) Suprawito (Walikota Jakarta Utara) lan hing katon ring poto iku Pak (Kol AD) Darsono (Walikota Jakarta Timur).
"Angkatan walikota HUT RI Ke 50 ring MONAS. Papat wis nang suwarga kari isun magih ning donya. Hang pungkasan Pak Prawito Jakarta Utara," jare Pak Tarji.
Iyane buru marek ngelayat kanca walikota sak angkatan iku hang sampek umur dina Sabtu 21 Nopember lan buru dipetek dina Minggu engkisuke. Hang ngewani selabar yaiku Laksma Guruh Dwi Yudhanto, anake ruwahe Pak Suprawito hang nomer telu.
Poto iku kanggone sapa bain wong Banyuwangi, mesthi nggarai mongkog. Endi ana maning, wong loro, kanca sak bangku SMA Banyuwangi angkatan kepisan, bisa bareng wektune dadi walikota ring ibukota.
Kadhung diemataken maning walikota Jakarta Pusat, Utara lan Timur kabeh duwe pangkat tentara. Merga jaman semono, jamane Pak Presiden Suharto para gubernur, bupati lan walikota dijuwut teka tentara, hang diarani program "dwi fungsi."
Kayane mengarep iki hing kira ana maning sejarah lare SMA Banyuwangi hang tau lungguh sak bangku madeg bareng wektune dadi walikota ring Jakarta.
Pak Abdul Kahfi lan Pak Sutarjianto iki sekolah ring SMA Banyuwangi taun 1959-1962. Karo-karone hing nyangka bisa kecaruk maning padha-padha dadi walikota taun 1993-1997. Pak Kahfi teka jalur militer lan Pak Tarji teka jalur sipil. Marek iku, Pak Kahfi munggah maning dadi wakil gubernur lan Pak Tarji dadi Kepala Inspektorat DKI.
Kanggone wong Banyuwangi, Pak Tarji iki uga sesepuh sebab iyane salah siji hang ngedegaken organisasine wong asal Banyuwangi ring Jakarta. Yaiku Pewangi Jaya hang dadi cikal bakale organisasi Ikawangi seperene.
"Pendongane (Isun) dawa umur lan sehat ya Lik," jare Pak Tarji. Amin.