Garapane Kang Ujik

Sakat mari ngerungokaken kencet-kencetane Wak Nan ngenengi masalah si’ir gendhing Kembang Pepe, para hadir mecah dadi telu. Hang rumangsa ngeman anane kesenian gandrung, duwe niyat mberantas anane omben-ombenan ring gandrungan. Hang ngeman ring masalah pacilan, sing mikiraken anane gandrung taping ngenengi masalah picis. Hang nomer telu golongane hang “embuh paran jare”.

Barnawi gendhut hang kulite belang-belang iku kelebu uwong “eluk-eluk lumbu”. Pokok ana hang nguweni picis, hang nguweni iku dianggep uwong apik, dielem-elem ring ngarepe uwong akeh. Lamuna magih ana penjajah ring negara iki, nawi bain ya milu baris ring mburine Landa utawa Cepang. Kupinge sing pati dhenger. Ana uwong ngomong edheng bisa-bisa salah keperungon, kadhung ana kanca ngomong anter jare ngamuk-ngamuk. Taping masiya gedigu, Tapak kuncir percaya sewu persen ning Barnawi belang. Mula, uwong loro iku sing aju mulih nyang umahe dhewek-dhewek. Taping sanja ning umahe Pak Pri hang saben ana gandrungan mesthi dadi petugas penjamin keamanan. Masiya tah wis hang ditunggangi sepidhah udhud cithul. Kerana Pak Pri sing ana ring umah, Barnawi belang lan Tapak kuncir nerusaken sanja nyang umahe Pak Bun dhoreng. Nalika iku Pak Bun dhoreng ngepasi tata-tata taman ring latar umahe hang ana ring pinggiran kalen. Kerana ana dhayoh kanca ring gandrungan, Pak Bun dhoreng mandheg tata-tata aju nemoni dhayohe iku mau.

“Ning… Ning…ana dhayoh…!” abane Pak Bun doreng ambi rada melung, kerana rabine magih ana ring pawon. “Iya, Kang…!” semaure Ningrum, rabine. 

"Ana dhayoh loro…!” 

"Kopi tah teh, Kang?” sambunge Ningrum magih teka pawon.

“Kopi tah teh Ndhuh?” takone Pak Bun dhoreng edheng. 

"Teh bain, Pak!” semaure Tapak kuncir. Barnawi belang manthuk-manthuk.

"Teh, Ning!” melung Pak Bun dhoreng. “Kari sampek kemeringet, ana kabar paran?” sambung Pak Bun dhoreng. Tapak kuncir ngelirik Barnawi belang hang kurek-kurek kuping nganggo jenthikane.

"Gedigi, Pak. Isun mau iki milu nekani acara gesah kencet-kencet si’ir gendhing hang digawa gandrung utamane gendhing Kembang Pepe. Lha…ring gesah iku, paran hang Isun lan Rika lakoni ring gandrungan iku salah,” ceritane Tapak kuncir.

"Maksude?” takon Pak Bun dhoreng. Barnawi belang magih kurek-kurek kupinge.

"Anane ombenan hang mendemi ring gandrungan iku arep ana hang mberantas. Kadhung kabar iku bener, cothekanisun lan Rika bakale ilang, Pak!” jare Tapak kuncir.

"Ilang, ilang kelendi iku maksude. Sapa hang arep ngilangi? Pistul iki wis suwi sing muni,” abane Pak Bun dhoreng ambi ndudut pistule teka sengkelitane. 

"Kira-kira paran hang kudu Sun lakoni, Pak?” takone Tapak kuncir. Barnawi belang magih anteng, kaya sing kerungu gesahe Pak Bun dhoreng ambi Tapak kuncir. Ningrum njumbul ring lawang umahe ambi nggawa telung gelas teh nganggo baki. Uwong telu iku gesah ngelesod ring teras. 

"Sepurane kadhung kurang manis. Sing Sun tiliki kono mau,” jare Ningrum ambi ngedhunaken gelas ning ngarepe lakine hang gesah ambi dhayohe. Mari ndeleh aju gancang melebu maning. 

“Dianteni bain sulung. Aparah kabar iku mbisuke mula kedaden? Kadhung iya, Isun nak nambah kanca kanggo mageri cothekan iku,” jare Pak Bun dhoreng. Tapak kuncir meringis ambi nyandhak lumur aju nguyub teh hang uwis anget-anget kuku iku. Barnawi belang milu nguyub. Taping, mari ngomong arep nambah kanca hang tugas ring gandrungan, Pak Bun dhoreng katon rada kepikiran. Kulit bathuke mengkeret, matane nyawang uwoh poh hang gondhal-gandhul disaput-saput angin. Iyane katon kaya ngadeg ring tengah dalan perapatan. Merga, paran hang dilakoni ring gandrungan selawase iki ngenengi masalah ombenan hang mendemi iku kelebu salah. Naming iku cothekan kanggo nyukupi penguripan keluwargane. Ulanane uwis minus dipotong bank. Dadi uripe mula kudu dadi dhekeng-dhekeng. Masiya dirasa salah. Ndhekengi uwong main bingo, ndhekengi uwong adu pitik lan ndhekengi warung hang uga njajakaken “kelemben daging”. Tapak kuncir lan Barnawi belang lirik-lirikan.