Jeruk Mungsing

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 13 September 2025 03:31 WIB)
- Kuliner



Jeruk Mungsing
Ditulis ring Iskak Basuki


"Desa mawa cara", jare wong kuna gedigu. Artine, saben desa duwe adat beda-beda, masiya tah parek-parekan. Sak sing-singe lugot omonge dhewek-dhewekan, kaya dene antarane Boyolangu ambi Penataban.
   Paran maning ngomongaken bab panganan. Wong Boyolangu nduwe pirangane panganan has hang sing ana ring desa endi bain, hang parek paran maning hang adoh. Contone: Rosokan. Ambek-ambekaneya akeh wargane hang urip golet rejeki teka usaha rosokan, salah siji resep jangane diarani rosokan pisan. Ketang bahane mula teka 'rosokane' pitik, teka belung-belungane.
   Hang nganeh-anehi maning yaiku...Jeruk Mungsing.
   Diarani Jeruk Mungsing merga bahan utamane iwak mungsing (kulite mungsing, rupane kaya kikile sapi utawa wedhus, rasane ya kenyil-kenyil gurih) ambi godhonge jeruk hang nggawe rasa lan aromane sedhep binti seger.
   Ragi alias bumbune sukur bawang abang, bawang putih, laos, merica digangsa. Aja lali lobok litike hang wakeh, mangane ambi dikelethusi. Mbeg, ditanggung huhah-huhah kebengoren! Keneng jeruk mungsing, lambe sakkal moncong, lincip dawa persis congore mungsing!
   Hang rada umum naming saya ilang ring masarakat Using olahan hang nganggo galihe mungsing arane bekamal.
    Bekamal iku, bisa pisan teka ati sapi, aju carane diparuti laos sulung, ambi dicampuri uyah, dilebokaken toples beling ditutup rapet sampek telung dina. Ambune has. Serta wernane uwah, buru diiris-iris tipis dirageni bawang putih, bawang abang ambi godhong bawang, diirisi jagung aju digangsa. Windhul seru.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor