Martabak Enak hang Kesuwur ring Rogojampi
Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 02 September 2023 08:17 WIB)
- Kuliner
Kadhung rika tepak lirih-lirih utawa mula hang umahe tepak nong dhaerah Rogojampi, keneng-kenenga niliki martabak hang paling kesuwur nong dhaerah Rogojampi. Ihun hang emeh saben dina liwat nong ngarepe warunge angger weruh wakeh hang tuku. Aju wakeh hang antri uga marung nong panggonane.
Lokasine parek ambi Tk Khodijah 157 Rogojampi. Kadhung rika teka lurung gedhi Pasar Rogojampi, dalan arep nong SMA 1 Rogojampi, rika bakale kecaruk ambi warung cilik hang mesthi akeh uwong hang padha tuku martabake. Lokasi parkir ya angger diandoh nong parek warunge, hang mula magih hing kari wera.
Warunge duwe pegawe wadon-wadon hang telikas dhung ngelayani, ana hang bagiyan olah martabake, ana hang bagiyan mbungkusi kanggo hang njaluke dibungkus. Ana hang bagiyan nyiyapaken pesenan ngombe. Lesehane semono uga hing kari wera, uga hing diweni tutup. Dadine, angger ana seliwerane kendharaan ya padha tulih-tulihan. Nurutisun iku ndadekaken hiburan ambi madhang martabake.
Hang tuku, akeh-akehe lare wadon nom-noman. Naming ya ana pisan lare lanang hang tuku biyasahe ambi nggawa sir-sirane. Lokasine dijamin rijik, hang mula nggawe ayeme hang tuku nong kana. Nong panggonan marung, wis diweni tisu lan sambel has martabak hang diwadhahi jembung pelastik ukuran tanggung. Pantese, hang duwe warung nguweni kebebasan nyang hang marung makene dadi legane ati bisa imbuh karepe dhewek dhung kurangen nong sambele.
Cerita sithik teka angenanisun, ihun saben nulih nong warunge mesthi ana rasa kepingin niliki martabake. Taping hing ana wektu uga angger ana rasa hing betah nganteni anterine. Ihun tepak bisa marung merana ya kerana diejak ambi kancanisun. Ihun ditraktir ambi kancanisun hang aran Ardiyan lare Balak Songgon.
Tepak rika mesen, rika mesthi hing nyangka cepete dhung nyiyapaken pesenan. Serang wis garus saben dina, para pegawene wis kebiyasaan megawe cepet uga rapi. Ring panggonan warung uga wis disedhiyani banner hang kebek tulisane. Waktu ihun merana ya tepak menu hang disedhiyani ambi warunge yaiku:
PANGANAN |
OMBENAN |
||
Darplok (dadar ceplok) |
10.000 |
Teh anget |
2.500 |
Dadar |
6.000 |
Es teh |
3.000 |
Ceplok |
6.000 |
Pop ice |
2.500 |
Spesial |
11.000 |
Nutrisari |
2.500 |
Darmi (dadar+mie) |
7.000 |
Marimas |
1.000 |
Ceplok kering |
6.000 |
joshua |
5.000 |
Darplok + ayam |
13.000 |
|
|
Darplok + sosis |
11.000 |
|
|
Martabak Spesial ayam |
15.000 |
|
|
Martabak Spesial sosis |
12.000 |
|
|
Teka daptare bain katon murah, ihun wektu ditraktir mung pesen hang dadar +mie. Naming seperene ya hing kira ilang niyatan arep nyacaki kabeh menu hang disedhiyakaken nong warung iku.
Teka rasane, kerasa gurihe martabake hang pas. Paran maning kulit martabak hang teka gelepunge mula wis diolah sampek mateng temenanan. Hing kari gempung, ya hing kari embuk putih seru. Wernane ya ngenakaken mata dhung nulih kaya ana werna rada kuning semu sokelat. Sambele bain ya disedhiyani dhewek saben meja lan hing kariya pedhes. Umpama ana hang tuku njaluke pedhese sampek nyontog ya kudu diweni dhewek sak akeh-akehe, kerana sambele hing keitung wektu mbayar.
Panganan hang sedherhana, murah, gelis olahe, ndadekaken hang tuku dadi langganan nong warunge. Aran warunge yaiku “Warung Martabak Woyo-Woyo Mbak Lehak”. Gage padha teka merana lan padha tukuwa.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : pribadi
Editor: Hani Z. Noor