Wong diaspora Banyuwangi ring Bontang, Kalimantan Timur, diejak milu nggendhong indhit nguwataken ekonomi lan pembangunan dhaerah.

Kelawan gotong royong antarane komunitas, sakat teka ngatasi banjir, nguwataken UMKM, ngedhunaken stunting, ngeratakaken layanan kesehatan sampek pembangunan inprastruktur.

"Bontang iki umahe bareng-bareng kanggo kabeh masarakat hing ndeleng asal-usul. Mayo dadekaken maneka suku lan budaya dadi kekuwatan kanggo njaga persatuan, toleransi, lan kerukunan,” jare Wakil Walikota Bontang Agus Haris ring iwuh mengeti 34 taun ngadege Ikawangi Bontang hang digelar ring Lamin Kodim 0908 dina Sabtu sore (21/11).

Pak Agus hang makili walikota ngeregani peran Ikawangi ring njaga seduluran lan ngelestarikaken budaya Banyuwangi ring tanah boroan. 

Iyane uga ngenceti pilosopi “Rika, Isun, Dulur” yaiku seduluran minangka semangat nguwataken persatuan ring tengahe maneka asal masarakat Bontang.

Kira-kira ana 8.000 wong asal Banyuwangi ring Bontang teka 35.000 wong asal Banyuwangi ring Kalimantan Timur.

Nanggepi arahan mau, Ketua IKAWANGI Bontang Sukmo Raharjo negesaken kesiyapan organisasine kanggo terus nguwataken gotong royong lan perduli sosial.

Wong asal Alasmalang iki ngarep-arep IKAWANGI saya kuwat ring nguri-uri budaya uga ngewani kontribusi nyata kanggo pembangunan dhaerah.

Iwuh iku uga ditekani Wakil Gubernur Kalimantan Timur Seno Aji hang uga dadi Ketua IKAPAKARTI Kaltim, Ketua Ikawangi Kalimantan Timur Brigjen Pol Rudi Hartono, wong asal Wongsorejo hang madeg dadi Kepala BNNP Kaltim, Humas Ikawangi Pusat Prasetyadi lan undangan liyane.

Hing kelalen ana tari gandrung, jaranan lan artis Banyuwangi Demy Yoker, Era Syakira lan Dini Kurnia hang nggawe goyange kira-kira 2000 penonton.

Tepak jam 12 dalu, panitiya uga nyumet kembang api hang meledhos, ngerengga maneka warna ring langit Bontang.