Garapane Kang Ujik


Soren iku, Jawahir Kenyut liwat ring dalan ngarep umahe Pak Bun Dhoreng. Tapak Kuncir ndengongok aju celuk-celuk :”Hir, Jawahir…..!”. Pak Bun Dhoreng lan Barnawi Belang padha nulih ning Jawahir Kenyut.
“Ayo kene, mampir sulung!” abane Pak Bun Dhoreng. Masiya sing kathik semaur, Jawahir Kenyut mara ambi munyik. “Ning…! Wedange tambah siji engkas!” abane Pak Bun Dhoreng setengah melung ning rabine. Mbok Ning wangune ya kerungu. Masiya semaure rada jeru. Mbok Ning njumbul ring lawang umahe ambi nggawa wedang sak gelas. “Ye, ana Ndara Kanjeng Jawahir…!” poyoke Mbok Ning hang magih berayane dhewek iku. 
“Ha,ha,ha….bisa bain Mbok Ning Nong Ning Gung iku yah….!” Jare Jawahir kenyut ambi mapagaken silahe ring ngarepe gelas ombenane. 
“Teka umah bain, tah, Hir?” takone Mbok Ning ambi ngadeg.
“Anu…teka Brak. Pas gadug kulone tandhon Penataban ika, ana cegatan. Wih, STNKnisun kelalen,” cerita Jawahir kenyut.
“Ye…Ayo diuyup wedange!” kongkone Mbok Ning ambi ninggalaken lakine lan dhayoh-dhayohe. “Iya Mbok, kesuwun!” semaure Jawahir ambi ngiling wedang teh ring lepekane. 
“Dadi, sepidhah udhudrika ditinggal ring panggonan cegatan kana?” takone Tapak Kuncir. 
“He, teka Brak kono mau…Pedhotan tah?” jare Barnawi belang kaya ambi ngosroh Tapak kuncir.
“Hang ngomong Pedhotan sapa, Bar?” takone Tapak Kuncir.
“Rika mau!”
“He…rungokena kupingrika…ana cegatan…masa pedhotan…ha…maklum…Pak Bun sing nyimpen wulune pitik tah?” takone Tapak Kuncir. Kanca liyane gemuyu, Barnawi belongah-belongoh.
“Arep dienggo paran tah, wulu iku?” takone Jawahir kenyut.
“Dienggo ngileni kupinge Barnawi. Kadhung sing ana, linggis ya keneng!” abane Tapak Kuncir ambi gemuyu ngakak. Kanca liyane uga milu cekakakan. Barnawi uga milu gemuyu, taping kancrit. Liyane uwis padha mari ngakake, Barnawi buru ngakak dhewek. 
“Dadi Isun kene mau ndharat teka tandhon sampek gadug Watu Buncul kene iki. Ya, marek iki ndharat maning njuwut STNK ning umah. Karang Asem. Aju melaku maning nyang tandhon kanggo njuwut sepidhah udhude,” jare Jawahir Kenyut. 
“Gedigi bain wis…wedange entekena sulung. Tapak Kuncir lan Barnawi antenana ning kene sulung, Isun nak ngeteraken Jawahir sulung, yah!” jare Pak Bun Dhoreng. 
“Aja repot-repot. Makene wis, Isun nak melaku bain. Bara sehat,” abane Jawahir.
“Hus…marine Isun tega nulih dulur ngukur dawane dalan. Ayok saiki, pumpung cegatane durung bubar !” ejak Pak Bun Dhoreng ambi ngadeg aju ngetokaken sepidhah udhude teka iringane umahe. 
“kadhung gedigu, Isun keloron nak mulih sulung wis yah!” jare Tapak Kuncir ambi ngadeg. Barnawi magih lungguh tanek. Sing rungu omongane Tapak Kuncir. “Liya dina Isun nak merene maning!” sambunge Tapak Kuncir.
“Iya wis yah…liya dina Sun anteni. Temanan iku!” jare Pak Bun ambi njeglekaken sepidhah udhude. 
Pak Bun dhoreng nggonceng Jawahir Kenyut teka umahe ring Watu Buncul sampek gadug ring umahe Jawahir ring Karang Asem. Serta gadug latar umahe, Jawahir mudhun lan ngajak Pak Bun lungguh sulung ring jeromah. Pak Bun sing gelem, jare bangur nganteni ring sepidhah udhude. Setemene, Pak Bun sungkan ketemu Sulikah, rabine Jawahir hang magih misanane Mbok Ning rabine. Polahe bengen Sulikah iku gandrung lan Pak Bun tau kedanan. Luput nyandhak atine Sulikah, malah kecanthol embok misane.
Sedhela, mari njuwut STNKne, Jawahir mentu teka umahe ambi dietutaken Sulikah sampek gadug lawang pager latare. 
“E, Pak Bun…Apuwa sing milu melebu sulung?” takon Sulikah ambi munyik.
“Kesusu, kadhung jagongan liya dina bain ambi Emboke,” semaur Pak Bun dhoreng ambi njeglekaken sepidhah udhude. Jawahir pamitan lan salaman ambi rabine. Dalan hang diliwati uwis pethal-pethal. Maklum uni bengi udan kician emeh suwengi jampleng. Aspale katut banyu udan sampek ana hang ngelonthak. Gadug Sasak Perot dalane apik, nana hang ngelonthak. Uwong loro iku sing kathik gesah kaya sedurunge. Bisa bain, Jawahir mikiraken: Pira mbayare ning petugas cegatan? Pak Bun nawi bain magih katon-katonen unyike Sulikah. 
Serta gadug ngarepe STM PGRI Kandhang Dhara, kulone tandhon, Jawahir lan Pak Bun weruh, sepidhah-sepidhah udhud hang ditahan padha diunggahaken ning bak montor buntung. Sing sadhar, Jawahir melung-melung: ”Eh... Pak, Pak, Pak… anunisun aja mandak diangkut!” abane ambi melung. Para petugas padha nulih nyang tekane Jawahir hang digonceng Pak Bun. Sing weruha, petugase Pak Pri. Kanca pengamanan ring gandrungan.
“Weh…Rika, Pak ?” jare Pak Pri nyapa Pak Bun. 
“Iya, iki ngeteraken adhikisun, jare sepidhah udhude ditahan ring kene. Iki STNKne,” abane Pak Bun ambi ngongkon Jawahir ngelungaken STNKne ning Pak Pri. Pak Pri meriksa sedhela.
“E, Pak…Tulung sepidhah udhud hang cemeng iku endhunna… Iki ana STNKne. Magih urip!” abane Pak Pri. Kancan-kancane hang magih ring ndhuwur bak montor buntung aju ngedhunaken sepedhah udhude Jawahir. 
“Pak Pri, ana kabar kurang enak ngenengi Isun lan Rika!” bisike Pak Bun. Pak Pri nyeret tangane Pak Bun sampek rada adoh teka kancan-kancane.
“Kabar paran iku?” 
“Arep ana lare enom-noman mberantas omben-ombenan hang mendemi ring gandrungan”.
“Maksude kelendi iku?”
“Karepe ring acara gandrungan, sing ulih ana uwong adol ombenan hang mendemi!” 
Kerungu kabar teka Pak Bun kono mau, Pak Pri katon kepikiran. Edheng-edheng iyane ngelebokaken buku cathetan tilang ning tas cangklonge.
“Gedigi, liya dina ayo rembukan. Saiki isun magih megawe!” jare Pak Pri ambi ngajak Pak Bun mara ning pareke montor buntung. Jawahir uwis lungguh ring jok sepedhah udhude.
“Iki kelendi iki urusane?” takon Pak Bun ngenengi masalah picis administrasine.
“Gawanen wis!” semaur Pak Pri ambi ngelungaken STNK ning Jawahir, aju melebu ning endhase montor buntung. Edheng-edheng montor buntung hang nguwot sepedhah udhud, melaku ninggalaken Jawahir lan Pak Bun.