Tulisane Nani Asiany MS

Nurut kabar kang ana (Rebo, 30 September 2026) Badan Nasional Penanggulangan Bencana njelasaken ngomong kadhung alas kobong ring Kalimantan kang diarani kebakaran hutan dan lahan dhaerah, teka 431,53 hektar hang kobong werane magih 96,07 hektar  alas kang murup. Werane sakmono iku sing bain-bain. Embuh pirang juta wit hang wis kobong, embuh pirang ewu kewan kang milu kobong. Pasthine sing sithik korbane. 

   Geni emeh satus hektar hang durung bisa dipateni iku, pemerintah magih terus ngupayakaken kadhung alas kobong iki kudu sampek bener-bener mati lan entek genine.

   Kobongan kang mangan sepirang-pirang korban, sing mung uwit lan kewan thok korbane. Menungsa kang ana ring parek dhaerah kono uga ngerasakaken susahe. Conto: weleke hang nggarahi ampeg, sesek dienggo ambegan, umah kang parek alas kobong wit-witan kang wis dirumat mati-matian milu panas lan garing. Banyune kang rijig lan seger angel ulihe nggolete.

Minangka wong muslim, kudu yakin kadhung kabeh musibah iki bagiyane teka sunnatulloh. Gusti Alloh wis netepaken kadhung kedadeyan iki kuwasaNe Alloh. Bisa bain musibah iki liwat teka angin, liwat teka tangane menungsa kang nyeja ngobong alas, utawa mula hawane panas temenan saingga garing lan keneng panase serngenge bisa nggarahi kobong. Anane yakin iku nambah kuwate iman kadhung Alloh iku Maha Kuwasa.

   Menungsa uga nyadhari kadhung kepinterane lan majune nyang ilmu lan teknologi magih sing ana paran-parane dibandhingaken ambi kekuwatan-E Gusti Alloh. Seru sing pantes kadhung menungsa ndhodhog dhadhane. Sakmesthine kedadeyan iki dienggo dalan nyadharaken mbalik nyang Gusti Alloh.

    Masiya diweni susah lan balak kaya gedigu, kang sakdurunge uga ana musibah pirangane gunung ring negara kita padha meledhos, kita yakin paran bain kedadeyane, iku keputusan Alloh. Musibah iku mesthi ana hikmahe. Conto: merujuke rasa perdhuli, seduluran, ampyak-ampyakan mbantu nyang dulur kang keneng musibah, uga nambah kuwate iman nyang Gusti Alloh. 

   Kaya dene wis ana ring Qur’an Surat At Taghaabun (64):11 kang artine “Sing ana musibah kang ditampa menungsa sakliyane idin Alloh, lan sapa-sapa kang iman nyang Alloh, Iyane arep nguweni pituduh nong atine. Allah Maha Weruh paran bain.”

   Nurut tafsir Ibn Katsir (Cholis Akbar, www.hidayatullah.com) kadhang Alloh arep ngganti kang dijuwut teka hamba-Ne ambi kang padha nilaine. Kadhang Alloh uga arep ngganteni kang lebih apik.