Ngomongaken sastera Banyuwangi keneng dibagi antarane hang lisan, mung diucap kayata basanan, wangsalan, batakan, mantra, gendhing lan ana hang ketulis. Setemene rada kejungkel-jungkel, merga arti ucap "sastera" iku setemene paran hang ketulis.
Bengene merga kertas durung pati akeh, wong-wong nganggo godhong (besikine: ron) tal. Rontal suwi-suwi keneng proses metatesis (ucap hang oper panggonan) dadi lontar. Merga hang parek, katon mata, awet anane ya godhong tal (siwalan) dadi iki hang dienggo. Wong-wong Mesir jaman wingek, nganggo godhong papirus merga anane papirus dudu godhong tal.
Sakat jaman bengen (abad 17-18) sastera tulise Belambangan iki wis hebat. Jare Pak Zoetmulder ring bukune "Kalangwan", Banyuwangi iku panggonane lontar hang isine hing kaya hang ditemokaken ring panggonan liya. Sithik contone kayata lontar Sudamala, Sritanjung, Juwarsah, Yusup lan akeh liyane. Naskah-naskah iki suwi-suwi merga ana kertas (deluwang) ditulis ring deluwang taping ya tetep disebut lontar.
Beda ring parane? Kadhung lontar-lontar hang ditemokaken ring bagiyan Jawa liyane iku biyasahe ceritane sak ubengane keraton, silsilahe raja, lan sepiturute. Sedheng hang ditemokaken ring Banyuwangi akeh-akehe ceritane rakyat biyasah. Masiya hang cerita wong keraton ya ana.
Sakat jaman bengen, lontar-lontar iki diwaca, dilagokaken (ditembangaken), ceritane diuripaken. Teradhisi maca iki ring Jawa disebut nembang/macapatan, ring Medura diarani Mamaca lan ring Belambangan disebut Macaan.
Ning Banyuwangi, kaya ring Kemiren, Mondoluko, Jopuro, teradhisi maca lontar iki magih urip, diwaca wungkulan ring masarakat.
Ring Kemiren malah ana jadwale, dina paran kanggo wong-wong tuwek, dina paran dienggo grup liyane. Panggonane pindhah teka umah siji nang umah liyane kaya arisan.
Ring Banyuwangi ana hang kereatip, mbuntel macaan lontar iki ambi sastera liyane kaya basanan, senggakan nganggo gendhing lan tabuhan, sampek dadi tontonan hang didhemeni masarakat yaiku Macaan Pacul Gowang.
Tokoh hang kesuwur umpamane Aljin, sampek kesenian Macaan Pacul Gowang mau hing disebut maning, kalah ambi arane uwonge. Ndeleng Aljin.
Ndeleng Pacul Gowang, penonton hing kerasa gok ring kono ana tuntunane, nguri-uri teradhisi maca lontar tinggalane embah buyut merga basanan, wangsalan, senggakan hang ewer nggawe penontone munyik lan betah melek sewengi jampleng.
Aljin, wong Genteng hang sampek umur taun 1997, direwangi ambi Mak Onah, Katirin, Jubaidi, Miseran Watukebo, Ahmad Sarbini Cungking, Mohamad Aliyan lan para peneruse Yukanah Kedawung Aliyan, Monadi.
Hing gampang nggawe tontonan hang ngemu tuntunan teka gabungan macaan ambi wujud sastra liyane sampek dadi kesenian wutuh.
Mangkane hing maido, kesenian Pacul Gowang saiki rada sesehan kahanane. Hang sepisan mula hing gampang golet wong hang bisa nerusaken lakune Aljin. Hang nomer loro selera penonton aliyas generasi hang terus uwah.
Nawi mbisuke, ana wong hang bisa nggawe kesenian Pacul Gowang hang miloni jaman, makene hing dieleg jaman.
Sastera Belambangan lan Pacul Gowang
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Editor: Hani Z. Noor