Kaya dene Labuh Tandur, wong Using ngawiti panen parine (Labuh Gampung) kelawan donga lan nggelar selametan minangka ngucap sukur nyang Gusti Alloh hang wis ngewani rejeki, hang wis njaga parine padha selamet sakat ditandur sampek panen.
Dongane bisa beda teka siji desa nang desa liyane taping nduweni semangat hang padha. Ring Dukuh Talunjeruk, Glagah, jare sesepuh desa Kang Usik, prosesi kawitan, pari ring uwangan digampung akehe pitung jalang.
Selametane ana pecel pitik hang diwadhahi ithukan (arupa cekeker, endhas, rempela, ati, telampikan), kinangan (arupa ithuk godhong gedhang hang diiseni suruh, enjet, gambir), sega hang dipangan bareng-bareng ring pinggir kedhokan.
Sakmarine pari dijuwut pitung jalang, ana wong wadon tuwek hang ngerapal mantra:
Srinjana Srinjani
aja kaget ana pedhang kemelawang
nigas jangganira
Mergane wis wayahe
padha mulih nyang bale tajug
sak dulurira padha ejaken turu
noring bale tajug
bantale bantal ules kepakisan
Dongane selametan labuh nggampung:
Bismillahirrahmanirrahim
Gusti kang paring nikmat nyang sakabehe umat
Kang akehe tampa kira-kira
Senajana kula sakeluwarga kadhang kala numpuk dosa
pitangane kaya tumpukan pasir segara sak antero
Taping Gusti tetep mbukak lawange rejekinkula
Mugi Gusti lantaran uwohe pari niki sakeluarga paringana sehat jiwane lan badhane kanggo mbangun keluwarga kang kuwat
Amin
Srinjana srinjani (aran kanggone pari sak jodho, ring desa liya ana hang nyebut sringgana sringgani), hang tepak Labuh Tandur dititipaken nang Ibu bumi supaya dijaga, saiki wayahe diajak mulih ring umah minangka rejeki teka Gusti Pengeran.
Pari iki diyakini minangka salah siji lawang dienggo mbukak rejeki liyane.