Laporane Aguk Wahyu Nuryadi

Puluhan tokoh adat lan pegiyat budaya, kelebu hang teka Using Banyuwangi, dina Senin sore nekani Gedung Negara Grahadi ring Jalan Gubernur Suryo Surabaya, sak perlu milu ngerayakaken dina dadine Propinsi Jawa Timur kaping 81.
   Upacara hang dipimpin langsung ring Gubernur Khofifah Indar Parawansa, uga ditekani unsur Aparatur Sipil Negara, TNI, POLRI lan organisasi kemasarakatan uga utusan Sekolah Rakyat.
   Nganggo kelambi lan udheng dhaerahe dhewek-dhewek, para tokoh adat iku makili adat Bawean, Madura, Samin, Mataraman, Tengger lan Using.
   Teka Using diwakili Kang Usik (71 taun), sesepuh adat teka Dukuh Talunjeruk Glagah hang uga ketua Kopat Wangi (Komunitas Pegiat Adat Tradisi Banyuwangi).
    "Merga kerja kerase kene kabeh, Jawa Timur bisa nggayuh pertumbuhan ekonomi 5,4 persen, paling dhuwur sak Pulo Jawa," jare Gubernur Khofifah.
   Khofifah uga njaluk masarakat Jawa Timur mituhu ngeregani perjuwangane para wong-wong bengen, uga para pejuwang hang ngelestarekaken seni lan budaya dhaerah.
    "Dadi tugas lan tanggung jawabe kene kabeh kanggo nerusaken nawa bhakti satya kanggo ndadekaken Jawa Timur minangka lawang kori pinggir wetan Nusantara."
   Gubernur ngewani apresiasi kinerja Pemerintah Kabupaten lan Pemerintah Kota hang mujudaken kesempatan nang masarakat kanggo ngupaya ring bidhang ekonomi, pendidikan lan sosial.
   Seliyane ngewani pin emas lan perak kanggo tokoh berprestasi lan berjasa, ana pisan pelakat penghargaan kanggo maneka apresiasi. Kayata aparat hang mbongkar peredaran narkoba, nduwe inovasi kesehatan, literasi lan disabilitas sampek pelajar SD Trenggalek hang ulih juwara bertutur.
   Teka Banyuwangi ana hang ulih penghargaan yaiku Desa Songgon merga sukses ngatasi stunting lan pengusaha Ami Rogojampi hang asil bisa ngembangaken peternakan sapi perah kapasitas nasional.
   Dene Kang Usik minangka tokoh Using lungguh ring ngarep bareng ambi tokoh teka Bawean (Pulo Bawean), Tengger (Probolinggo), Samin (Bojonegoro), Medura lan Mataraman.