Tulisan lan potone Kholik Mawardi

Ring antarane 1.300 penari, ana 200 penari teka pirangane dhaerah sak nusantara. Teka 200 lare teka Jakarta, Palembang, Malang, Batu, Blitar, Kediri, ana 11 penari teka Ikawangi Dewata hang milu Gandrung Sewu 2026 hang digelar dina Sabtu (24/10).
   Latihan ring Bali, wektu hang dikober-koberaken masiya repot, ubahe awak hang dibolan-baleni lan kabeh kebutuhan hang diperiksa siji-siji dadi sangu sedurunge tontonan tepak ring dinane. Latihan dianakaken ring Sekretariat Ikawangi Dewata Bali Cabang Badung, Perum Korem, Jalan Majapahit Blok C Nomor 8, Kuta. Ruangane sing kaya panggung tontonan. Penganggone para penari ya penganggo latihan sedina-dina, tanpa paes lan tanpa penganggo tari sak pengadeg. Sunare damar madhangi jogan keramik, dene rerenggaan lan poto-poto nang tembok dadi latar kegiyatan mau.
   Kanggone para penari enom Banyuwangi hang urip ring Bali, persiyapan nuju Gandrung Sewu dudu mung kesempatan dienggo tampil nang ngarepe wong akeh. Lalare iku uga milu mbangun sambung rasa ambi budaya hang diwarisaken liwat keluwarga, cerita lan pengalaman sinau bareng-bareng.
    Sambung rasa iku sing mesthi urip kelawan cara hang padha. Ana hang ulih pengalaman tari Gandrung teka ceritane wong tuwek, ana hang nemokaken liwat medhiya sosial lan ana uga hang aju sinau lebih jeru liwat latihan hang ajeg.
   Dalane beda-beda, naming pungkasane ketemu ring siji tujuwan yaiku kekarepan milu dadi bagiyan kesenian Banyuwangi.
   Ring sewijine umah nang Kertosari, paes kawitan wis marek, penganggo wis dienggo lan omprog wis disiyapaken. Para penari tap-tap wulu ninggalaken papan persiyapan nuju nyang panggung. Ring walike kemeromonge Gandrung Sewu 2026 lan ewonan penari hang arep ngebeki lapangan, ana laku hang dikawiti ambi perkara-perkara hang katone biyasah: ngoberaken latihan, gelem nampa pituduh lan pating tulung-tulungan supaya bisa tampil barengan.
   Lalare iku teka Bali, papan iyane urip lan ngelakoni urip. Naming, kelawan Tari Gandrung, iyane kabeh nemokaken cara kanggo mareki Banyuwangi, sing mung sakderma papan asale keluwarga naming uga minangka budaya hang bisa disinaoni, dirasakaken, lan diterusaken nyang generasi sakteruse.
   Ring dina iku, jangkahe iyane nuju panggung Gandrung Sewu 2026 uga dadi jangkah kanggo njaga sambung rasa iku.