Buwangane Peceren Bisa Dienggo Golet Picis

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Jumat, 31 Januari 2020 11:32 WIB)
- Laporan



Kanggone wong-wong hang manggon nang Perumahan, masalah buwangane banyu adus, umbah-umbah lan asah-asah, dudu masalah gampang disaluraken nang panggonan hang tepak lan sing nggawe ambune nyebar. Akeh-akehe banyu buwangan mau diilekaken nyang selokan hang ana ring ngarep umah. Kadhung sing kegawa banyu akeh, ya mampet lan ambune semembur merana merene.

“Merga sithike panggonan hang dienggo nggawe ngilekaken lan nampung banyu buwangan angger-angger umah iki, utawa septic-tank, aju warga Perumahan Agus Salim Residence (ASR) Tamanbaru Banyuwangi duwe penemu mampataken selokan ring ngarep umahe. Meh kabeh banyu buangan mau diilekaken nyang selokan, pungkasane kadhung sing lancar ambune ya sing kakaruan. Durung maning kadhung dienggo panggonan ngendhoge rengit, bisa nggarahi penyakit demam berdarah. Naming saiki, selokan mau digawe tambak cilik, "Dienggo ngingu lele”, jare Suryadi, warga hang duwe penemu kawitan ngelola selokan mau.

Kegiatan hang dikawiti ring ngarep umah salah sijine warga iki, saiki wis katon asile. Tambah cilik hang ring selokan mau, aju merembet nyang pirang-pirang umah. Ambu peceren hang kawitane dadi masalah, sithik akeh wis ilang. Paran maning bibit rengit, entek dipangan lele hang ebek ring angger-anger selokan. “Warga kene saiki duwe pengasilan tambahan, teka ngingu lele ring panggonan hang maune dadi masalah kesehatan. Panen lele mau, bisa angger telung ulan sepisan. Asile akeh hang nampani, malah uga ana hang dikirim kanggo warung lan hotel”, tambah Suryadi.

Sing terima bapak-bapak hang emuk, serta nemu pegaweyan tambahan. Emak-emak uga tambah kegiatan, ngolah asil panen lele hang sing keedol didadekan panganan kaya abon lele lan panganan turunan liyane bahane teka lele. “Kelurahan Tamanbaru ya nekakaken ahli olah-olah, mane ngolah lele iki dadi pangan liyane. Sing terima digoreng digawe penyetan, naming uga kulite digawe kripik, malah erine uga bisa dienggo abon pisan”, digu jare Lurah Tamanbaru, Abdur Rahman hang dikenal akeh akale nggawe inovasi anyar.

Sak liyane bisa nambahi penghasilan wargane, ngingu lele ring selokan iki dadi anggen-angen wong akeh ring njabane Tamanbaru. Akeh warga teka kampung utawa perumahan liya, teka nyang Tamanbaru sakperlu takon-takon kelendi bisa ngatasi limbah peceran. Paran maning bisa dadi picis, hang dilakoni warga Tamanbaru. “Ya Alhamdulillah, Kelurahan Tamanbaru saiki dadi jujugan, kanggo wong-wong hang kepingin belajar ngingu lele ring panggonan hang ciut kaya selokan. Emak-emak ya seneng, pesenan panganan hang bahane teka lele terus tambah. Iki isun terus nggolet cara, kelendi lele iku uga dikembangaken dadi panganan kanggo lare-lare milenial pisan”, gedigu pungkase Rohman.

 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf