Emak-Emak Latihan Wirausaha Kerajinan

Satria Pujangga (dipublikasikan pada Kamis, 13 Februari 2020 12:09 WIB)
- Laporan



Manggon ring Pendhapa Kantor Desa Gitik, emak-emak anggota PKK, Kader Posyandu lan perwakilan teka masyarakat Desa Gitik miloni Kegiyatan Pelatihan Kewirausahaan kelawan Sub Tema Pelatihan Kerajinan teka Kain Flanel. Kegiyatan iki dianakaken ambi Dinas Koperasi Kabupaten Banyuwangi. Kegiyatan iku dianakaken sakat dina Selasa sampik Rebo tanggal 11-12 Pebruari 2020, akehe pesertane ana selawe uwong. Acara iki uga ditekani ambi Ketua TP PKK Kecamatan Rogojampi.

Kegiyatan iki dibukak langsung ambi Kepala Desa Gitik, Bapak Hamzah. Ring sambutane, Kades Hamzah nyampekaken rasa seru terimane nyang Dinas Koperasi Kabupaten Banyuwangi hang wis gelem nguwani pelatihan wirausaha nyang wargane. Hang dikarepaken Kades, mengarep kegiyatan iki bisa munggahaken tingkat keberdayaan para emak-emak hang miloni kegiyatan iki utamane peningkatan ekonomi. Kades uga njaluk nyang peserta, sakmarine kegiyatan pelatihan iki, paran hang diajaraken ambi instruktur bisa dipraktekaken lan diterapaken ring umahe dhewek-dhewek.

Ring kegiyatan pelatihan iki, emak-emak diajari carane nggawe barang-barang kerajianan teka bahan kain flanel.  Umpamane: wadhahe tissu, wadhahe pulpen/patelut, gantungan sereg lan kerajian liyane. Emak-emak peserta pelatihan diweni peralatan kanggo nggawe kerajinan geratis, teka pihak penyelenggara. Peralatan iku antarane kain flanel, gunting, lim tembak, bolak lan edom. Emak-emak mau seru katon  senenge miloni kegiyatan iki.

Peserta kegiyatan dipara dadi limang kelompok, sak kelompok isine uwong lima. Angger kelompok diwani conto motif hang beda-beda kanggo diterapaken nyang kerajinan hang arep digawe. Jare instrukture, sakwetara peserta diwani conto motif sulung makene tepak kegiayatan, peserta sing bingung kudu gawe motif paran. Engko sakmarine pelatihan, emak-emak bisa gawe kreasi dhewek-dhewek ring umahe. Hang penting ring acara pelatihan iki, emak-emak ngerti dhasar-dhasar lan carane gawe kerajinan teka kain flanel.

Kepingine, sakmarine pelatihan iki sing mung mandheg sampik semene. Ring umah wayah nganggur, emak-emak bisa manfaataken barang-barang hang sing kanggo makene bisa disulap dari barang kerajinan hang nduweni nilai ekonomis lan keneng diedol wujud suvenir. Engko suvenir iku bisa diedol keneng nggo nambahi penghasilan.

Hasil kerajinan tangan teka emak-emak iki bisa dititipaken nyang toko-toko suvenir hang parek. Syukur-syukur kadhung BUMDes gelem nampung lan masaraken hasil kerajianan iku mau. Sakliyane iku, ring Gitik kan wis ana pasar Kuliner Kampung Tahu. Kelompok emak-emak hang mari ulih pelatihan bisa milu mbukak stand khusus ring kampung tahu kanggo ndhasaraken asile kerajinan tangan hang digawe mau.

Pungksan Kades Hamzah ngarep-ngarep, desa Gitik aja mung cukup puwas kelawan anane pasar kuliner Kampung Tahu. Naming kadhung bisa, sakliyane Kampung Tahu Dusun Timurejo ring desa Gitik mecungul maning acara-acara inovasi desa hang bisa ngunggahaken derajate desa Gitik lan ndadekaken desa Gitik sing mung dikenal ambi produk olahan tahu bain. Wis wayahe desa Gitik mecungulaken potensi hang selama iki durung dikatokaken kaya produk olahan jajan tradhisional, kerajinan tangan teka barang bekas, seni budaya lan liya-liyane maning.

Kelawan mecungule potensi desa hang kesebut mau, muga bain mengarepe desa Gitik bisa dadi jujugan wisata alternatif umpamane dadi sentra produk kerajinan tangan lokal. Jare hang diucapaken Bupati  “Angger panggonan iku jujugan lan angger jujugan kudu ana atraksi”. Kadhung iku bisa kewujud, mesti bain tingkat ekonomi masyarakate bisa munggah lan pungkasane desa Gitik dadi desa hang makmur lan duwe daya.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Laporan Satria Pujangga

Editor: Antariksawan Jusuf