Festival Imlek Banyuwangi 2020, Sing lali Liang-liong lan Barongsai

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Rabu, 05 Februari 2020 09:16 WIB)
- Laporan



Dina iku ring tanggal 02 – 02 – 2020, dadi dina hang apik anggone wong-wong ring Kampung Segoro Kelurahan Karangrejo Banyuwangi. Sing mung merga tanggal, ulan, lan tahune kelebu angka hang apik. Naming dina iku dadi ramen-ramene panggonan hang ana ring Kampung Segoro merga Festival Imlek tahun iki dianakaken ring dalan njabane Klentheng Hoo Tong Bio.      

Sedina iku wong-wong wis disuguhi ambi wayang Potehi hang biasahe diarani uga wayang Thithi. Wayang hang wis ilang saklawase rong puluh tahun iku, dina iku digelar maning. Sakat isuk dalange wis nggawa cerita lan tabuhan hang khas nggawa cerita raja-raja jaman bengen.    

Mandheg jam papat wangune wayang wis mandheg. Diterusaken ambi hang mangklang ana ring dalan ngarepe klentheng sakperlu nggelar tetabuhan lan jugetan hang nggawe penonton dhemen.

Sing lali digawa lan hang mesti dianten-anteni mestine yaiku Liang-liong hang arupa Ula Naga gedhe hang dimainaken ambi lare nom-noman Klentheng Hoo Tong Bio.

Jam setengah wolu bengi Barongsai ngawiti ambi atrkasi nong ngarepe dayoh hang lungguh ana ngarep. Barongsai njuget lan atraksi pencolotan lan jungkelan ana ring panggung.    Sakliyane pejabat-pejabat Klentheng hang keturunan Tionghoa ana uga Pak Yusuf Widyatmoko Wakil Bupati Banyuwangi hang nekani Festival Imlek iku.

Tahun iki Festival Imlek pancen magih manggon ana ring Klentheng Ho Tong Bio. Naming bengi iku kabeh masyarakat teka golongan endi bain wis gawur uled dadi siji, kaya sing ana bedane lan sing gelem ngengeti perbedaan maning. Rika Jawatah? Rika Meduratah, rika Chinatah. Hang penting kabeh padha dhemen lan padha ngucap Gong xi pat cai  hang karepe “Salam Sejahtera”.

Gelaran iku dadi rame maning merga ana “Lalare Orchestra Banyuwangi” hang nggawa gendhing lan tari. Gendhing-gendhing hang digawa meh kabeh basa Mandarin, Ana uga gendhing Banyuwangi kayadene Impen-impenen lan Langit Katon Biru hang nganggo basa Mandarin. Ring pungkasan ana Barong Kolaborasi. Ring Kene Barong prejeng Banyuwangi njuget bareng ambi Barongsai lan Barong Bali. Kaya nak nduduhaken kadhung kabeh wis bisa ngergani nyang “perbedaan” .

Wis kaya hang diberitakaken ana ring Belambangan.com sakdurunge ring kene uga wis digelar “Pecinan Street Food” tanggal 31 Januari sampek tanggal 1 Pebruari, hang panganan-panganan model cinaan ana ring sakdawane dalan 300 meter nong Kampung Segoro.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Imlek

Editor: Hasan Sentot