Gandrunge Seblang Nganggo Basa Paran ring Jagade Wong Alus?
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 01 April 2026 06:21 WIB)
- Laporan
Adat bersih desa desa Olehsari (Ulih-Ulihan) kec. Glagah digelar suwine pitung dina. Marek dipaesi, digawekaken omprog teka godhong gedhang, aju ring pinggir kalangan ring ngingsore payung agung ditekepi matane, dikutugi nganggo weleke menyan, gandeunge seblange aju kejimen.
Gandrunge seblang iki wis dipilih ambi danyange desa hang nyusup nang ragane wong Olehsari (biyasahe Mbah Sut) tepak puwasa wis ulih dina likuran. Sarate kudu titisane utawa mambu getihe Mbah Semi hang kawitan nggelar seblang.
Ceritane Seblang (taun 1988-2001) Rina nang Heni Kurniawati: "Teka Bik Asiyah hang nggawe omprok lan maesi magih sadhar, aju serta nyekel tempeh dikutugi, awak anyep kabeh, lali kabeh aju kaya turu taping magih bisa ngerungokaken gendhing."
Rina ngerasa iyane digawa nong alam jin. "Nong wetane pom bensin (Petaunan) iku pasar, Isun diejak nimbangi lobok. Mangkane kadhung liwat nong kono kudu ngunekaken kelakson ," jare Rina.
Ana 47 wong alus hang melebu ring ragane gandrunge Seblang. Ana siji hang kaya endhase barong melebu ring bun-bunane.
"Nong kana Isun kaya wong hang diistimewakan, tepak ganti gendhing, nundhik, iku memengan boneka. Hang ngejak memengan lalare cilik," jare Rina.
Wujude medeni tah wong alus iku? "Using, rupane kaya wong-wong iki, malah kadhung tepak Asar lagune mandheg, tepak sembayang ya sembayang kaya menungsa."
Sukmane gandrunge seblang dianggep kaya tamu agung, diejak melaku-melaku. Nang kana turu nang kasur emas. 'Wayahe Lilira Kantun diejak melaku-melaku...Pokoke pitung dina beda-beda (pengalamane). Ana hang diejak turu, diejak melaku-melaku nang pasar," jare Rina.
Tepak gendhing "Celeng Mogok ana Kik Jalil bangsa Jim matane pethong selisih, nunggoni. Milu njaga."
Penari seblang ngomonge nganggo basa paran? "Bahasane Jawa, campur: napa pripun. Aseline padha ambi menungsa."
Dina kepindho, Rina ngerasa diejak melaku-melaku thok. Turune arep (gendhing) Candra Dewi. Rina dikongkon munggah wit hang sing ana godhonge, empang-empang thok. "Ayo hang bisa sampek pucit hun opahi," jare Rina nirokaken. Iyane munggah, sampek dhuwur, kari sithik diorag-orag sampek cicir. Diupahi picis."
Sipat gendhing suwasanane beda, tepak Nundhik, menganan ambi lare-lare cilik ana 47 lare.
Wayahe gendhing Kembang Dirma, kaya melaku-melaku nong istana kana hang akeh kembange.
"Wayah lagu hang pungkasan isun nunggang jaran putih, endhase jarane endhase wong ayu, diarak kaya liwat pelangi ditututaken kancan-kancanhun mau."
Rina ngerasa iyane didandani kaya Nyi Rara kidul, kaya akeh cemara-cemara. Pokoke isun ngomong kepingin balik maning.
Teka gendhing Sampun, iyane kaget, "Isun iki nong endi, disiram banyu...Mareke keju kaya lesuh kabeh."
Ring dina pungkasan, iyane diedusi dilungsur makene jime metu kabeh.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.