Seblange Hing Gancang Kejimen

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 30 Maret 2026 03:16 WIB)
- Laporan



Dina Senen 23 Maret 2026, dina kawitan adat Seblang ring desa Olehsari (Ulih-Ulihan) kec. Glagah digelar. Saben taun dianakaken pitung dina lawase.
   Ring kalangan, ngingsore payung agung, para panjak wis siyap nggawakaken gendhing-gendhing magis.
    Tukang tekep wis nekepi matane gandrunge Seblang hang taun iki dilakoni ambi Sayu Aprilliani ngganteni Putri Ramadhani hang wis ping telu dadi Seblang. Mula Seblang dilakoni gentenan ambi buyut-buyute Mbah Semi hang kawitan nganakaken Seblang.
   Tukang kutug wis nambahi menyan nong pengasepane. Weleke melkuduk mendhuwur nang raine Seblang. Sayu wis ubah ngiwa nengen. Taping tukang tekepe durung ngeculaken tangane merga nyirune magih dicekel tangan tengene Seblang. Menyane ditambahi maning.
   Ana wong lanang hang jare iku bapake Sayu hang melebu kalangan. Raine kaya wong arep ngejak tukar. Ana panitiya hang ngedhem-edhemi makene hing dadi rame.
   Pak Lurah Olehsari bolak-balik ngadeg teka lungguhane, tangane temangkup nong ngarep dhadhane, njaluk dongane penonton makene acarane diuwani gangsar.
   Panitiya hang kelambi cemeng-cemeng bolak-balik ngengetaken penonton, menging motrek utawa midheyo sulung. Makene gandrunge seblang gancang kejimen.
   Gendhing Seblang Lukinta wis dikawiti. Gandrunge Seblang goyang ngiwa nengen. Naming nyirune durung cicir-cicir teka tangane. Tandhane durung kejimen. Sampek gendhinge entek.
   Pirang puteran nang ngingsore payung agung, sampek gendhinge dipungkasi. Aju
gendhing sak teruse Lilira Kantun. Gandrunge Seblang muteri kalangan. Sampek gendhing Cengkir Gadhing. Gandrunge Seblang wutuh, magih durung kejimen.
   Emane sakteruse, nyirune cicir lan perosesi adat bersih desa iku bisa diterusaken. Panitiya lega, penontone girang.
   Jare mula merga kawitan dadi seblang, rada sara kejimene.
   Anane Seblang kang hing gancang kejimen iku dudu hang kawitan sore iku.
   Ceritane Rina hang tau dadi Seblang taun 1998-2001 nyang Heni Kurniawati, sedurunge, iyane ya tau ngerasakaken sing gancang kejimen, merga nadare kakange. Ale nadare iku setengahe diomongaken kelawan guyonan. "Dhik kadhung Rika dadi Seblang arep Sun junjung," jare kakange.
  Tepak nang umahe Bik Asiyah, tukang paes lan hang nggawe omprok seblang, kakange ngomong, ngengetaken: "Ayo Dhik Rika Sun gendhong." Cumpu jare Bik Asiah, "Madak paran-paran wih."
  Temenan, ring kalangan Rina hing gancang kejimen. Buru dadi marek digendhong kakange.
   Penari Seblang setemene tepak ring ngingsor payung agung dudu njuged karepe dhewek merga sukmane hing nong kono. Ana wong alus hang ngganteni. Digawa nong endi sukmane gandrunge seblang tepak kejimen?

Antenana terusane.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf