Gandrung Kholifah: Akeh Godhane

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 28 Maret 2026 06:16 WIB)
- Tokoh



Lair lan digedhekaken ring lingkungan hang parek seru ambi kesenian gandrung, nggawe iyane wis biyasah lan hing jengah ambi jagad kesenian aseli Banyuwangi ku. Malah wis saben dinane, sakat magih cilikane bengen, iyane ya wis weruh dhewek kelendi ruwede kala kesenian iku arep melaku tanggapan.

Iku merga bapake hang aran Atmo, minangka juragan Gandrung hang cukup kesuwur kala iku. “Bapakisun dhewek iku juragan Gandrung, Kang. Kadine, kanggonisun kesenian iku ya sing aneh utawa neka-neka, kaya anggepane wong-uwong hang mula sing pati dhemen ambi kesenian iku. Dadi ya sakat cilik Isun iki wis weruh kabeh paran-paran bain ngenani kesenian iku,” ujare Gandrung hang umahe nong Desa Gambiran, Kecamatan Genteng iku.

Kaya hang diceritakaken dhewek nang penulis, jare Kholifah, sakat magih SD iyane wis diajari ‘nopeng’, yaiku tari Topeng hang biyasahe dienggo mbukak utawa ngawiti mangkate Gandrung terob. “Malahan kala magih cilik iku Isun ya wis kerep diajak Bapak main nyang endi-endi,” jare Kholifah, ngawiti cerita lelakone dadi Gandrung terob.

Sangking pareke ambi jagad kesenian gandrung iku, Kholifah sing rumangsa kangelan kala diajari nggandrung. Iyane ya wis paham seru paran bain hang kudu diugemi lan kudu dibisani ambi hang aran seniwati Gandrung terob.

“Kaya dene gandrung-gandrung liyane, Isun iki ya diajari mulai teka kawitan. Pokoke kabeh ngenani gandrung hang diajaraken iku ya Sun lakoni, kelebu ‘diperas’ lan ‘dipupuh’. Iku penting, mergane bengen iku kadhung ana tanggapan yara gandrunge njugede dhewekan, dadi ya kudu bener-bener bisa nggandrung lan ngarti mulai teka A sampek Z. Hing kaya saiki iki, angger tanggapan iku gandrunge bisa jak akehan, gandrunge bisa sampek telu utawa papat,” jare Kholifah.

Ngenani anggepan sebagian masarakat hang nganggep kadhung kesenian gandrung iku elek lan kelebu tontonan maksiyat, Gandrung hang lair taun 1965 iku mung mesem-mesem ambi rada mecucut.

Jare Kholifah, dadi gandrung iku mula sing gampang. Miturut iyane, ana rong perkara hang kudu diadhepi ambi gandrung. Hang kawitan, Gandung iku kudu bisa lan awas ngadhepi kahanan ning kalangane kesenian Gandrung, hang kadhang kala nyeja digawe ruwed ambi para pemaju hang wis padha mabuk ombenan. “Bengen Isun tau ngalami, ana hang nggawe ruwed sak ruwed-ruwede ring kalangan gandrung. gedigu iku kelakuwane pemaju hang wis mabuk seru. Malahan, kala iku sampek ana hang wis ngunus gelathi arep nyuduk kancane. Ndeleng kalangan hang wis ruwed kaya iku, Isun sakkal kepelayon, sengidan,” jare Kholifah ngumbar pengalamane.

Hang nomer loro, jare Kholifah, hang mesthi kudu diadhepi ambi gandrung iku yaiku omongane tangga lan masarakat umume, hang duwe anggepan kadhung dadi gandrung iku mesthi uripe sing bener.

Mulane iku, wong dadi Gandrung kudu bisa njaga awak lan kudu kuwat nahan ‘emosi’ kala ngelakoni penguripan sedinane. “Wis tah, pokoke uwong dadi gandrung iku sing gampang, merga akeh seru coba lan godhane. Pendheke, hang aran mata ambi kuping iki kudu kandel,” jare Kholifah kala ditemoni nong umahe ring Gambiran

Sakliyane nggandrung dhewek, minangka anake juragan Gandrung sedina-dinane Kholifah ya magih milu cawe-cawe nulungi Bapake ngajari para calon gandrung hang nyantrik nung umahe.

Ya teka ulihe nulungi Bapake iku, mulane sing sithik para gandrung hang aju muntup miloni langkahe dadi Gandrung terob. Para gandrung hang iyane tau milu ngajari yaiku Gandrung Miswah, Gandrung Holipah, Gandrung Kariatik, Gandrung Lastrik, lan uga Gandrung Yuyun.

Perkara godha hang kerep diadhepi para gandrung, hususe ngenani hubungane ambi uwong-uwong  lanang, Kholifah ngakoni kadhung gandrung iku pendheke bisa milih sapa bain ‘uwong-uwong terob’ hang dikarepaken. “Naming ya sing kabeh gandrung kaya gedigu,” abane.

Ning mangsa jaya-jayane bengen, Gandrung hang kesuwur taun 1980-an iku kawitan umah-umah taun 1986. Hang ngelamar lan aju dadi lakine iku arane Sodikin alias Cak Dikin, pegawe negeri hang uga seniman hang asale teka Srono.

Buru setaun nikah, jare Kholifah, iyane aju diboyong lakine iku nyang Irian Jaya merga ngembani tugas. Selawase sepuluh taun manggon nong Irian Jaya, ubede iyane minangka Gandrung terob ya mandheg jegreg. “Naming kala magih nong Irian iku Isun ya magih kober njuged. Tari hang Sun jugedaken yaiku Jaran Goyang. Hang ngundang Isun njuged iku ya uwong-uwong teka Banyuwangi hang manggon nang kana,” jare Kholifah, hang aju balik maning nyang Gambiran taun 1997, terus mangkat nggandrung maning sampek nggadug taun 2009. 

Eman-eman, hang dieman sing keneng dieman. Gedigu ujare cerita. Umah-umahe ambi Cak Dikin hang wis diuweni anak siji iku pungkasane ya bubar merga lakine iku kepincut ambi wong wadon liya teka Solo.

Sak marine pisahan ambi lakine hang kawitan iku, Kholifah wangune magih kepingin nyacak umah-umah maning. Iyane aju nerima kala diejak nikah ambi anggota TNI. Naming, ambi lakine hang nomer loro iku umah-umahe ya bubar nong tengah dalan merga sewang-sewangan. “Ambi lakinisun hang nomer loro iku, malah sing jelas pungkase. Isun ditinggal gelidhag gedigu bain tanpa ana putusan pegatan,” jare Kholifah, ambi ambekan dawa.

(Eko Budi Setianto: Buku Isun Gandrung)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor