Leroban, Belondho lan Belothong
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 18 Mei 2026 07:04 WIB)
- Opini
Kadhung wong Jawa Tengah duwe jangan "gudeg", wong Using uga duwe jangan hang diarani Leroban.
Isine hing padha. Gudeg nganggo tombol disanteni, dene Leroban isine macem-macem ramonan. Kokohe nganggo santen naming hang wis dijuwut lengane. Ramonane bisa teka keluwih, lompong, kacang lanjaran, ontong lan hang nggarai sedhepe dudu godhong manting (Jawa: godhong salam) naming godhong singkil.
Merga nganggo ampas hang diasilaken teka wong gawe kenga keletik, metune Leroban iki tepak akeh wong ngundhuh kelapa lan ngeletik. Wong saiki lengane nganggo lenga pabrik, hing maido Lerobane ya saya ilang.
Leroban iki kelebu jangan godhog (istilah Jawane belendrang) hang bisa diangeti bolak-balik. Merga hing saben dina bisa olah Leroban.
Tepak wong nggawe lenga kelentik, teka santen hang dijuwut lengane mesthi ana ampase hang disebut belondho, yaiku ampase keletikan magih setengah mateng, wernane putih, encer, keneng dienggo njangan. Kadhung belothong iku ampase ngeletik hang pungkasan. Rupane kaya terasi, rasane rada manis, keneng disambel.
Belondho lan belothong iki nana hang ngadol. Kadhung gelem ya njaluk nang wong hang nggawe kelentik.
Biyasahe kadhung ana wong ngeletik, tangga-tanggane wis pating sulung-sulungan
njaluk belondhone. Merga jumlahe sing kari akeh, biyasahe tangga hang sing ulih diwani Lerobane. Biyasahe, tanggane iji wis ngarti kelawan urun ramonan. Bisa iku mau, kacang lanjaran, keluwih, ontong, pakis. Kaya wong titip milu olah-olah. Wong titip olah iki anjrah nong wong Using utamane hang urip ring desa. Ana istilah "ngelawuh" yaiku titip beras nang tangga kanggo diadang bareng.
Merga kudu nganteni anane belondho iki Leroban saya suwi saya ilang. Aja maning ngomong arep dilestarekaken. Nyatane, digoleti saben dinane bain durung karuwan ana.
Iwake hang cocog dienggo musuhe Leroban iki bisa iwak segara hang magih seger utawa pindhang utawa iwak asin. Bisa pisan nacem-macem gimbal (jare wong Jawa
"peyek". Gimbal urang, gimbal teri, gimbal jagung.
Kudune, ring wayah donya kelenceran Banyuwangi hang saya moncer iki, Leroban bisa ana warung hang njumbulaken maning minangka menu Banyuwangi hang bisa diagul-agulaken. Lan lare Banyuwangi weruh salah siji panganan hang dadi dhemenane embah buyute bengen.
(Hansen)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.