Anggitane: Hani Z. Noor
(Minggu, 24 Mei 2026 07:32 WIB)
Lare Kesundhulan
Dianggit ring Heni Kurniawati
Melkudhuk mari-mari mumbul-mumbul cerecete emake Tegar mbelani tim futsal anake. Tumon pemain sing nggawa tembung disundhungaken musuhe taker kelumah. Hakim garise lendhu, sing gancang-kancang nyemprong selipri.
Emak: "Heh, matane dongong! Lah..., engko tah ya enggenteni!". Maning-maning Isun nak sangu selipri dhewek teka ngumah. Munggane anakisun kang digedigokaken, takere Sun sunati ring lapangan anake uwong iku. Mataunen main kasar. Barang main tangan ring rumah tangga bain dibuku KDRT', batine emake Tegar.
Kancane Tegar kang nggawa tembung dijegal taker kemelepak. PRITTT!!! Musuhe kang njegal keneng kartu kuning.
Emak: "Kapok sira, engkono sira, badhogen sira! Kartu merah, Sit, Wasit!". Emake Tegar celathu ambi nguwel Hakim Garis, persis kaya iyane ndhikte muride nang kelas.
Tegar: "Wis tah, Mak! Menenga, rame bain ngisin-ngisini! Benere iku dongakena makene menang."
Tegar nguwel emake ambi mbelkathuk-mbelkathuk. 'Isun diwarahi lare kudu meneng bain? Jeh, sing terima Isun, kudu bisa semaur!', usike atine emake Tegar sing gelem kalah saur. Wangune ana tukang kutug ngobong menyan, iki maca-macanane mabuk....
Emak: "Eee, kesuwen wis, donganisun nawi sing gelis nggadug. Kadhung kepingin donga menang, njaluka nyang ustad ring pondhokanira! Kang Sun bisani saiki berak-berak. Ustadira madak kirane bisa berak-berak kaya Isun. Wis, Isun aja dipadhak-padhakaken ambi ustad!"
Tegar: "Iiissh, mesthi kadhung semaur nggereget ati," Tegar geliguten aju ngundha ambekan. "Isun nak main wih. Awas rame maning, bangur muliha!". Tegar menging emake ambi melaku ngadoh, sing kathik nulih nyang emake.
Emak: "Tegar, semangat!". Dibolan-baleni celuk-celuk lan ngomong gedigu, Emake Tegar ambi njunjung tangane ngethem mendhuwur. Semasa weruh Tegar nulih sithik nyang iyane, Emake Tegar buru lega atine aju lungguh ring panggonan mucit endhuwur, paling mburi.
Emak: "Ya Alloh, sepuntene kang kathah nawi magih disepura dosankula, nawi magih Ndika rungokaken dongankula niki...." Bisike atine Emake Tegar. Tegar melebu lapangan mangkat main. Iyane sing rungu donga paran kang dirapalaken emake. Semono uga Emake Tegar, banyu mbembeng ngaling-ngalingi pendelenge. Tegar main taker sing katon wis, lambene sing leren-leren cemit-cemit. Gedigi gesahe atine Emake Tegar nyang Pengeran.
Emak: "Bengen Isun sing dhemen nyang lare iku. Merga anakisun kang penggarep lanang, buru umur pitung ulan pisan. Weruh-weruh Isun diparingi maning. Emakisun ya ngongkon mijetaken/nyiciraken. Kala iku kupingisun panas kaya diselamber geludhug. Masiya sing dhemen, Isun sing mentala mbuwang kondholan. Embuh apuwa. Semasa lair lare iku metu lanang, saya sing dhemen Isun. Awake gembrot, bobote 3,9 kg. Awake digimbol lemon, Isun suker. Mung Gigih, kakange kang buru umur 1,5 taun, magih durung keco ngomong nyeluk-nyeluk, "Adik, Adik, sayang, sayang" ambi ngambusi adhike. Wangune kakange welas seruuu nyang lare iki. Isun ngerumat lare iki elek-elekan, sing denes kaya ngerumat kakange. Popok lan penganggo kabeh sing ana kang ulih tuku, sing ana kang anyar, kabeh lungsurane kakange. Susu Sun gawe encer serange makene nutut sak ulan. Kelendi maning, honore guru sukwan taun 2011 mung 200ewu sak ulan. Bapake dadi cleaning service ring kapal bayarane mung 850ewu. Lare kesundhulan iki mancur sing leren-leren, sampek awake nggering-nggeringaken. Suwi bisane melaku lan sampek gedhi magih pelad. Kakange umur 11 ulan wis bisa melaku, TK wis bisa maca, ana rekenane njaluk belajar, takon kang durung dibisani.
Anakisun kang cilik iki beda seru ambi kakange. Pikirane mung memengan, belanja, liyane nana maning. Diajari maca nangisan, gembor-gembor kaya lare ditandangi. Dhasare Isun sing kari dhemen Sun geningaken bain. Jam setengah pitu isuk Sun tinggal ring TK. Turneya mangkate TK jam 8an. Kang kejungkel, kesereb, kepelanting ring papane memengan, jangkep wis.
Tau sampek keliwat lohor kakange sing mulih-mulih, temakaken bingung munyeng-munyeng nggoleti adhike. Nggadug umah adhike diuwel, maning-maning dijak uwong aja gelem, wedi nawi diculik. Kakange mula rada penter, tuwek pikirane. Isun ayem bain, lare kesundhulan iki wis kulina mulih paling pungkas polae sing bisa-an. Sunkira paling wis gawane bayi, ambi koncar-kancir endhase ketampes lan cicir teka pelanca. Tingkahe sing keneng dienengaken, dipenging gurune pelencatan ring meja, malah sengidan ring ngingsore meja. Gurune sing leren-leren bingung nggoleti. Isuk sing tau Sun gawekaken sarapan, sangu rongewu nggo tuku sega, madhang wis.
Apike lare iki, masiya diuwel, sing gelem muring, sing gelem dhendham. Dibudhuh-budhuh, sing tatu atine. Sing keliru Isun ngumani aran Tegar.
Magih enget wayahe melebu kelas 1 SD. Maune apik wis, semangat sekolahe, tangi isuk, potrek-potrekan sedurunge melalu sekolah. Taping suwi-suwi saben isuk mesthine drama lare iki. Temakaken inpo teka intel, ana walimurid kang sing aweh anake dilungguhaken ambi Tegar. Jare polae anakisun kuwat ngomong, temune anake sing bisa fokus nyang pelajaran. Sakat iku Isun welas seruuuu nyang Tegar. Paran bain kesenengane Sun turuti. Dhemen mancing, sepak bola, futsal, lan ngelumpukaken medhali maraton. Iki kek lare kesundhulan kang sing dikarepi emake temakaken bisa nggawe mongkog. Kelas 3 buru lancar maca, taping sing kurang-kurang kanca kang welas. Rangking iku sing penting. Gelem asah-asah, ngumbahaken seragame emake, lancar olah jangan, iku wis cukup jare Isun.
Tau Tegar magih kelas 2 SD, wayah sedurunge melebu sekolah ngoberaken tuku wiyongkong doyanane emake. Melayu mulih maning serange emake kang warang makene gelem mangan. Ditunggoni sampek emake mangan, ngombe, buru Tegar melaku sekolah maning.
Banyu mata gemerojog sing totas-totas.
PRITTT...! PRITTT...! PRITTT...!
Pertandhingan ngerebutaken juwara telu lan papat wis mari. Tegar ambi kanca-kancane kalah 1:0. Rupane Tegar lan kanca-kancane kaya godhong lumbu ditelakupaken.
Emak: "Tegar, Sira mung kalah ring sekor. Taping Sira dadi juwarane ring atine Emake. Buru sore Sira tetak-tetak, kebenjut-benjut ajar melaku. Entanggo cacad Sira iku. Saiki Sira metu gedigi apik seru wih, masiya paribasan sukur enggo bawangan. Byek, Sira melayu sing mupakat anter. Sira nggadug iki adoh seru wih." Emake Tegar mbombong atine anake.
Sing ana sekecap Emake Tegar nempuhi Pengeran, ngongkon Pengeran menangaken anake. Nerima paran jare Pengeran, gedigi iki wis sukur kang gedhi. Wuapik wih Pengeran aweh adum rejeki. Terima kang gedhi kanggo kanca-kancane Tegar, Pak KS, Guru lan pelatihe kang welas lan omes momong lan mbombong Tegar. Mandar muga lakune Tegar lan kanca-kancane gangsar seteruse, selamet donya-aherate. Aamiin....
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.